Yesus muruk'i carane ndedunga nang muride
11
Ning salah sijine dina Yesus ndedunga dewe. Maringono, salah sijine murid guneman, “Guru, kene weruh Yohanes mulang carane dunga nang muride. Wuruk'ana pisan carane dunga nang kene kabeh.”
2 Dadi Yesus guneman, “Pas ndedunga, dunga'a ngene:
‘Sang Bapak ning swarga, dadekna jenenge Rika diajeni.
Tekakna Kerajaane Rika ning ndunya.
3 Genehana kene kabeh pangan sing cukup saben dina.
4 Terus sepuranen dusa-dusane kene kabeh,
merga kene nyepura saben wong sing duweni salah nang kene.
Terus jagaen kene kabeh cekne orak marek'i pengguda.’ ”
5-6 Maringono Yesus guneman nang murid-muride, “Umpamane, pas dalu, ana wong sing budal nang umahe kancane ambek guneman, ‘Reang njaluk pangane, merga ana dayoh teka adoh sing mampir ning umahe reang. Ketepak'an reang orak duwe peparan gawe nyuguhi.’ 7 Mesti sing duwe umah iku bakal semaur teka njero, ‘Ajo ganggu reang. Lawange wis tak kunci. Reang karo anak'e reang wis turu. Reang moh tangi karo nggenehi sira pangan.’
8 “Rungokna! Masia sing njaluk iku kancane dewe, sing duwe umah orak gelem tangi karo orak gelem nggenehi pangan. Tapikne merga wong sing njaluk ngrengek-ngrengek teterusan, sing duwe umah bakal tangi wae karo nggenehi paran sing dibutuhen.
9 “Rungokna Reang! Memper paribasan iku mau, nek sira njaluk teterusan, sira bakale digenehi; nek sira nggolek'i teterusan, sira bakale nemok'en; nek sira drodok teterusan, sira bakale dibukak'en lawang. 10 Merga saben wong sing njaluk bakal nerima, sing nggolek'i bakal nemok'en, sing drodok bakal dibukak'en lawang.
11 “Sira, masia jahat, bisa nggenehi paran sing apik. Orak kira ana bapak sing kate nggenehi ula nang anak'e sing njaluk iwak. 12 Utawa nanak bapak sing kate nggenehi kalajengking nang anak'e sing njaluk endok. 13 Dadi sira, masia jahat, weruh carane nggenehi peparan sing apik nang anak'e dewe. Luwih maneh Sang Bapak ning swarga bisa nggenehi sing apik. Nek sira njaluk, Sang Bapak bisa nggenehi Rohe Dewe nang sira.”
Kuwasane Yesus karo kuwasane Iblis
14 Ning salah sijine dina Yesus nundung roh jahat teka wong sing lara bisu. Sak'marine roh jahat iku metu, wong bisu mau bisa guneman maneh. Ndeleng kedadean iku, wong akeh sing ana ning kono pada gawok. 15 Tapikne ana sing guneman, “Yesus nundung roh jahat nggawe kuwasane rajane roh-roh jahat.” 16 Terus ana wong-wong liyane sing kepingin njajal Yesus pisan. Wong-wong iku njaluk Yesus nggawe mujijat cekne mbuktek'en nek'e kuwasane Yesus pancen teka Pengeran.
17 Tapikne Yesus weruh pikirane wong-wong iku terus guneman, “Nek ana salah sijine kerajaan sing pemimpine pada memusuhan, kerajaan iku mesti bakale ajur. Nek'e ana wong umah-umah sing orak rukun, mesti rumah tanggane bakale semburat. 18 Ya ngono pisan ning kerajaane roh-roh jahat. Nek'e roh jahat karo roh jahat pada memusuhan, kerajaane bakale rotoh. Merga iku orak kira Reang nundung roh jahat nggawe kuwasane rajane roh-roh jahat. Sira guneman nek'e Reang nggawe kuwasane rajane roh-roh jahat kanggo nundung roh jahat. 19 Nek ngono, murid-muride sira ya nundung roh jahat nggawe kuwasane rajane roh-roh jahat pisan. Gatekna, masia sira njajal nyalahen Reang, sira pada wae nyalahen golongane sira dewe. 20 Tapi nek'e Reang nundung roh jahat nggawe kuwasane Pengeran, iku tegese Kerajaane Pengeran wis teka nang sira.
