Yesus ngutus 70 muride
10
Maringono Gusti Yesus milih pitung puluh (70) murid liyane, terus ngongkon budal loro-loro nang saben kota karo enggon sing kate ditekani Yesus. 2 Terus Yesus guneman nang murid-muride iku, “Penggaweane sira iki memper wong sing manen. Panenan akeh temenan, tapikne wong sing manen mek titik. Mangkane njaluk'a nang Sing Ngatur Panenan cekne nambahi luwih akeh wong sing dijak panen. 3 Sak'iki siap-siap budala! Tapi gatekna, sira kabeh duwe resiku ngentah cempe ning tengahe kerek-kerek ajag. 4 Ajo nggawa picis, bangkelan, ambek serepan sandal. Ajo mandek mayong, tapi langsung budala nang enggon sing kate sira tekani.5 “Nek sira kate mlebu nang umahe wong, gunemana dikek ngene, ‘Mandar muga Pengeran nggewehi ayem tentrem nang umah iki.’ 6 Nek ana wong sing nerima pendungane sira, ayem tentrem bakale melu wong iku. Tapi nek orak diterima, ayem tentrem iku bakale mbalik nang sira. 7 Nginepa ning umah iku. Terus mangana karo ngombea paran wae sing dicawisen nang sira. Pangan iku sing dadi asile sira. Merga sapa wae sing nyambut gawe kudu oleh asile. Nek sira wis nginep ning salah sijine umah, ajo ngalih-ngalih nang umah liyane.
8 “Nek'e sira mlebu terus diterima ning salah sijine kota, mangana paran wae sing wis dicawisen nang sira. 9 Maringono warasna wong-wong sing lara ning kono karo sampekna nang wong-wong iku nek Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en biyen kate dinyatak'en. 10 Tapi nek'e sira orak diterima nang salah sijine kota, metu'a nang dalan, terus gunema ngene, 11 ‘Reang ngebasen bleduge kota iki teka sikile reang. Iku dadi tengere reang orak nanggung salahe kota iki. Tapi gatekna! Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en iku kate dinyatak'en.’ ”
12 Yesus nerusen gunemane, “Rungokna! Pas wayahe kiamat, kota-kota sing orak nerima sira bakal diukum luwih nemen timbang ukumane kota Sodoma biyen. 13 Ya ngono pisan, blai'a wong Ibrani sing ana ning kota Khorasim ambek kota Betsaidab iki, merga orak tobat pas ndeleng mujijate Reang. Kokna mujijate Reang digawe ning kota-kota jahat, memper Tirus ambek Sidon biyen, mestine wong-wong sing duduk Ibrani iku langsung tobat temenan. 14 Merga iku, pas wayahe kiamat, ukumane kota Tirus ambek Sidon, gek luwih enteng ketimbang kota sing orak nerima sira. 15 He, warga Ibrani ning kota Kapernaum sing orak percaya nang Reang! Apa sira mikir sira bakale diunggahen nang swarga? Orak! Sira bakale di'isoren nang neraka.”
16 Yesus guneman maneh nang murid-muride, “Sapa wae sing nerima sira, ya nerima Reang. Sapa wae sing nolak sira, ya nolak Reang pisan. Apa maneh, sapa wae sing nolak Reang, ya nolak Pengeran sing ngutus Reang.”
70 murid mbalik nang Yesus
17 Suwe-suwe, pitung puluh (70) murid iku mbalik maneh nang Yesus. Murid-murid iku pada bungah terus guneman ngene, “Gusti, roh-roh jahat pada nurut pas ditundung gawe jenenge Rika.”
18 Yesus guneman, “Reang wis ndeleng Iblis rotoh teka swarga ngentah bledek. 19 Rungokna! Reang wis nggenehi kuwasa nang sira kanggo ngidek ula ambek kalajengking, ya pisan kanggo ngalahen kuwasane musuhe sira, yaiku Iblis. Nanak sing bisa nglarani sira. 20 Sira sak'iki seneng merga bisa ngalahen roh-roh jahat. Tapikne sira kudu luwih seneng maneh merga jenenge sira kecatet ning swarga.”
