Yesus ngutus rolas utusane
9
Maringono Yesus nglumpuk'en utusan-utusane sing kabehe rolas, terus nggenehi kuwasa nang utusan-utusan iku cekne bisa nundung roh-roh jahat karo marasen lara-larane wong. 2 Yesus ngongkon utusan-utusan iku budal kanggo marasen larane wong, ambek ngabaren nek Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en biyen kate dinyatak'en.3 Yesus guneman nang utusan-utusane, “Ajo nggawa peparan ning dalan. Ajo nggawa teken, bangkelan, bontotan, utawa picis. Ya pisan ajo nggawa salinan. 4 Nek'e sira ditampa salah sijine wong, mlebu'a nang umahe. Terus nginepa ning kono sampek sira budal maneh nang enggon liyane. 5 Nek'e sira orak ditampa ning salah sijine kota, budala teka kono. Kebasen bledug teka sikile sira. Iku nggambaren nek salahe wong-wong iku duduk tanggungane sira.”
6 Maringono utusan-utusan iku budal nang desa-desa, terus ngabaren Kabar Apik ngenek'i Yesus ambek marasen larane wong ning endi-endi.
Raja Herodes Antipas kepingin nyampuhi Yesus
7 Kabar nek'e akeh wong diwarasen nyebar sampek dirungok'en Raja Herodes Antipas sing dadi penguwasane daerah Galilea. Herodes kepingin weruh sapa sing nglakoni kabeh iku. Tapi Herodes dadi bingung merga ana sing guneman, “Nabi Yohanes wis urip maneh.” 8 Ana pisan sing guneman, “Nabi Eliaa wis teka maneh.” Sing liyane guneman, “Salah sijine nabi biyen urip maneh.” 9 Herodes guneman, “Orak kira sing nggawe mujijat iku Yohanes, merga reang dewe sing ngongkon ndase Yohanes ditugel. Tapikne sapa, sak'temene, wong iki?” Maringono Herodes nggolek cara cekne bisa nyampuhi Yesus.
Yesus nggenehi mangan nang luwih teka 5.000 wong
10 Sak'marine mbalik, utusan-utusan iku ndongengen nang Yesus paran sing wis dilakoni. Maringono Yesus ngejak rolas utusane nang kota Betsaida cekne bisa leren ning enggon sing adoh teka wong. 11 Tapikne wong akeh pada weruh, terus ngetuten Yesus. Masia Yesus ambek utusan-utusane kepingin leren, wong akeh iku diterima wae. Terus Yesus kawit marasen lara-larane wong, ambek mulang ngenek'i Kerajaane Pengeran.
12 Bareng wis kawit peteng, rolas utusane teka nang Yesus ambek guneman, “Guru, kongkonen wong-wong iku budal nang kampung-kampung karo desa-desa ning sekitare kene, cekne nggolek pangan karo enggon nginep, merga enggon iki adoh teka endi-endi.”
13 Tapikne Yesus njawab, “Sira sing kudu nggenehi mangan nang wong akeh iku.”
Utusan-utusane guneman, “Sing ana ning kene mek rong ler iwak karo limang iji roti. Apa reang karo kanca-kanca kudu budal nukok'en pangan kanggo sak'kehe wong iki?”
14 Na ning enggon iku ana kurang luwih limang ewu (5.000) wong lanang, orak keitung wong-wong wedok karo lare-lare cilik.
Yesus guneman nang murid-muride, “Kongkonen wong akeh iku lungguh sak'klompok'e seket (50) wong.” 15 Mari iku murid-muride nglakoni paran sing wis dikongkonen nang Yesus. 16 Terus Yesus njupuk rong ler iwak karo limang iji roti iku mau, ndangak nang duwuran ambek nedanerima nang Pengeran. Sak'wise iku iwak karo roti mau ditugel-tugel, terus digewehen nang murid-muride cekne dibagek-bagek'en nang wong akeh iku. 17 Sak'wise wong akeh iku mangan sampek wareg, kekarene iwak karo roti iku diklumpuk'en kabehe, sampek ana rolas wakul.

Kabeh wong iku dadi wareg (9:17)
Petrus ngakoni Yesus iku Raja Pilihane Pengeran
18 Ning salah sijine dina, pas Yesus gek ndedunga dewe, murid-muride teka nang Yesus. Maringono, Yesus takon nang muride, “Nek nurut wong akeh, Reang iki sapa?”
