Nasibe wong sing orak gelem tobat
13
Pas wayah iku Yesus oleh kabar ngenek'i wong-wong Galilea sing dipateni, pas gek gawe korban sembahan. Masia ana ning panggonan suci, wong-wong iku dipateni nang kongkonane Gubernur Pilatus. 2 Terus Yesus takon, “Apa matine wong sing orak kaprah mau mbuktek'en nek dusane wong-wong iku luwih akeh timbang dusane wong Galilea liyane? 3 Orak! Rungokna! Nek'e sira orak tobat teka dusa, sira bakale dimusnahen pisan. 4 Njare nasibe wong wolulas sing mati kebyuk'an tembok menara, parek'e kolam Siloam? Merga matine orak kaprah, apa iku mbuktek'en nek dusane wong-wong iku luwih akeh timbang dusane wong Yerusalem liyane? 5 Orak! Rungokna! Nek'e sira orak tobat teka dusa, sira bakale dimusnahen pisan.”Paribasane wit sing nanak wohe
6 Marine iku Yesus nyeritak'en paribasan, “Ana jeragan sing duwe kebonan anggur. Ning kebonan iku ana wit ara.a Ning salah sijine dina jeragan iku nggolek woh ning wit ara iku, tapikne orak nemok'en sesijia. 7 Terus jeragan iku guneman nang koline, ‘Delengen! Reang wis telung taun nggolek'i wohe tapikne orak tau nemok'en. Tegoren wae wit sing nanak gunane iki!’
8 “Koline iku mau njawab, ‘Pak, jarna wae wit iki setaun engkas urip ning kene. Tak watune ning pinggir-pinggire terus tak gewehi rabhuk. 9 Sapa weruh, beleh taun ngarep wit iki metu wohe. Tapikne nek orak, engko tak tegore.’ ”
Yesus marasen wong pas dina Sabat
10 Ning salah sijine dina Sabat,b Yesus mulang ning balai agama. 11 Ning kono ana wong wedok sing wis wolulas taun lara bungkuk, merga ana roh jahat sing ngganggu sampek awak'e orak bisa ngadek jejek. 12 Pas ndeleng wong wedok iku, Yesus nyeluk ambek guneman, “Mak, larane rika wis Tak warasen.” 13 Terus Yesus nyandak pundak'e wong wedok iku. Mara-mara wong wedok iku mau bisa ngadek jejek, terus muji nang Pengeran.
14 Tapikne pemimpine balai agama bongol, merga Yesus wis marasen wong pas dina Sabat. Pemimpin iku guneman nang wong-wong, “Ana enem dina kanggo nyambut gawe. Nek kepingin diwarasen, sira kudu teka nang salah sijine dina iku. Tapikne ajo pas dina Sabat iki.”
15 Terus Gusti Yesus guneman, “He, wong sing kelakuane orak pada karo wuruk'ane, rungokna!c Pas dina Sabat, kabeh wong mesti ngeculen sapine utawa jarane teka gedokane terus diombeni. 16 Ngapa kok wong wedok sing wis wolulas taun dikuwasani roh jahat iki orak oleh dibebasen masia pas dina Sabat? Apa maneh wong wedok iki, sing gek anak putune Mbah Abraham.” d
17 Pas Yesus guneman ngono, kabeh wong sing orak seneng nang Yesus pada kisinan. Tapikne wong-wong liyane pada seneng temenan ndeleng mujijat sing dilakoni Yesus.
Carane Rajane Menungsa mrentah ndunya
18 Yesus takon nang wong-wong iku, “Kerajaane Pengeran iku Tak ibaraten karo paran? 19 Kerajaane Pengeran iku Tak ibaraten karo wiji cilik sing disawuren ning gaga. Wiji cilik iku cukul terus dadi wit sing manuk-manuk bisa nggawe susuh ning pange.”
20 Terus Yesus guneman maneh, “Kerajaane Pengeran iku Tak ibaraten karo paran? 21 Kerajaane Pengeran iku Tak ibaraten karo ragi sing diudek ambek rong puluh (20) kilo gandum sampek mekar sak'kabehe.”
Lawang sing cilik
22 Marine ngono Yesus nerusen lakune nang kota Yerusalem ambek mulang ning kota-kota karo desa-desa sing diliwati. 23 Terus ana wong sing takon nang Yesus, “Guru, apa mek titik wae wong sing bakal dislameten teka ukuman ning neraka?”
24 Yesus njawab, “Kerajaane Pengeran iku memper umah sing lawange cilik. Usahakna mlebu nang lawang sing cilik iku! Rungokna! Akeh wong bakal usaha cekne mlebu tapikne orak bisa. 25 Nek sing duwe umah wis nutup lawange, ajo sampek sira ana ning njabane. Nek sira ana ning njaba, sira bakal ndrodok lawang ambek ceceluk, ‘Nuwun sewu, tulung bukakna lawang.’
“Tapi Sing Duwe Umah bakale semaur, ‘Sapa sira iku? Reang orak kenal!’
26 “Terus sira bakal guneman, ‘Rika gelek dolan ning umahe reang. Rika ya tau mulang ning desane reang.’
27 “Tapikne Sing Duwe Umah iku bakale semaur, ‘Reang orak kenal sira. Budala sira, wong sing nglakoni jahat!’
28 “Sira kabeh bakale nangis ambek kemretek untune pas ndeleng tekane Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en iku. Sira bakal ndeleng mbah buyute sira, yaiku Abraham, Isak, Yakub, karo sak'kabeh nabi biyen. Masia wong-wong iku pada bungah, tapi sira kabeh bakale ditundung. 29 Akeh wong sing duduk bangsa Ibrani teka bagean wetan, kulon, lor, kidul bakale marek'i. Terus wong-wong iku bakale mlebu karo mangan ning Kerajaane Pengeran iku. 30 Rungokna! Wong Ibrani sing sak'jane mlebu dikek bakale dadi sing kari. Terus sing teka kari, yaiku wong sing duduk bangsa Ibrani, bakale dadi dikek.”
Yesus nerusen mlakune nang kota Yerusalem
31 Pas iku ana wong-wong teka golongane Farisi sing marani Yesus, terus guneman, “Rika kudu ninggalen enggon iki, merga Raja Herodes Antipas kate mateni Rika.”
32 Yesus guneman, “Balik'a nang Herodes, terus tuturen nang wong sing orak genahe iku, ‘Dina iki karo sesok Reang gek nundung roh jahat karo marasen wong. Terus dina ping telune Reang kate marek'en penggaweane.’ 33 Masia ngono, dina iki, sesok karo emben Reang gek kate nerusen mlaku nang kota Yerusalem, merga molai biyen nabi-nabi mesti dipateni ning kota Yerusalem.”
34 Yesus terus guneman maneh, “He wong-wong Yerusalem, sing mateni nabi-nabi biyen terus sing ngantem utusan-utusane Pengeran karo watu. Reang bulak-balek kepingin nglumpuk'en sira kabeh entah petek babon sing nglumpuk'en karo ngangkremi anak-anak'e. Tapi ngapa kok sira orak gelem diklumpuk'en? 35 Rungokna! Sira kabeh bakal ditinggal dewean merga orak gelem diklumpuk'en. Sak'temene, sira orak bakal ndeleng Reang maneh sampek wayahe sira kabeh pada guneman, ‘Raja sing teka makili Gusti Pengeran pancen diberkahi!’ ” †