21 “Roh jahat iku memper wong kuwat sing njaga kratone dewe gawe gaman andalane cekne dunya branane aman. 22 Reang iki memper wong sing luwih kuwat ketimbang wong sing njaga mau. Reang bisa nglawan, bisa njupuk gaman andalane wong mau, terus dunya branane bakal Tak dum-dumen.
23 “Sapa sing orak bareng Reang, tegese nglawan Reang. Sapa wae sing orak nglumpuk'en wong bareng Reang tegese ngedohen wong teka Pengeran.
24 “Nek'e roh jahat ditundung terus metu teka wong, roh jahat iku bakale ngloyong sampek nang ara-ara amba, nggolek wong liya cekne bisa leren. Tapi nek orak nemok'en wong, roh jahat iku bakale guneman, ‘Reang kate mbalik maneh nang umah sing tak tinggalen iku mau.’ 25 Pas teka ning kono, roh jahat iku ndeleng nek'e umah iku wis rijik karo ketata apik. 26 Maringono roh jahat iku bakale budal ngejak pitung roh jahat liyane sing luwih jahat maneh. Roh-roh jahat iku bakale mlebu nang umah iku terus manggon ning kono. Ahire wong iku dadi luwih nemen teka maune.”
Sapa sing paling bungah?
27 Sak'wene Yesus gek guneman ngono, ana salah sijine wong wedok sing guneman nang Yesus, “Bungah temen wong wedok sing nglairen ambek nyusoni Rika.”
28 Tapikne Yesus guneman ngene, “Orak ngono. Sing paling bungah yaiku wong sing ngrungok'en wekasane Pengeran terus dilakoni.”
Yesus melehen wong-wong sing ngarepen mujijat
29 Pas iku jumlahe wong sing ngrungok'en Yesus tambah akeh. Terus Yesus guneman, “Wong-wong jaman sak'iki pada jahat kabeh. Wong-wong iki ngarepen tenger sing mbuktek'en kuwasane Reang. Tapikne wong-wong iki orak bakal digenehi sesijia tenger, sak'liyane tengere Nabi Yunus biyen. 30-32 Memper Nabi Yunus biyen sing dadi tenger kanggo wong ning kota Niniwe,a ya ngono pisan Rajane Menungsa bakale dadi tenger kanggo wong jaman iki. Pas dina kiamat, wong teka kota Niniwe bakale urip maneh karo ndudohen salahe wong Ibrani jaman iki. Biyen, wargane kota Niniwe tobat pas ngrungok'en gunemane Nabi Yunus. Masia Reang iki luwih gede timbangane Nabi Yunus, ngapa sira iki kok orak tobat ngrungok'en gunemane Reang?
“Pas dina kiamat, Ratu bangsa Sebab bakale urip maneh karo ndudohen salahe wong Ibrani jaman iki. Ratu Seba biyen iku budal teka enggon sing adoh polae kepingin ngrungok'en pengertene Raja Salomo.c Masia pengertene Reang iki luwih gede timbangane Raja Salomo biyen, ngapa sira iki kok orak kepingin ngrungok'en Reang?”
Paribasane teplok
33 Yesus nerusen gunemane, “Nanak sesijia wong sing nyumet teplok terus ditutupi karo kekep sing gede, tapikne kudu dicantolen ning nduwuran cekne sapa wae sing mlebu bisa katok padange. 34 Mripate wong memper teplok'e raga. Nek mripate wong waras, awak'e dipadangi. Tapi, nek mripate wong lara, awak'e orak dipadangi. 35 Merga iku gatekna! Ajo sampek padang sing ana ning sira iku dadi peteng. 36 Nek'e sak'kabehe ragane sira dipadangi, ya nanak pepeteng blas, uripe sira bakale padang memper kesorot padange teplok.”
