Paribasane wong angon sing bungah
15
Ning salah sijine dina, wong-wong tukang narik pajek karo wong-wong dusa liyane teka nang Yesus kepingin ngrungok'en wulangane. 2 Terus wong Farisi karo ahli agama Ibrani sing pada ngrasani Yesus ngene, “Ngapa kok Yesus iku gelem nerima terus mangan bareng wong-wong dusa?”3 Merga dirasani ngono, Yesus guneman nang wong-wong iku gawe paribasan ngene, 4 “Nek'e sira duwe domba kabehe satus (100) terus salah sijine ilang, paran sing bakale sira lakoni? Mestine sira bakale ninggalen domba sing sangang puluh sanga (99) ning sesuketan, terus nggolek'i sing siji iku sampek ketemu. 5 Nek'e wis ketemu, sira bakale seneng terus nyongklok domba iku nang pundak'e sira. 6 Terus nek'e wis teka nang umah, sira bakale ngejak kanca-kancane karo tangga-tanggane ambek guneman, ‘Ayo seneng-seneng bareng reang, merga dombane reang sing ilang wis ketemu.’ 7 Rungokna! Ya ngono pisan ning swarga. Pengeran luwih bungah nek ana wong dusa siji sing tobat timbangane ana sangang puluh sanga (99) wong ‘bener’ sing orak mbutuhen tobat.”
Paribasane wong wedok sing bungah
8 Yesus nerusen gunemane, “Nek ana wong wedok sing duwe picis emas kabehe sepuluh,a maringono picis sing sijine ilang, paran sing bakale dilakoni? Wong wedok iku bakale nyumet damar, nyapu umahe, terus nggolek'i ning endi-endi sampek ketemu picise. 9 Nek'e wis ketemu, wong wedok iku bakale ngejak kanca-kancane karo tangga-tanggane terus guneman, ‘Ayo seneng-seneng bareng esun, merga picise esun sing ilang wis ketemu.’ 10 Rungokna! Ya ngono pisan malaekat-malaekate Pengeran ning swarga bakale bungah nek ana siji wong dusa sing tobat teka dusa-dusane.”
Paribasane bapak sing bungah
11 Maringono Yesus guneman maneh, “Ana wong sing duwe anak lanang kabehe loro. 12 Sing wragil guneman, ‘Pak, genehana warisan sing dadi bageane reang.’ Terus warisane didumen nang anak'e loro iku.
13 “Pepirang dina marine, lare sing wragil iku ngedol kabeh warisane terus budal nang negara liya sing adoh. Ning negara iku mek nggolek seneng-seneng sampek picise dientek'en. 14 Sak'marine picise dientek'en, ning negara iku ana laib gede sampek lare iku orak duwe peparan. 15 Maringono lare iku nyambut gawe nang salah sijine wong ning negara iku. Lare iku dikongkon ngombeni babi-babine ning gagane. 16 Ning kono lare iku keluwen sampek kepingin mangan pangane babi-babi iku. Masia ngono, nanak sesijia wong sing nggenehi peparan.

Lare iku ngombeni babi-babi (15:16)
20 “Dadi lare iku mbalik moleh nang bapakne. Pas gek radak adoh teka umahe, wis dideleng bapakne. Mari dideleng, bapakne rumangsa mesak'en temenan, terus mlayu, meluk ambek ngambung lare iku. 21 Lare iku guneman, ‘Pak reang wis gawe dusa nang Pengeran ambek nang rika. Reang wis orak pantes dadi anak'e rika maneh.’
22 “Tapi bapakne ngongkon nang koli-koline, ‘Gage gawanen mrene sandangan sing paling apik terus gewehna nang anak'e reang iki. Pasangen ali-ali ning jerijine karo sepatu ning sikile. 23 Jupuk'en pedet sing paling lemu, terus dibeleh. Ayo pada bungah ambek syukuran, 24 merga anak'e reang wis mati tapikne urip maneh. Anak'e reang wis ilang tapikne ditemok'en maneh.’ Maringono kabeh pada molai nggawe syukuran.
25 “Sak'wene iku lare sing mbarep mau gek ana ning gaga. Pas lare iku moleh terus wis parek karo umahe, krungu suwarane musik ambek tari-tarian. 26 Terus salah sijine koli ditakoni, ‘Ana paran iki?’
27 “ ‘Iki ana syukuran! Bapakne rika ngongkon mbeleh pedet sing paling lemu merga adekne rika wis mbalik moleh, terus slamet.’ 28 Lare sing mbarep iku bongol sampek orak gelem mlebu nang njero umahe. Mangkane bapakne metu terus ngejak mlebu nang umah.
29 “Tapi lare iku nolak ngene, ‘Pak, reang wis taunan mantep nyambut gawe kanggo rika. Reang orak tau nglanggar kongkonane rika. Masia ngono sampek cempe wae orak tau rika gewehen, cekne bisa syukuran karo kanca-kancane reang. 30 La, anak'e rika iku wis ngentek'en warisane karo senok-senok. Tapikne pas mbalik, ngapa kok bapak mbelehen pedet sing lemu?’