Wuruk'an kanggo murid-muride Yesus
12
Sak'wene iku ewonan wong wis nglumpuk sampek pada desel-deselan. Terus Yesus guneman nang murid-muride, “Sira kudu ati-ati nang wulangane wong-wong teka golongane Farisi sing kelakuane orak pada karo wuruk'ane. Merga cara sing ngono iku bisa ndayani atine wong akeh, memper ragi sing ngrubah adonane roti. 2 Paran wae sing ditutup wong sing orak kenek digugu bakale kebukak. Terus paran wae sing disingeten bakale diweruhi wong. 3 Merga iku, paran wae sing sira gunem ning enggon sing peteng, bakale dirungok'en nang enggon sing padang. Terus paran sing dibisik'en nang kupinge wong ning njerone kamar, bakale dikabaren teka duwure larape umah.4 “Kanca-kanca, rungokna gunemane Reang. Ajo wedi nang wong-wong sing mek bisa mateni ragane sira, tapikne orak bisa mateni jiwane sira. 5 Reang bakale ndudohen nang sira sapa sing kudu sira wedeni. Wedia nang Pengeran! Merga sak'marine mateni raga, Pengeran duwe kuwasa kanggo nglebok'en jiwane wong ning neraka. Rungokna! Mek Pengeran wae sing kudu sira wedeni.
6 “Manuk pipit sing kabehe lima didol murah ning pasar. Masia ngono nanak sesijia teka manuk iku sing orak digatek'en Pengeran. 7 Tapi, sira luwih diajeni Pengeran timbangane manuk pipit sing akeh. Menungsa iku luwih digateni nang Pengeran, sampek-sampek rambut ning ndase sira wis keitung kehe. Merga iku, ajo kuwatir nang uripe sira.
8 “Kabeh wong sing ngakoni Reang ning ngarepe menungsa, Reang, Rajane Menungsa, ya pisan bakal ngakoni wong iku ning ngarepe malaekat-malaekate Pengeran. 9 Tapikne wong sing orak ngaku ning ngarepe wong nek percaya nang Reang, ya ngono pisan Reang orak bakal ngakoni wong iku ning ngarepe malaekat-malaekate Pengeran. 10 Sapa wae sing gunemane nentang wulangane Rajane Menungsa, wong iku bakale disepura. Tapikne sapa wae sing nentang Rohe Pengeran, wong iku orak bisa disepura.
11 “Sira bakal diadili ning balai agama, ya digawa nang penguwasa-penguwasa merga melu Reang. Tapi ajo kuwatir njare carane mbelani awak'e sira dewe utawa paran sing kudu sira sampek'en ning kono. 12 Pas sira diadili, Rohe Pengeran bakale ndudohen ning atine sira paran sing kudu sira sampek'en, pas wayahe.”
Paribasane wong sugih sing goblok
13 Ning antarane wong akeh iku, ana sing guneman nang Yesus, “Guru, kongkonen dulure Reang cekne gelem mbagi warisan karo reang.”
14 Tapikne Yesus guneman nang wong iku, “Kanca, Reang duduk hakim utawa wong sing tukang mbagi warisan antarane sira karo dulure sira.”
15 Maringono Yesus guneman nang wong akeh iku, “Becik ya! Sira kudu jejaga. Ajo sampek sira kedunyan. Merga uripe menungsa orak mek teka dunya branane.”
16 Terus Yesus nyeritak'en paribasan ngene, “Ana wong sugih sing gagane ngetok'en asil akeh. 17 Wong sugih iku mikir ning njero atine, ‘Paran sing kudu tak lakoni, merga reang orak duwe gudang maneh kanggo nyimpen panenane reang sing akeh iku.’
18 “Maringono wong iku mikir maneh, ‘Sak'iki reang kate ndandani gudang-gudange reang terus tak dadek'en sing luwih gede. Maringono kabeh gandum karo barang-barange reang tak lebok'en nang gudang-gudang iku.’ 19 Terus wong sugih iku mikir maneh, ‘Reang wis duwe sembarang kalir sing orak bakal entek pepirang taun. Sak'iki reang kate leleyeh wae. Reang kate mangan, ngombe, karo ngrasak'en dunyane reang.’
