Wong wedok-wedok sing ngrewangi penggaweane Yesus
8
Orak kosi suwe marine iku, Yesus budal nang kota-kota karo nang desa-desa, kanggo ngabaren Kabar Apik, yaiku, Kerajaane Pengeran sing dijanjek'en biyen kate dinyatak'en. Rolas murid sing didadek'en utusan-utusane melu bareng Yesus pisan. 2 Sak'barengane iku, ana wong wedok-wedok sing wis tau diwarasen Yesus. Ana sing maune klebon roh jahat, ana pisan sing tau duwe lara liya-liyane. Ning antarane wong-wong wedok iku, ana sing jenenge Maria tapi celuk'ane Magdalena. Maria iku tau klebon pitung roh jahat. 3 Ana pisan wong wedok sing jenenge Yohana, bojone Pak Kusa sing dadi bendaharane Raja Herodes Antipas. Ana maneh Susana karo wong-wong wedok liyane. Wong-wong wedok iku pada nglumpuk'en keduwenane kanggo nyukupi kebutuhane Yesus karo murid-muride.
Paribasane wiji sing disawor
4 Akeh wong teka kota endi-endi melu nglumpuk rombongane Yesus. Terus Yesus mulang nggawe paribasan ngene, 5 “Ana wong tani sing nyawuren wiji. Pas disawor, ana wiji sing rotoh ning pinggire dalan. Wiji iku di'idek-idek wong, terus dicucuk'i manuk-manuk. 6 Ana pisan sing rotoh ning wewatunan. Maringono sak'wise cukul, dadi garing merga oyote orak bisa jero. Apa maneh, orak oleh banyu. 7 Ya ana pisan sing rotoh campur eri. Tapi pas cukul bareng, kecepit eri sampek kate mati. 8 Terus ana sing rotoh ning lemah sing landuh. Wiji iku cukul, terus sita dipanen, wohe satus lipet akehe.”
Maringono Yesus guneman, “Sapa sing duwe kuping, rungokna!”
9 Murid-muride pada takon nang Yesus, “Paran tegese paribasan iku?”
10 Yesus semaur, “Nang sira kabeh Tak genehi pengerten ngenek'i rahasiane Kerajaane Pengeran. Tapikne nang wong-wong liyane, Reang mek nggawe paribasan cekne tulisan ning kitab Nabi Yesaya dinyatak'en ngene,
‘Masia ndeleng tapi orak weruh,
ngrungok'en tapikne orak ngerti.’ (Yesaya 6:9)
11 “Ngene tegese paribasan iku: wiji iku tegese pesene Pengeran. 12 Wiji sing rotoh ning pinggir dalan iku tegese wong sing ngrungok'en pesene Pengeran, terus Iblis nyolong teka njero atine, cekne wong iku orak bisa percaya ya orak bisa dislameten.
13 “Sing rotoh ning wewatunan iku tegese wong sing ngrungok'en pesene Pengeran karo diterima ambek seneng. Tapi pesen iku orak moyot. Percaya diluk, tapi pas pengguda teka, percayane ilang.
14 “Terus sing rotoh campur eri tegese wong sing ngrungok'en pesene Pengeran. Tapikne merga kedunyan, ahire, imane mentah kaya woh sing mangkuk.
15 “Sing rotoh ning lemah sing landuh iku tegese wong sing ngrungok'en pesene Pengeran, karo nyimpen ning atine sing apik karo jujur. Wong iku sregep sampek nguwoh akeh.”
Paribasane teplok
16 Maringono Yesus nerusen gunemane, “Nanak sesijia wong sing nyumet teplok maringono ditutup nggawe gentong utawa dideleh ning longan. Tapikne dicantolen nang nduwuran cekne sapa wae sing mlebu umah katok padange. 17 Nanak sesijia sing disingeten sing orak bakal keweruhan. Nanak sesijia rahasia sing orak bakal konangan ambek dirungok'en. 18 Merga iku, gatekna nang wuruk'ane Reang iki. Sapa wae sing ngerti kekarepane Pengeran, pengertene bakal ditambahi. Tapi sing orak ngerti kekarepane Pengeran, pengertene sing ana bakale dijupuk.”