Yesus melehen wong Farisi karo ahli agama Ibrani
37 Sak'wise Yesus guneman, ana salah sijine wong teka golongane Farisi sing ngejak Yesus mangan nang umahe. Dadi Yesus mlebu nang umahe wong Farisi iku, terus lungguh ambek mangan. 38 Wong Farisi iku mau gawok polae ndeleng Yesus orak wisuh tangane sak'durunge mangan, nurut adate wong Ibrani.
39 Tapikne Gusti Yesus guneman nang wong iku,
“He wong-wong Farisi! Sira kabeh mek ngrijik'i njabane awak'e sira ngentah wong goblok sing ngrijik'i cingkir karo mangkok, tapi njabane tok. Ning njero atine sira mek jahat karo kemarok. 40 Sira iki goblok. Sing ana ning njerone awak kudu dirumat pisan merga Pengeran sing nggawe njaba-njerone awak'e sira. 41 Nek keduwenane sira digenehen nang wong sing orak duwe, sira bakale rijik njaba-njerone.
42 “He wong-wong Farisi, blai'a sira kabeh! Sira sregep nglakoni aturan-aturan enteng tapi aturane Pengeran sing abot sira lalek'en. Sira njupuk teka bumbu pepek ning pawon terus sira genehen sepersepuluhed nang Pengeran. Tapikne sira orak urip adil karo jujur nang menungsa, ya orak welas asih nang Pengeran pisan. Sak'jane sira kudu nglakoni aturan sing siji, terus ajo nglalek'en aturan liyane.
43 “He wong-wong Farisi, blai'a sira kabeh! Sira seneng nggolek rai ning pasar. Terus sira seneng lungguh ning enggon sing paling ngarep ning balai agama. 44 Blai'a sira merga atine sira najis. Sira iki pada karo kuburan sing nanak paesane.e Akeh wong dadi najis merga orak sengaja mlaku ning nduwurane.”
45 Salah sijine ahli agama Ibrani guneman nang Yesus, “Guru, gunemane Rika iku wis ngenyek golongane kene pisan.”
46 Yesus njawab,
“He ahli-ahli agama, blai'a sira kabeh! Sira nggawe aturan-aturan sing ewoh dipikul wong, tapi sira dewe orak gelem ngrewangi masia titik wae.
47 “Blai'a sira kabeh! Sira mbenek'en kuburane nabi-nabi biyen sing dipateni mbah buyute sira biyen. Timbangane sira mbenek'en kuburane nabi-nabi biyen, luwih apik sira nglakoni wuruk'ane. 48 Sira mek mbenek'en kuburane wae tapi orak nuruti wuruk'ane nabi-nabi iku. Merga iku sira pada wae karo mbah buyute sira biyen sing mateni nabi-nabi iku. 49 Pengeran, sing ngerti sembarang kalir, tau guneman ngene, ‘Reang bakale ngutus nabi-nabi karo utusan-utusan. Tapikne ana sing bakale disiksa karo dipateni.’ 50 Mangkane wong-wong jaman iki bakale nanggung salahe mbah buyute sing mateni nabi-nabi biyen. 51 Molai teka nabi kawitan sing dipateni, yaiku Habel, sampek Nabi Sakaria, nabi paling pungkasan sing dipateni. Sakaria iku dipateni ning Umahe Pengeran ning antarane enggon pengobongan korban karo papan sembahyang. Rungokna! Wong-wong jaman sak'iki mesti bakale diukum merga orak nuruti wuruk'ane kabeh nabi sing dipateni iku.
52 “He ahli-ahli agama, blai'a sira kabeh! Sira wis njupuk kunci pengerten ngenek'i Pengeran. Lawange sira kunci terus sira dewe orak gelem mlebu. Apa maneh, sira ngedang-ngedangi wong liya sing kepingin mlebu.”
53 Sak'marine Yesus budal teka kono, wong-wong Farisi karo ahli-ahli agama Ibrani dadi memoring, terus bulak-balek mbantah Yesus nggawe tetakonan. 54 Wong-wong iku nggolek njalaran gawe njebak Yesus cekne bisa nyalahen gunemane.