19 Murid-muride njawab, “Ana sing ngarani Rika iku Yohanes sing tau mbaptis wong. Ana sing ngarani Rika iku Nabi Elia. Ana pisan sing ngarani Rika iku salah sijine nabi biyen sing urip maneh.”
20 Yesus takon maneh nang muride ngene, “Nek nurut sira, sapa Reang iki?”
Petrus nyauri, “Rika iku Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran.”
21 Tapi Yesus menggak cekne murid-muride orak nyeritak'en iku nang sapa wae.
22 Maringono Yesus guneman, “Reang, Rajane Menungsa, kudu dilarani terus ditolak nang sesepuhe wong Ibrani, ketua-ketuane pengarepe sembahyang, karo ahli-ahli agama Ibrani. Reang bakal dipateni, tapi diuripen maneh pas telung dinane.”
Sarate wong sing melu Yesus
23 Yesus guneman nang wong akeh sing ana ning kono, “Sapa wae sing kepingin melu Reang kudu mburek'en butuhe dewe, karo saben dinane siap mati entah wong sing mikul salibe,b terus melu Reang. 24 Merga sapa sing kate nggecek'i uripe ning ndunya, uripe sing langgeng bakale ilang. Tapikne sapa sing siap mati merga melu Reang, uripe bakale langgeng. 25 Nanak gunane wong sugih dunya brana sak'isine tapi uripe orak slamet.
26 “Reang, Rajane Menungsa, bakale teka maneh kanggo ngakimi ndunya iki. Pas iku, Reang kate ndudohen kuwasane Reang karo keagungane Sang Bapak ambek malaekat-malaekate. Ajo sampek sira sak'iki isin nang wong nek sira percaya nang Reang karo wulangane Reang. Nek ngono, pas Reang teka maneh, Reang bakal orak nerima sira. 27 Rungokna! Ning antarane sira ning kene, bakale ana sing orak mati sak'durunge ndeleng Kerajaane Pengeran.”
Keagungane Yesus dinyatak'en
28 Kira-kira wolung dina sak'wise Yesus mulang mau, Yesus ngejak muride kabehe telu, yaiku Petrus, Yohanes, karo Yakobus munggah nang pucuk'e gunung kate ndedunga. 29 Pas Yesus ndedunga, praene malih, karo klambine dadi putih kilap-kilap. 30 Terus memara katok wong loro sing guneman ambek Yesus. Wong loro iku nabi biyen, yaiku Musa karo Elia. 31 Awak'e wong loro iku padang temenan. Yesus, Musa karo Elia pada ngomong ngenek'i matine Yesus sing bakal kedadean ning kota Yerusalem.
32 Pas iku Petrus karo kanca-kancane keturon. Pas tangi, wong telu iku nguwasen Yesus ning njerone cahyane Pengeran. Katok pisan wong loro sing ngadek ning pinggire Yesus. 33 Terus, sita wong loro iku kate ninggalen Yesus, Petrus guneman nang Yesus, “Gusti, reang seneng temenan nang enggon iki. Kepe wae tak gawek'en pondok-pondok'an telu ning kene. Siji gawe Rika, siji gawe Musa, terus sijine maneh gawe Elia.” Tapikne Petrus orak weruh paran sing diomongen iku.
34 Pas guneman ngono, ana mendung putih sing teka. Terus Petrus karo kanca-kancane diubengi mendung sampek pada wedi. 35 Teruse krungu suwarane Pengeran, “Ikilo Anak'e Reang sing Tak pilih. Manuta nang gunemane.”
36 Sak'marine suwara iku mandek, murid-muride ndeleng Yesus dewean ning kono. Tapikne, murid-muride ngrahasiak'en ambek orak nyeritak'en nang sapa wae kedadean iku mau.
Yesus nundung roh jahat teka lare enom
37 Pas sisuk'e Yesus ambek muride telu mau mudun teka gunung iku. Maringono ana wong akeh sing pada teka, kate nemoni Yesus. 38 Teka rombongan iku, ana sing guneman nang Yesus ngene, “Guru, reang njaluk tulung delengen anak'e reang. Merga lare lanang iku anak'e reang sing ontang-anting. 39 Nek pas keganggu roh jahat, lare iku memara melung-melung, terus kejer-kejer sampek teka cangkeme metu wuntuk'e. Roh jahat iku bulak-balek nglarani anak'e reang, terus meh-meh orak gelem ninggalen lare iku. 40 Reang wis njaluk tulung tapikne murid-muride Rika orak bisa nundung roh jahat iku.”