Sapa sing dianggep dulur nang Yesus
19 Maringono, makne Yesus karo dulur-dulure pada teka kepingin nyampuhi Yesus, tapikne orak bisa merga akeh wong ana ning kono. 20 Dadi ana wong sing nggenehi weruh nang Yesus, “Makne karo dulur-dulure Rika ana ning njaba, kepingin nyampuhi Rika.”
21 Yesus guneman, “Sing dadi makne Reang karo dulur-dulure Reang, yaiku wong-wong sing ngrungok'en pesene Pengeran, terus dilakoni.”
Ombak karo angin manut nang Yesus
22 Ning salah sijine dina, Yesus karo murid-muride pada munggah nang prau. Terus Yesus guneman, “Ayo nyabrang ranu sing gede iki.”a Maringono Yesus ambek murid-muride pada budal. 23 Sak'wise budal, Yesus keturon. Mara-mara ana angin gede sing teka. Saking gedene angin banyu mlutak, mlebu nang njero prau, sampek meh blai.
24 Maringono murid-muride nggugah Yesus ambek guneman, “Blaen Guru! Kene kabeh iki bakale kate mati!”
Yesus tangi, terus guneman banter, “Mandeka angin, menenga banyu!” Memara banyu karo angin dadi anteng. 25 Terus Yesus guneman nang murid-muride, “Ngapa kok sira orak percaya nang Reang?”
Murid-murid iku dadi wedi karo gawok, terus pada guneman nang kancane, “Sapa sak'temene Wong iki? Angin karo banyu kok nurut nang kongkonane.”
Ewonan roh jahat manut nang Yesus
26 Maringono Yesus karo murid-muride njebul ning daratan. Enggon iku ana ning sabrange Ranu Galilea, yaiku enggone wong Gerasa.b 27 Pas mudun teka prau, Yesus ditekani wong lanang teka kota. Wong iku dileboni akeh roh jahat, terus wis suwe orak keklamben. Apa maneh orak manggon ning umah, tapi manggone ning kuburan. 28-29 Wong iku bulak-balek dirasuk'i roh-roh jahat. Masia sikil karo tangane dicekel ambek rante terus dijaga, tapi bisa ucul wae. Apa maneh, wong iku digawa roh-roh jahat nang enggon sing sepi.
Terus Yesus ngongkon roh-roh jahat iku metu. Tapi wong mau sujud ambek melung-melung, “Yesus, anak'e Pengeran sing Maha Kuwasa, paran urusane Rika karo reang! Tulung, ajo nyiksa reang!”
30 Sekala iku Yesus takon, “Sapa jenenge sira iki?”
Wong iku njawab, “Jenenge reang ‘Ewonan’!” (Jenenge wong iku ‘Ewonan’ merga dileboni ewonan roh jahat). 31 Terus roh-roh jahat iku njaluk temenan nang Yesus cekne orak dikongkon mlebu nang neraka.
32 Orak kosi adoh teka kono, ana grombolane babi sing nggolek mangan ning tebing siringe pusung. Roh-roh jahat iku njaluk nang Yesus maneh cekne diolehi mlebu nang babi-babi ika. Yesus ngolehi. 33 Maringono roh-roh jahat iku metu teka wong mau terus mlebu nang babi-babi iku. Mari dileboni roh-roh jahat, babi-babi iku pada mlayu nang curah ning pinggire ranu, nyemplung ning ranu, terus mati klelep.
34 Sak'marine ndeleng iku, wong-wong sing njaga babi-babi mau mlayu nang kota karo desa-desa parek'e kono terus nyeritak'en kedadean iku. 35 Maringono akeh wong pada teka polae kepingin ndeleng paran sing kedadean. Pas marek'i Yesus, wong-wong iku ndeleng nek wong sing klebon roh jahat mau wis waras karo wis keklamben. Apa maneh wong iku lungguh parek'e sikile Yesus ambek ngrungok'en wuruk'ane. Ndeleng iku, wong-wong sing teka pada wedi.
