Paribasane bendahara sing pinter
16
Maringono Yesus mulang nang murid-muride gawe cerita ngene, “Ana wong sugih sing duwe bendahara. Terus ana sing wadul nek'e bendahara iku mau ngambur-ngamburen picise wong sugih iku. 2 Maringono wong sugih iku nyeluk bendaharane terus takon, ‘Bener tah, sira wis ngambur-ngamburen picise reang? Balekna catetane wong sing duwe utang nang reang, sing maune sira urusi. Merga sira bakale tak lereni.’3 “Bendahara iku mikir ning njero atine, ‘Sak'iki reang bakal dilereni. Paran sing kudu tak lakoni? Nek'e macul reang orak kuwat, nek'e ngemis reang isin. 4 Sak'iki reang duwe akal. Merga bakal dilereni, reang kudu nggolek kanca sing gelem nerima reang ning umahe.’
5 “Dadi bendaharane iku nyeluk kabeh wong sing duwe utang nang jeragane. Terus, bendahara iku guneman nang salah sijine wong sing diutang iku, ‘Pira utange sira nang jeragane reang?’
6 “Wong sing duwe utang njawab, ‘Kabehe telung ewu limang atus (3.500) liter lenga saitun.’a
“Terus bendahara iku guneman, ‘Ikilo surat utange sira. Gawe'en sing anyar, tulisen utange sira separoh wae, yaiku sewu pitung atus seket (1.750) liter.’
7 “Maringono nang wong sijine maneh bendahara iku guneman, ‘Pira utange sira?’
“Wong iku njawab, ‘Kabehe rong puluh (20) ton gandum.’
“Terus bendahara iku guneman maneh, ‘Iki surat utange sira. Gawe'en sing anyar, tulisen nemlas ton gandum wae.’
8 “Ahire wong sugih iku weruh terus guneman, ‘Pinter temenan, bendahara sing orak jujur iku!’ ”
Terus Yesus guneman, “Dadi wong-wong sing kedunyan luwih pinter timbang wong-wong sing uripe bener.”
9 Maringono Yesus guneman maneh, “Rungokna! Gawe'en dunyane sira kanggo nggolek kanca. Sita dunyane sira wis entek, sira bakal diterima ning umah-umah sing langgeng. 10 Sapa sing kenek dipercaya nang tanggung jawab sing cilik, ya bakale dipercaya pisan nang tanggung jawab sing gede. Tapikne sapa sing orak kenek dipercaya nang tanggung jawab sing cilik, bakale orak dipercaya pisan nang tanggung jawab sing gede. 11 Nek'e sira orak kenek dipercaya ngatur dunya branane ndunya iki, sapa sing bakale percaya nang sira ngatur dunya sing langgeng? 12 Terus nek'e sira orak kenek dipercaya ngatur dunya branane wong liya, sapa sing bakale genehen nang sira paran sing dadi duwek'e sira?
13 “Nanak sesijia koli sing bisa nyambut gawe nang rong jeragan. Merga koli iku bakale nyengit nang jeragan sing siji terus seneng nang jeragan sing sijine, utawa, bakale nurut nang siji tapikne orak nggatek'en sing sijine. Sira orak bisa ngladeni nang Pengeran karo pisan ngladeni nang dunya brana.”
Aturane Rajane Menungsa
14 Wong-wong teka golongane Farisi ngrungok'en gunemane Yesus iku mau. Tapi merga seneng nang picis, wong-wong iku pada ngenyek Yesus. 15 Mangkane Yesus guneman ngene, “Ning ngarepe menungsa, sira iki katok'e bener, tapikne Pengeran weruh atine sira. Merga paran sing dianggep apik nang menungsa, iku dianggep elek nang Pengeran.
16 “Molai biyen wong Ibrani manut nang hukum agama karo kitabe nabi-nabi sampek tekane Nabi Yohanes sing mbaptis wong. Tapi sak'iki, Kabar Apik wis dikabaren nek Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en iku kate dinyatak'en. Merga iku kabeh wong rebutan cekne mlebu nang kerajaan iku. 17 Tapikne, luwih gampang musnahen jagad iki, ketimbang ngilangen siji aksara sing paling cilik teka hukum agama Ibrani.
18 “Sapa sing pegatan terus rabi maneh karo wong wedok liya, wong iku pada wae nggawe jinah. Terus sapa wae sing rabi karo wong wedok sing pegatan ya gawe jinah pisan.”
Wong sugih karo Pak Lasarus
19 Yesus guneman gawe paribasan, “Ana wong sugih sing klambinan apik temenan. Wong sugih iku saben dina nyenengen awak'e karo pangane sing enak temenan. 20-21 Ana maneh wong mlarat sing jenenge Pak Lasarus. Pak Lasarus iku saben dina mek nggletak ning ngarepe pager umahe wong sugih iku. Merga keluwen, mek ngenteni kekarene pangan sing dibuang wong sugih mau. Apa maneh, awak'e wis borok'en kabeh, terus kerek-kerek gelek teka ndilati borok'e.
22 “Maringono Lasarus mati. Jiwane dijupuk nang malaekat-malaekat terus digawa nang swarga. Ning kono lungguh ning parek'e Mbah Abraham.
23 “Orak kosi suwe, wong sugih mau mati pisan, dikubur, terus mlebu nang neraka. Ning neraka, wong sugih mau kesiksa temenan. Pas mandeng nang nduwuran, wong sugih iku nguwasen Lasarus lungguh ning parek'e Mbah Abraham.
24 “Maringono wong sugih iku guneman, ‘Mbah Abraham, mesakna reang iki! Reang klaran temenan ning geni iki. Kongkonen Lasarus iku ngeclupen jerijine nang banyu terus kongkonen ndeleh ning ilate reang.’
25 “Tapikne Mbah Abraham guneman, ‘Le, ilinga. Pas ana ning ndunya, sira wis oleh peparan sing apik, tapi Lasarus oleh sing elek. Dadi sak'iki Lasarus seneng, tapikne sira oleh klaran temenan. 26 Apa maneh, antarane kene karo sira ana jurang sing orak bisa diliwati. Dadi sapa wae sing teka kana kepingin mrene orak bisa nyebrang, sing rene kate mrana orak bisa nyebrang.’
27 “Wong sugih iku mau njawab, ‘Nek ngono, reang njaluk nang rika, kongkonen Lasarus iku tangi teka pati terus mbalik nang umahe bapakne reang. 28 Ning kono reang gek ana dulur lanang sak'weteng kabehe lima. Kongkonen Lasarus nuturi dulur-dulure reang cekne mbesok orak mlebu nang enggon siksaan iki.’
29 “Tapikne Mbah Abraham nyauri, ‘Dulur-dulure sira wis duwe Hukume Nabi Musa karo kitabe nabi-nabi liyane. Kepe wae dulure sira manut nang kitab-kitab iku.’
30 “Wong sugih iku guneman maneh, ‘Mbah Abraham, nurut reang, kitab-kitab iku orak cukup. Tapi nek'e dituturi nang wong mati sing urip maneh, dulure reang bakale tobat teka dusa-dusane.’
31 “Tapikne Mbah Abraham njawab, ‘Nek dulur-dulure sira orak nggatek'en Hukume Nabi Musa karo nabi-nabi liyane, ya mestine orak bakale percaya masia ana wong mati sing tangi teka pati.’ ”