Ajo ngguda, tapi sepuranen
17
Maringono Yesus guneman nang murid-muride, “Mestine bakale ana akeh guda sing njalaren wong gawe dusa. Tapikne blai'a wong sing njalaren wong liya gawe dusa. 2 Ajo sampek ana wong sing njalaren salah sijine muride Reang sing orak kuwat imane, sampek gawe dusa. Nek nglakoni ngono, luwih apik wong iku dikalungi lumpang watu, terus dicemplungen ning njero segara. 3 Merga iku, sira kudu sing ati-ati.
“Nek'e ana murid sing gawe salah nang sira, tuturana cek'ne weruh salahe. Nek murid iku njaluk sepura nang sira, sepuranen wong iku. 4 Nek wong iku gawe salah nang sira sedina ping pitu, terus njaluk sepura saben nggawe salah, sira kudu nyepura wong iku.”
Yakin karo manut nang Yesus
5 Maringono utusan-utusan iku pada guneman nang Gusti Yesus, “Tulungen kene kepe bisa luwih percaya nang kuwasane Rika.”
6 Gusti Yesus njawab, “Nek keyakinane sira nang kuwasane Reang mek sak'gedene wijine sawi, sira bisa ngongkon wit sing gede iki, ‘Ngaliha nang segara terus mancepa ning kono.’ Mesti wit iku bakale manut nang sira. 7 Nanak jeragan sing ngongkon koline, ‘Hage, ndang mangana!,’ masia koline gek payah merga entas moleh teka gaga, utawa teka angon domba. 8 Tapikne jeragane bakale ngongkon, ‘Salina dikek, tatakna mangan, terus ladenana reang sampek mari mangan. Sak'marine iku sira oleh mangan.’ 9 Apa maneh, jeragan iku orak kira nedanerima nang koline, merga kabeh iku wis dadi kewajibane koli iku. 10 Ya ngono pisan, ajo gendak nek'e sira wis nglakoni sing wis dikongkonen. Tapikne sira kudu guneman, ‘Reang iki mek koli wae. Reang mek nglakoni paran sing dadi kewajibane reang.’ ”
Yesus marasen wong sepuluh sing lara kusta
11 Pas nerusen lakune nang kota Yerusalem, Yesus ngliwati watese daerah Samaria karo Galilea. 12 Pas mlebu nang salah sijine desa ana wong sepuluh sing lara kusta nekani Yesus. Wong sepuluh iku ngadek teka adoh merga dianggep najis. 13 Wong-wong iku pepelung, “Yesus, Gusti, mesakna kene kabeh!”
14 Pas mandeng wong-wong iku, Yesus guneman, “Ya wis, budala ambek dudohna awak'e sira nang pengarep-pengarepe sembahyang kepe orak dianggep najis maneh.” Pas budal, wong-wong sing lara kusta iku dadi waras.
15 Tapi, pas salah sijine wong iku weruh nek diwarasen, wong iku mbalik nang Yesus ambek memuji Pengeran nggawe suwara sing banter. 16 Maringono wong iku sujud ning ngarepe Yesus ambek ngucapen nedanerimane merga wis diwarasen. Wong iku duduk teka suku Ibrani tapikne teka suku Samaria. 17 Terus Yesus takon nang wong iku, “Maune rak ana wong sepuluh sing diwarasen? Sing sanga nang endi? 18 Ngapa kok mek wong Samaria iki sing nedanerima, terus muji Pengeran? Wong Ibrani sing wis waras kok orak mrene?” 19 Maringono Yesus guneman maneh nang wong Samaria iku, “Tangia terus budala. Sira slamet merga percaya nang Reang.”
Kapan Rajane Menungsa bakale teka maneh?
20 Maringono ana wong-wong teka golongane Farisi sing takon nang Yesus, “Kapan Kerajaan sing dijanjek'en Pengeran kate teka nang ndunya?”
Yesus njawab, “Tekane Kerajaane Pengeran iku orak ngliwati tetenger sing katok mata. 21 Dadi nanak wong sing bisa guneman, ‘Delengen! Kerajaane Pengeran ana ning kene!,’ utawa ‘Ana ning kono!’, merga enggone Kerajaane Pengeran ana ning atine wong.”
22 Marine iku Yesus guneman nang murid-muride ngene, “Bakale teka dinane sing nggawe sara, sampek sira kangen ndeleng Rajane Menungsa iki maneh. Tapi, sira bakale orak ndeleng Reang sampek wayah sing ditentok'en. 23 Terus wong-wong liya bakal guneman nang sira, ‘Delengen ning kono, Rajane Menungsa wis teka.’ Utawa, ‘Delengen ning kene! Ikilo Rajane Menungsa.’ Tapikne sira ajo budal nggolek'i mrana-mrene merga tekane Reang maneh pas kiamat, bakal katok kabeh wong. 24 Merga entah murupe kilat sing slamberan sampek ngebek'i langit, ya ngono pisan dina tekane Rajane Menungsa. 25 Tapikne sak'durunge teka maneh, Reang bakale disiksa nemen nang wong-wong jaman iki sing nolak Reang.
26 “Dina tekane Rajane Menungsa iku memper jamane Nabi Nuh biyen. 27 Pas iku wong-wong mek mangan-manganan, ngombe-ngombenan, rabi ya dirabek'en kaya biasae sampek banjir gede teka. Pas iku Nuh sak'keluargane mlebu nang njero prau gede iku. Maringono, mara-mara banjir gede iku teka sampek wong-wong kabeh sing orak mlebu prau iku pada mati.
28 “Kedadean iku ya memper jamane Pak Lot.a Pas iku wong-wong mek mangan karo ngombe, tuku karo dodol, nandur karo mbangun kaya biasae. 29 Tapikne, sak'marine Lot sak'keluargane metu teka kota Sodom iku, ana udan geni karo udan welirang teka swarga sing mateni kabeh wong ning kota iku.
30 “Ya ngono pisan kedadean ning ndunya pas tekane Reang, Rajane Menungsa. 31 Sapa wae sing pas iku gek ana ning njabane umah, ajo mbalik njupuk barange sing ana ning njero umah. Ya ngono pisan sapa wae sing gek ana ning gaga ajo moleh nang umahe. 32 Ilinga bojone Lot biyen iku!b 33 Sapa wae sing ngeboten uripe bakale kilangan uripe. Tapikne sapa wae sing kilangan uripe ning ndunya merga melu Reang, wong iku bakale duweni urip sing langgeng.
34 “Rungokna! Bengine pas Reang teka maneh, bakal ana wong loro sing turu ning lincak. Pas iku sing siji bakale digawa, tapikne sing sijine ditinggal. 35 Bakal ana wong wedok loro sing pas iku gek mbebek gandum. Sing siji bakale digawa terus sijine ditinggal. [ 36 Bakal ana wong loro sing pas iku nyambut gawe ning gaga. Sing siji bakale digawa terus sijine ditinggal.”]c
37 Maringono murid-muride takon nang Yesus, “Guru, kedadean iku bakale ana ning endi?”
Yesus nyauri, “Memper manuk-manuk gagak nglumpuk ning enggone batang, kabeh wong bakale weruh kedadean iku.”