Perwira Roma sing percaya nang Yesus
7
Sak'marine mulang wong akeh iku, Yesus budal nang kota Kapernaum. 2 Ning kota iku ana perwira teka Roma sing ngepalani satus (100) prajurit Roma. Perwira iku duwe abdi sing paling disenengi. Abdi iku lara nemen sampek meh mati. 3 Maringono perwira iku krungu nek'e Yesus teka ning kotane. Pas iku pepirang sesepuh wong Ibrani dikongkon perwira iku njaluk tulung nang Yesus, cekne gelem teka nang umahe terus marasen abdi iku. 4 Sita wis nemoni Yesus, wong-wong iku pada njaluk tulung temenan, “Perwira iku pantes Rika tulungi, 5 merga wong iku seneng nang bangsa Ibrani, karo pisan wis mbangunen balai agama kanggo wong kene.”6-8 Maringono Yesus budal bebarengan wong akeh nang umahe perwira iku mau. Pas gek radak adoh teka umahe, Yesus dicampuhi re-rewange perwira iku sing nggenehi pesen ngene: “Gusti, tampa terimane, reang orak gelem ngrepoti Rika, polae reang, wong cilik iki, orak pantes nerima Rika ning umahe reang. Merga iku reang orak wani nemoni Rika dewe. Tapi reang ngerti nek kabeh wong kudu manut nang duwurane. Reang manut nang rajane reang. Terus, prajurit-prajurit ning isore reang manut nang reang pisan. Nek tak kongkon ‘Rana!’ mesti rana, nek tak kongkon ‘Rene!’ ya mesti rene. Nek tak kongkon ‘Lakokna iki!’ ya mesti dilakoni. Merga Rika duwe kuwasa sing paling duwur, reang percaya nek Rika ngongkon wae, abdine reang bakale waras.”
9 Sak'marine ngrungok'en gunemane wong iku, Yesus gawok. Terus Yesus noleh nang kabeh wong sing melu ambek guneman, “Sak'temene, perwira sing duduk bangsa Ibrani iki luwih percaya nang Reang timbangane wong teka bangsane Reang dewe sing tau tak campuhi.” 10 Sita re-rewange perwira iku teka nang umah, abdine perwira iku wis waras.
Yesus nguripen lare enom
11 Orak suwe marine iku, Yesus budal nang kota Nain. Murid-muride karo wong akeh pada melu Yesus. 12 Pas Yesus wis parek teka lawang gapurane kota iku, ana wong-wong sing gek nggotong mayit metu teka kota iku. Sing mati iku, lare jaka ontang-anting. Makne lare iku dadi randa merga bojone wis mati. Akeh wong nyelawat karo ngetuten randa iku mau. 13 Pas nguwasen randa iku, Gusti Yesus mesak'en temenan, terus guneman, “Mak, lare iku ajo ditangisi.”
14 Maringono Yesus marani karo nyandak pendusa iku. Wong-wong sing nggotong iku pada mandek. Terus Yesus guneman nang mayit iku, “Cak, rungokna! Tangia sak'iki.” 15 Langsung lare enom sing wis mati iku, tangi, lungguh karo kawit guneman. Terus Yesus masrahen lare iku nang makne. 16 Marine ngono kabeh wong pada wedi karo muji Pengeran. Wong-wong iku guneman ngene, “Pengeran wis ngutus nabi gede ning antarane wong kene kabeh! Pengeran wis nekani umate!” 17 Kabare Yesus iku nyebar nang sak'kabehe daerah Yudea karo ning daerah sekitare.
Tetakonane Nabi Yohanes nang Yesus
18 Yohanes ya ngrungok'en pisan kabeh kabare Yesus teka murid-muride. 19 Maringono, Yohanes ngongkon muride, loro kabehe, takon nang Gusti Yesus ngene, “Apa Rika iku Raja Pilihane Pengeran sing dijanjek'en biyen, utawa apa wong Ibrani kudu ngenteni wong liya?”
20 Wong loro iku mau teka nang Yesus terus guneman, “Yohanes sing mbaptis wong, ngongkon takon nang Rika, ‘Apa Rika iku Raja Pilihane Pengeran sing dijanjek'en biyen, utawa apa kene kabeh kudu ngenteni wong liya?’ ” 21 Pas iku Yesus gek marasen akeh wong teka akeh maceme lara, ya nundung roh-roh jahat karo maneh nggawe akeh wong sing picek bisa nguwasen.
22 Maringono Yesus nyauri, “Balik'a nang Yohanes. Ceritakna paran sing wis sira deleng karo sira rungok'en. Wong picek bisa ndeleng, wong lumpuh bisa mlaku, wong lara kusta bisa waras, wong budek bisa krungu, wong sing mati bisa urip maneh, terus wong mlarat digenehi Kabar Apik teka Pengeran. 23 Dadi, bungah temen wong sing orak bimbang nang Reang.”
Yesus cerita nang wong akeh ngenek'i Nabi Yohanes
24 Sak'marine kongkonane Yohanes iku mbalik, Yesus kawit guneman nang wong akeh ngenek'i Yohanes ngene, “Paran tujuane sira budal nang ara-ara amba? Apa kepingin ndeleng suket sing keterak angin? 25 Kanggo paran sira budal mrana? Apa kate ndeleng wong sing nggawe klambi apik? Ya mesti orak kira. Merga wong sing keklamben apik karo wong sugih ana ning kratone raja! 26 Dadi tujuane sira rana iku kate ngapa? Apa sira kepingin ndeleng nabi? Bener, tapikne Yohanes iku luwih gede teka nabi-nabi liyane. 27 Merga Pengeran tau guneman ngenek'i Yohanes ning Kitab Suci ngene:
‘Gatekna! Reang bakal ngongkon nabine Reang ndikik'i tekane Raja Pilihane Reang.