41 Maringono Yesus guneman, “He wong-wong jahat sing orak percaya, sampek kapan Reang kudu sabar nang sira? Masia Reang wis suwe urip ning antarane sira, ngapa kok sira orak percaya?” Terus Yesus guneman nang wong iku, “Gawanen mrene anak'e sira!”
42 Pas anak'e wong mau meh marek'i Yesus, lare iku digawe mbontang-mbanting karo kejer-kejer nang roh jahat. Tapikne Yesus nyenggrangi roh jahat iku cekne metu teka lare iku. Sak'wise waras, lare iku dibalek'en maneh nang bapakne. 43 Kabeh wong pada gawok ndeleng kuwasane Pengeran sing gede. Pas wong-wong gek gawok ndeleng kabeh kedadean iku, Yesus guneman nang murid-muride ngene, 44 “Rungokna karo ilinga: Rajane Menungsa bakale dipasrahen nang kuwasane menungsa.” 45 Tapi murid-muride orak ngerti gunemane Yesus iku, merga maksute disingeten. Masia ngono murid-muride orak wani takon maksute nang Yesus.
Sapa sing paling duwur derajate?
46 Maringono murid-muride pada bengkerengan soal sapa sing paling duwur derajate. 47 Tapikne Yesus weruh pikirane murid-muride, terus ngejak lare cilik ngadek ning pinggire. 48 Maringono Yesus guneman nang murid-muride, “Sapa wae sing ngajeni lare cilik iki merga manut nang kongkonane Reang, iku pada karo ngajeni Reang. Terus sapa wae sing ngajeni Reang, iku pada karo ngajeni sing ngutus Reang. Merga sapa wae sing derajate paling cilik nurut menungsa, wong iku sing paling duwur derajate nurut Pengeran.”
Wong sing duduk muride Yesus nundung roh jahat
49 Yohanes guneman nang Yesus, “Guru, ana wong sing nundung roh jahat gawe jenenge Rika. Maringono reang karo murid liyane menggak wong iku cekne ajo gawe jenenge Rika, merga wong iku duduk golongane kene.”
50 Tapi Yesus guneman, “Ajo sira penggak, merga sapa wae sing orak dadi musuhe sira, wong iku dadi rewange sira.”
Yesus ditolak ning Samaria
51 Pas marek'i wayahe munggah nang swarga, Yesus arep temenan budal nang kota Yerusalem. 52 Merga kepingin nang Yerusalem, Yesus ngongkon pepirang muride budal ndikik'i. Wong-wong iku budal terus mlebu nang salah sijine desa ning daerah Samaria cekne nyiapen sembarang kalir kanggo tekane Yesus. Na, wong Samaria orak akor karo wong Ibrani. 53 Sita krungu nek Yesus kate budal nang ibu kotane wong Ibrani, yaiku kota Yerusalem, wong Samaria iku orak gelem nerima Yesus. 54 Merga orak ditampa, murid-muride Yesus, yaiku Yakobus karo Yohanes takon, “Guru, oleh tah, kene ngongkon geni mudun teka langit cekne mateni wong-wong iki kabeh?” 55 Tapikne Yesus noleh ambek menggak wong loro iku. 56 Maringono Yesus karo murid-muride budal nang desa liyane.
Sing melu Yesus kudu mancer
57 Pas Yesus ambek murid-muride gek nerusen mlakune, ana wong sing guneman nang Yesus ngene, “Reang kepingin melu Rika nang endi wae.”
58 Yesus njawab, “Luwak iku duwe gowok'an, manuk duwe susuh. Tapikne Reang, Rajane Menungsa, orak duwe panggonan gawe leren.”
59 Terus Yesus guneman nang wong liyane, “Melua Reang!”
Wong iku guneman, “Guru, nek'e oleh, reang kate moleh dikek cekne bisa ngubur bapakne reang.”
60 Tapi Yesus njawab, “Kepe wae wong sing mati ragane dikubur nang wong sing mati imane. Tapikne sira budala, terus kabarna nek Kerajaane Pengeran kate dinyatak'en.”
61 Ana maneh wong liya sing guneman, “Guru, reang kate melu Rika, tapikne reang kate pamitan dikek nang dulure reang.”
62 Yesus guneman nang wong iku, “Wong sing kepingin melu Reang entah wong sing mbajak lemah. Wong iku orak oleh noleh mburi tapi kudu mancer nang dalane Pengeran. Merga sapa wae sing getun ninggalen paran sing ana, wong iku orak pantes ngabdi nang Reang ning Kerajaane Pengeran.”