21 Pas iku Yesus bungah temenan merga dikuwaten nang Rohe Pengeran. Terus Yesus ndedunga ngene, “Bapak sing nguwasani jagad iki, Reang nedanerima nang Rika. Rika seneng ndudohen kuwasa nang wong-wong cilik sing melu Reang. Tapi nang wong-wong pinter agama sing kemeroh, kuwasane Rika disingeten. 22 Sak'kabehe pengerten wis digewehen nang Reang. Nanak sesijia wong sing weruh nang Reang, anak'e Rika, sak'liyane Rika, ya Bapak. Nanak sesijia wong sing weruh nang Rika, ya Bapak, sak'liyane Reang, ambek wong-wong sing Tak pilih.”
23-24 Maringono Yesus noleh nang murid-muride terus guneman, “Bungah temen sira, merga wis ndeleng kabeh iki. Nabi-nabi karo raja-raja biyen kepingin ndeleng paran sing sira deleng sak'iki, tapi orak bisa. Terus kepingin ngrungok'en paran sing sira rungok'en sak'iki, tapi orak bisa.”
Ceritane wong Samaria sing nglakoni apik nang musuhe
25 Wayah liya ana ahli hukum agama Ibrani kate njajal Yesus. Wong iku takon nang Yesus, “Guru, paran sing kudu tak lakoni cekne oleh urip sing langgeng?”
26 Yesus njawab, “Sira wis weruh isine hukum agama Ibrani. Paran sing ditulis?”
27 Wong iku nyauri:
“ ‘Welas asihana Gusti Pengerane sira
gawe sak'kabehe atine sira,
sak'kabehe jiwane sira,
sak'kabehe kekuwatane sira,
ambek sak'kabehe pikirane sira.’ (Ulangan 6:5)
Terus, ‘Welas asihana dulure sirac
memper sira melasi awak'e sira dewe.’ ” (Imamat 19:18)
28 Yesus guneman nang wong iku, “Sira iku bener. Nek nglakoni ngono, sira bakale oleh urip langgeng.”
29 Tapikne gawe nutupi salahe dewe, wong iku takon maneh nang Yesus, “Dulure reang iku sapa?”
30 Yesus njawab, “La, ana wong Ibrani sing mudun teka kota Yerusalem nang desa Yeriko. Wong iku didang nang begalan sing orak mek mbegal tok, tapikne nggepuk'i terus dijaren sampek meh mati. 31 Teruse, ketepak'an ana wong Ibrani sing dadi pengarepe sembahyang liwat dalan iku. Pas weruh, pengarepe sembahyang iku minggir ngadoh karo ngliwati wae. 32 Terus, ana maneh wong Ibrani teka golongan Lewid sing liwat. Pas weruh, wong Lewi iku minggir ngadoh pisan karo ngliwati wae.
33 “Tapikne ana wong teka suku Samariae liwat pisan ning kono. Pas wong Samaria ndeleng wong sing kebegal mau, atine iba. 34 Terus diparek'i, dibuntel catune, diberseni ambek anggur, ya ditambani ambek lenga. Teruse wong sing lara iku mau ditunggangen keledene, digawa nang penginepan cekne dirumati. 35 Sisuk'e wong Samaria iku nggenehi nang sing duwe penginepan picis sing gedene pada karo rong dina nyambut gawe. Terus guneman, ‘Rumaten wong iki. Nek'e entek'e luwih akeh teka iki, tak tambahi pas reang mrene maneh.’ ”
36 Maringono Yesus takon maneh, “Nurut sira, sapa ning antarane wong telu mau, sing dadi dulure wong sing kebegal iku?”
37 Guru agama iku nyauri, “Wong iku sing melasi wong sing kebegal iku.”
Yesus guneman nang wong iku, “Bener, dadi lakokna ngentah wong Samaria iku mau.”
Yesus mampir ning umahe Marta karo Maria
38 Maringono Yesus karo murid-muride budal maneh terus teka ning salah sijine kota. Ning kono ana wong wedok jenenge Marta sing ngampiren Yesus nang umahe. 39 Marta duwe dulur wedok sing jenenge Maria. Ning kono Maria lungguh ning parek'e sikile Gusti Yesus ambek ngrungok'en wuruk'ane Yesus. 40 Sak'wene iku Marta gek repot tandang gawe ning mburi. Merga iku Marta marek'i Yesus ambek guneman, “Guru, apa Rika orak mesak'en tah nang esun? Maria ngejaren esun iki tandang gawe dewe. Kongkonen ngapa cekne ngrewangi esun.”