20 “Tapikne Pengeran guneman nang wong iku, ‘Sira iki goblok! Bengi iki sira bakale mati. Terus sapa sing bakale ngrasak'en dunya brana sing wis sira klumpuk'en iku?’ 21 Iku ganjarane wong-wong sing nglumpuk'en dunya brana kanggo awak'e dewe tok, tapikne orak sugih ning ngarepe Pengeran.”
Ajo kuwatir nang urip ning ndunya
22 Terus Yesus guneman nang murid-muride, “Merga iku ilinga, ajo kuwatir nang uripe sira, yaiku paran sing kate sira pangan ambek paran sing kate sira gawe. 23 Merga uripe sira luwih penting timbangane pangan, karo ragane sira iku luwih penting timbangane sandangan. 24 Delengen manuk gagak sing orak tau manja, orak manen, ya orak duwe gudang, tapikne digenehi pangan karo Pengeran. Apa maneh sira kabeh luwih digateni teka manuk-manuk iku.
25 “Nanak sesijia wong sing bisa ndawak'en umure. Nek sira kuwatir tok nang uripe, sira tetep orak bisa ndawak'en umure sira, masia sak'kedip wae. 26 Nek'e sira orak bisa nglakoni barang enteng kaya nambahi sak'jam nang uripe, ngapa sira kok kuwatir nang sandang pangane sira? 27 Wasenen njare cukule kembang ning antarane sesuketan. Masia kembang-kembang iku orak nyambut gawe ya orak nenun, tapikne gek luwih apik timbangane klambine Raja Salomo biyen, sing sugih temenan iku. 28 Masia Pengeran maesi sesuketan iku nggawe kembang sing apik temenan, suket iku mek urip diluk, terus sisuk'e wis nanak. Mestine sira kabeh luwih dirumat nang Pengeran timbangane suket iku. Tapikne ngapa kok sira mek titik wae percaya nang Pengeran?
29 “Ajo ngangsa karo kuwatir nang sandang pangane sira. 30 Wong sing orak percaya nang Pengeran ngangsa nang uripe. Tapikne Bapakne sira, yaiku Sang Bapak ning swarga, wis weruh sira mbutuhen iku kabeh. 31 Dadi golek'ana Kerajaane Pengeran, terus kabeh iku bakale ditambahi nang sira. 32 Sira kabeh kaya kumpulane domba, tapi ajo wedi! Merga Bapakne sira, yaiku Sang Bapak ning swarga, seneng temenan nggenehi paran wae sing ana ning kerajaane nang sira.
33 “Sira kudu sing ati-ati nentok'en enggon simpenan dunya branane sira. Ajo nyimpen keduwenane sira ning ndunya merga bisa dientek'en, dicolong maling, karo dirusak'en rayap. Tapi dolen wae, terus genehna nang wong sing orak duwe! Nek nglakoni ngono, sira wis nyelengi dunya brana ning swarga. Nanak maling karo rayap ning kono. 34 Apa maneh, nek dunya branane sira ana ning ndunya wae, sira bakale mikir urip ning ndunya tok. Nek dunya branane sira ana ning swarga, sira bakale mikiren urip langgeng ning swarga.”
Jejaga kanggo tekane Rajane Menungsa
35 Yesus nerusen gunemane, “Sira kudu jejaga. Ajo sampek teplok'e sira mati. 36 Sira kudu entah koli-koli sing ngenteni jeragane moleh teka kawinan. Nek'e jeragan teka, terus ndrodok lawang, koli-koli iku bakal mbukak lawange. 37 Koli-koli sing gek jejaga pas jeragane teka bakale bungah. Gunemane Reang iki bener temenan, merga koline setia, jeragan iku bakale sembong terus nyepak'en mangan kanggo koline. 38 Nek'e jeragane teka pas tengah wengi utawa parek isuk, koli-koli sing gek ngenteni pas jeragane teka bakale bungah, merga dianggep setia nang jeragane. 39 Tapikne gatekna! Sing duwe umah orak kira weruh jam pira tekane maling. Nek'e weruh, mestine umahe orak kemalingan. 40 Ya ngono pisan sira kudu jejaga, merga Rajane Menungsa bakale teka pas kiamat ning wayah sing orak disangka-sangka.”
