Yesus marasen wong maneh pas dina Sabat
14
Ning salah sijine dina Sabat, Yesus diundang mangan ning umahe wong Farisi. Wong iku salah sijine pemimpin golongan iku. Sita mangan, Yesus diwasen nang wong-wong teka golongane Farisi.2 Maringono memara teka wong sing lara abuh sikile karo tangane, terus ngadek ning ngarepe Yesus. 3 Yesus takon nang ahli agama Ibrani ambek wong Farisi ngene, “Nurut Kitab Suci, oleh tah marasen wong pas dina Sabat?” 4 Tapikne wong-wong iku meneng wae. Maringono wong sing lara iku dicandak tangane, diwarasen, terus dikongkon budal.
5 Sak'wise iku, Yesus guneman nang wong-wong sing ana ning kono, “Sapa sih, ning antarane sira, sing orak ndang nulungi anak'e utawa sapine sing kecemplung blumbang, masia pas dina Sabat?” 6 Tapikne nanak sing bisa njawab takonane Yesus iku.
Wong sing gemede karo wong sing orak gendak
7 Yesus ndeleng ana wong-wong sing milih lungguh ning enggon paling apik. Merga iku Yesus mulang paribasan iki, 8 “Nek'e diundang nang hajatan, sira ajo lungguh ning enggon sing paling ngarep, merga beleh sing duwe gawe wis ngundang wong sing luwih diajeni teka sira. 9 Nek'e dayoh sing luwih diajeni iku teka, sing duwe gawe bakale guneman nang sira, ‘Genehna enggon iki nang dayoh iku.’ Maringono sira bakale budal kisinan, terus lungguh ning enggon sing paling mburi. 10 Tapikne, nek'e sira diundang nang hajatan, lungguha nang enggon sing paling mburi, beleh sing duwe gawe guneman ngene, ‘Monggo lungguha ning ngarepan.’ Nek nglakoni ngono, sira bakale diajeni nang dayoh-dayoh liyane. 11 Merga sapa wae sing gendak, bakale diasoren Pengeran. Tapikne sapa wae sing orak gendak bakale kejunjung nang Pengeran.”
Sapa sing kudu diundang?
12 Maringono Yesus guneman nang wong sing ngundang mangan, “Nek sira ngejak wong mangan ning umah, ajo ngejak kanca-kanca, dulur-dulur karo tangga-tanggane sira sing sugih. Merga sira mesti ngarepen dijak gentenan mangan pisan ning umahe. Nek ngono, sira mek oleh ganjaran teka menungsa tapi orak oleh ganjaran teka Pengeran. 13 Tapi, sing kudu dijak mangan, yaiku wong-wong sing orak duwe peparan, sing ciri awak'e, sing lumpuh, karo wong sing picek. 14 Nek ngono sira bakale diberkahi merga wong-wong iku orak bisa mbales. Apa maneh, mbesok sira bakale oleh ganjaran apik pas wong-wong sing bener diuripen maneh sak'wise dina kiamat.”
Paribasane slametan gede
15 Pas krungu gunemane Yesus, salah sijine wong Farisi guneman ngene, “Seneng temenan wong sing bakal melu mangan ning slametane Kerajaane Pengeran.”
16 Merga iku, Yesus guneman gawe paribasan, “Tekane Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en iku memper wong sing kate nganak'en slametan gede terus ngundang wong akeh. 17 Sak'marine nyepak'en mangan, sing duwe kajat ngongkon abdine mbaleni nang wong-wong sing wis kondangan iku, ‘Dina iki rika dikongkon teka nang slametane jeragane reang.’ 18 Tapikne kabeh wong iku pada orak gelem teka, terus gawe alasan dewe-dewe. Sing siji guneman, ‘Duh sepurane, reang sak'iki gek kate ndeleng gaga sing entas tak tuku.’ 19 Sing liyane guneman, ‘Duh sepurane, reang gek entas tuku sapi kabehe sepuluh. Sak'iki reang gek kate mbajak sawah nggawe sapi-sapi iku.’ 20 Ana maneh sing guneman, ‘Duh orak bisa, polae reang gek entas rabi.’
21 “Dadi abdi iku mau mbalik terus tuturan. Pas krungu gunemane abdi iku, sing duwe kajat memoring terus guneman nang abdine, ‘Ayo ndang budala nang sak'kabehe dalan karo plosok-plosok'e desa. Terus jak'en mrene wong-wong sing mlarat, sing ciri awak'e, sing picek, karo wong sing lumpuh.’ 22 Sak'marine nglakoni iku, abdine mau guneman, ‘Pak kongkonane rika wis tak lakoni tapikne gek ana enggon lungguhan sing kotong.’
23 “Maringono sing duwe kajat guneman nang abdine, ‘Budala maneh nang sak'kabehe dalan karo gang, terus peksak'en mrene wong-wong sing sira temoni cekne ngebek'i enggon iki. 24 Rungokna! Ning antarane wong-wong sing wis tak undang tapi orak gelem teka iku, nanak sesijia sing bakal mangan ning slametane reang iki.’ ”
Pikiren dikek sak'durunge melu Yesus
25 Ning salah sijine dina akeh wong pada mlaku ngetuten Yesus. Pas iku Yesus noleh terus guneman nang wong-wong iku, 26 “Sapa wae sing kepingin dadi muride Reang, kudu luwih ngeboten Reang ketimbang bapakne, makne, bojone, anak'e, dulur-dulure, ya uripe dewe. 27 Sapa sing kepingin dadi muride Reang kudu melu Reang. Wong iku kudu siap mati entah wong sing mikul salibe.”a
28 “Nek kate mbangun pondok sing duwur ning gagane,b mestine sira kudu gawe itung-itungan biaya dikek, cek'ne weruh picise sira cukup apa orak. 29 Nek'e picise sira orak cukup, sira bakale dinyek tanggane merga mek nggawe pondasine tok. 30 Tanggane sira bakale guneman, ‘Njare! Wong iku wis kawit mbangun tapi medak.’
31 “Utawa nek'e ana raja sing duwe sepuluh ewu (10.000) prajurit terus kate perang karo raja sing duwe rong puluh ewu (20.000) prajurit, mestine raja iku kudu mikir-mikir dikek apa ya bisa ngalahen musuhe iku. 32 Nek raja iku weruh prajurit-prajurite kurang kuwat, mestine ngongkon utusane njaluk damang pas musuhe gek adoh. 33 Ya ngono pisan, pikir-pikiren dikek, merga sapa wae ning antarane sira sing kepingin dadi muride Reang kudu ninggalen kabeh keduwenane.