Nabine Reang iku bakale nyiapen atine wong kanggo tekane Raja Pilihane Reang.’ (Maleakhi 3:1)
28 “Rungokna! Teka kabeh wong, nanak nabi sing derajate luwih duwur ketimbang Yohanes. Tapikne, wong sing paling cilik ning Kerajaane Pengeran gek luwih duwur derajate ketimbang Yohanes.”
29 Sita krungu gunemane Yesus iku mau, wong-wong tukang narik pajek ambek wong-wong liyane sing ana ning kono pada ngakoni nek dalane Pengeran iku bener, merga kabeh wong iku tau tobat, terus dibaptis Yohanes. 30 Tapikne wong-wong Farisi karo ahli-ahli agama wis metu teka dalane Pengeran merga orak gelem tobat terus nolak dibaptis nang Yohanes.
31 Maringono Yesus guneman maneh, “Njare carane ngumpamak'en wong-wong jaman sak'iki sing atine orak bisa disenengen? 32 Wong-wong iki tak umpamak'en karo lare-lare cilik ning pasar sing sesautan nang kancane ngene,
‘Reang karo kanca-kanca pada ngidung sing sedih,
tapikne ngapa sira kabeh kok orak nangis?’
‘Reang karo kanca-kanca pada nyuling sing bungah nang sira kabeh,
tapikne ngapa sira kok orak njoget?’
33 “Nabi Yohanes iku teka, terus gelek pasa karo orak ngombe anggur. Merga iku sira orak seneng terus guneman, ‘Yohanes iki duduk nabi tapi wong sing klebon roh jahat.’ 34 Maringono, Reang, Rajane Menungsa, teka, terus mangan karo ngombe anggur. Merga iku sira orak seneng terus guneman, ‘Wong sing brokoh mangane karo doyan ngombe iki duduk nabi, tapi kancane tukang narik pajek karo wong sing dusa.’ 35 Nyatane, paran sing diputusen Pengeran iku kebukten bener ngliwati paran sing kedadean.”
Yesus nyepura wong wedok sing dusa
36 Ana wong teka golongane Farisi sing jenenge Simon. Simon iku ngejak Yesus mangan nang umahe. Maringono Yesus budal nang umahe wong iku terus lungguh ning klasa ambek mangan.
37 Ning kota iku ana salah sijine wong wedok sing tau dadi senok. Pas krungu nek Yesus gek mangan ning umahe Simon, wong wedok iku budal marani ambek nggawa sak'botol watu pualam sing diiseni lenga wangi. 38 Merga Yesus mangan ambek leleyeh ning klasa, wong wedok iku mau ngadek ning parek'e sikile Yesus. Wong wedok iku nangis, terus nelesi sikile Yesus karo eluhe. Maringono sikile Yesus diambung, dilap nggawe rambute, terus diolesi karo lenga wangi.
39 Pas nguwasen kedadean iku, Simon mikir ning njero atine ngene, “Nek Yesus pancen nabi, mestine weruh nek'e wong wedok iku wong sing dusa.”
40 Dadi Yesus guneman nang Simon ngene, “Simon ana sing kepingin Tak wuruk'en nang sira.”
Simon njawab, “Ya Guru, monggo sampekna.”
41 Yesus guneman, “Ana wong loro sing duwe utang nang wong sing penggaweane ngutangi picis. Sing siji duwe utang sak'gedene buruhan limang atus (500) dina nyambut gawe. Sing sijine duwe utang sak'gedene buruhan seket (50) dina nyambut gawe. 42 Suwe-suwe, nyatane wong loro iku pada orak bisa mbayar utange. Ahire sing ngutangi mbebasen wong loro iku teka utange dewe-dewe. Nurut sira, sapa ning antarane wong loro iku sing luwih nedanerima nang sing ngutangi mau?”
43 Simon njawab, “Nurut reang, sing paling akeh utange iku sing luwih nedanerima.”
Terus Yesus guneman, “Jawabane sira iku bener.”
44 Maringono Yesus noleh nang wong wedok iku ambek guneman nang Simon, “Sira wis ndeleng paran sing dilakoni wong wedok iki. Pas Reang mlebu nang umah iki, sira orak nggenehi banyu sing digawe wisuh sikile Reang. Tapikne sikile Reang diwisuhi karo eluhe wong wedok iki terus dilap ambek rambute. 45 Kawit Reang teka, sira orak ngambunga Reang. Tapi wong wedok iki orak leren ngambung sikile Reang. 46 Apa maneh, sira orak ngolesi ndase Reang nggawe lenga. Tapikne wong wedok iki ngolesi sikile Reang nggawe lenga wangi. 47 Rungokna! Dusane wong wedok iki sing akeh wis disepura. Mangkane wong wedok iki ndudohen nedanerimane sing gede. Tapi nek Reang nyepura wong sing dusane mek titik, nedanerimane wong iku bakal titik pisan.” 48 Terus Yesus guneman nang wong wedok iku, “Dusa-dusane sira wis Tak sepura.”
49 Kabeh wong sing mangan bareng Yesus mikir ning njero atine ngene, “Sapa sih Wong iki sing wani nyepura dusane wong?”
50 Tapi Yesus guneman nang wong wedok iku, “Sira wis dislameten merga percaya nang Reang. Sak'iki muliha wis, sing damang pikire.”