41 Petrus guneman, “Guru, apa paribasan iku ditujok'en nang murid-muride Rika sing ana ning kene, utawa nang kabeh wong?”
42 Gusti Yesus njawab, “Sapa pemimpin koli sing setia karo sing teges? Ya koli iku sing bakale dikongkon ngatur koli liyane karo nggenehi mangan nang koli-koli iku pas wayahe. 43 Koli sing gek nglakoni penggaweane pas jeragane teka bakale bungah. 44 Gunemane Reang iki bener temenan, dunya branane jeragan iku bakale dipercayak'en nang koli iku. 45 Tapikne nek'e koline iku mikir ning njero atine ngene, ‘Jeragane reang gek suwe tekane.’ Maringono koli iku nggepuk'i koli liyane terus mangan karo ngombe sampek mabuk. 46 Jeragan iku bakale teka ning dina sing orak disangka-sangka karo wayah sing orak diweruhi. Koli iku bakale diukum bebarengan karo wong-wong sing orak setia, terus dipateni nang jeragane. 47 Koli sing wis weruh kekarepane jeragane, tapi orak nglakoni bakale diambleki nemen. 48 Tapikne koli sing orak weruh kekarepane jeragane, terus orak nglakoni pisan, koli iku bakale diambleki titik. Sapa wae sing digenehi akeh, bakale dituntut akeh. Terus sing dipercayai barang akeh, bakal dikongkon mbalik'en luwih akeh maneh.”
Sing melu Yesus bakal dimusuhi
49 Yesus nerusen gunemane, “Reang wis teka kanggo ngadili ndunya iki, entah geni sing ngobongi bumi. Sak'jane reang wis kepingin ngadili sak'iki, tapi gek durung wayahe. 50 Sak'durunge iku, Reang kudu dilarani nemen. Abot temenan atine Reang sampek siksaan iku dimarek'en. 51 Apa sira mikir Reang teka nggawa rerukunan ning antarane menungsa? Orak! Duduk rerukunan sing Tak gawa tapikne memusuhan. 52 Molai sak'iki wong sak'umah sing kabehe lima bakale memusuhan:
wong telu kate nglawan wong loro,
ya wong loro kate nglawan wong telu.
53 Sak'umah bakale pada memusuhan:
‘Bapakne kate memusuhan karo anak'e sing lanang,
ya anak sing lanang kate memusuhan karo bapakne.
Makne kate nglawan anak'e sing wedok,
ya sing wedok kate memusuhan karo makne.
Maratua sing wedok kate nglawan mantune sing wedok,
ya mantu sing wedok kate memusuhan karo maratua sing wedok.’ ”
Sing kudu dilakoni pas wayahe
54 Yesus guneman nang wong akeh, “Nek'e sira kabeh ndeleng mendung, sira langsung guneman, ‘Dina iki kate udan.’ Terus kedadean udan temenan. 55 Ya pisan, nek sira ndeleng angin teka, sira kabeh guneman, ‘Kate panas dina iki.’ Terus kedadean panas. 56 He wong-wong sing kemeroh! Masia sira bisa mestek'en tetengere wayah udan utawa panas, ngapa sira kok orak ngerti tetengere Pengeran sak'iki?
57 “Ngapa sira kok orak bisa mutusen paran sing bener ning ngarepe Pengeran? 58 Nek ana wong sing kate nuntut sira nang pengadilan, pas kate budal nang pengadilan, usahakna masalahe sira karo wong iku wis dimarek'en. Merga nek orak, sira bakal digawa peksa nang ngarepe hakim. Terus sira dipasrahen nang penjaga, mari iku sira bakale dilebok'en ning bui. 59 Rungokna! Sira orak kira metu teka bui sak'durunge utange sira lunas temenan.”