36 Wong-wong sing maune ndeleng dewe njare wong iku diwarasen, ndongengen kedadean mau nang wong sing gek entas teka. 37 Merga saking wedine, kabeh warga daerah Gerasa njaluk Yesus budal, ninggalen enggone. Dadi Yesus budal munggah prau maneh.
38 Na, wong sing wis waras iku mau njaluk kepingin melu Yesus. Tapikne Yesus menggak, terus ngongkon wong iku moleh ngene, 39 “Muliha nang umahe sira. Ceritakna paran sing wis dilakoni Pengeran nang sira.” Maringono wong iku moleh ambek nyeritak'en nang sak'kabehe kota paran sing dilakoni Yesus nang awak'e.
Yesus marasen wong wedok karo nguripen lare enom
40 Pas njebul ning sabrange ranu, Yesus ditampa akeh wong sing wis ngenteni tekane. 41-42 Ning kono ana wong jenenge Pak Yairus sing dadi pemimpine balai agama Ibrani. Anak wedok'e Yairus sing ontang-anting lara nemen sampek meh mati. Lare iku umure kurang luwih rolas taun. Merga iku, Pak Yairus marani Yesus ambek sujud ning ngarepe. Pak Yairus njaluk tulung temenan cekne Yesus teka nang umahe. Yesus gelem budal, tapikne ning tengahe dalan, wong akeh pada nekani Yesus sampek desel-deselan.
43 Ning antarane wong akeh iku ana wong wedok sing wis rolas taun ngetok'en getih terus-terusan. Wong iku wis ngentek'en dunyane kanggo nambani awak'e, tapikne nanak sing bisa marasen. 44 Wong iku marek'i Yesus teka mburi terus ngutik jubahe Yesus. Sekala iku wong wedok mau dadi waras.
45 Maringono Yesus guneman, “Sapa sing mau ngutik jubahe Reang?”
Merga nanak sing ngaku, Petrus guneman, “Ya mesti wae Guru. Polae ning kene iki akeh wong pada desel-deselan.”
46 Tapikne Yesus guneman, “Reang weruh ana wong sing ngutik Reang, merga ana kuwasane Reang sing metu.”
47 Merga krasa konangan, wong wedok iku mlaku nang ngarepan ambek gembeblek terus sujud ning ngarepe Yesus. Wong wedok iku ndongengen nang wong akeh nek langsung waras pas ngutik jubahe Yesus.
48 Maringono Yesus guneman nang wong wedok iku, “Ndok, sira waras merga percaya nang Reang. Sak'iki muliha wis, sing damang pikire.”
49 Pas Yesus guneman, Yairus gek ana ning kono. Terus Yairus ditekani salah sijine dulure. Dulure iku guneman nang Yairus, “Ajo repot-repot ngejak Guru nang umahe rika, merga anak'e rika wis mati.”
50 Pas krungu iku, Yesus guneman nang Yairus, “Ajo kuwatir, percaya'a wae nang Reang, merga anak'e sira bakale slamet.”
51 Teka nang umahe Yairus, Yesus orak ngolehi wong liya mlebu. Sing oleh mlebu mek telung muride, yaiku Petrus, Yohanes, ambek Yakobus. Yairus karo bojone diolehi mlebu pisan. 52 Kabeh wong pada nangisi lare iku. Tapikne Yesus guneman, “Ajo ditangisi, merga lare iku orak mati tapikne mek turu wae.”
53 Wong-wong pada ngguyu nang gunemane Yesus merga weruh nek'e lare iku wis mati.
54 Maringono Yesus nyandak tangane lare iku ambek guneman, “Ndok, tangia!” 55 Terus jiwane lare iku mbalik maneh nang awak'e. Sekala iku lare wedok mau tangi. Maringono, Yesus ngongkon wong tuwek'e nggenehi mangan nang lare iku. 56 Ndeleng kedadean iku, Yairus karo bojone dadi gawok temenan. Tapikne Yesus menggak cekne ajo nyeritak'en kedadean iku nang sapa wae.