Tetakonan ngenek'i dina Sabat
6
Ning salah sijine dina Sabat,a Yesus mlaku-mlaku ngliwati gaga bebarengan murid-muride. Terus murid-muride metik wijine gandum. Wijine gandum iku dikocek'i, terus dipangan. 2 Tapikne pepirang wong Farisi pada guneman, “Ngapa kok murid-muride sira manen gandum pas dina Sabat? Sira lak wis weruh wong Ibrani orak oleh nyambut gawe pas dina suci iki.”
3 Yesus njawab, “Apa sira orak maca ning Kitab Suci ceritane Daudb biyen? Sak'durunge Daud dadi raja, Daud ambek kanca-kancane keluwen. 4 Terus Daud mlebu nang Umahe Pengeran, maringono njupuk roti sing wis disajek'en nang Pengeran. Roti iku dipangan Daud, terus digenehen nang kanca-kancane. Tapi nurut Kitab Suci, roti iku orak oleh dipangan wong biasa. Sak'jane mek pengarep-pengarepe sembahyang wae sing oleh mangan roti iku. 5 Dadi gatekna! Rajane Menungsa iki duwe hak nentok'en paran sing oleh utawa orak oleh dilakoni pas dina Sabat.”
Yesus marasen wong pas dina Sabat
6 Pas dina Sabat liyane, Yesus mulang ning balai agama Ibrani. Ning kono ana wong sing tangan tengene lumpuh. 7 Pepirang ahli agama Ibrani ambek wong Farisi pada nguwasen paran sing kate dilakoni Yesus. Nek'e Yesus marasen wong pas dina Sabat, iku bakale dadi dalan kanggo nyalahen Yesus. 8 Tapikne Yesus weruh paran sing dipikiren wong-wong iku. Terus Yesus guneman nang wong sing lara tangane iku mau, “Ngadek'a sira ning ngarepan kene!” Terus wong iku ngadek ning ngarepan. 9 Marine iku Yesus takon nang wong-wong sing ana ning kono, “Nurut Kitab Suci, paran sing oleh dilakoni pas dina Sabat? Nglakoni sing apik utawa sing elek? Nyelameten wong utawa mateni wong?”
10 Maringono Yesus nguwasen sak'kabehe wong, terus guneman nang wong sing lara tangane iku mau, “Elungna tangane sira!” Mari wong iku nguluren tangane, tangane langsung waras. 11 Sak'wise iku, ahli-ahli agama Ibrani ambek wong-wong Farisi dadi mangkel temenan. Terus rundingan njare carane ngalahen Yesus.
Rolas muride Yesus dipilih dadi utusan-utusane
12 Maringono, Yesus budal nang pusung. Ning kono Yesus ndedunga nang Pengeran sak'wengi-wengi. 13 Sak'marine dina wis padang, Yesus nyeluk murid-muride kabeh. Teka murid-murid iku, Yesus milih rolas wong, terus didadek'en utusan-utusanc sing bakal nerusen wuruk'ane. 14 Jenenge wong-wong iku:
Simon sing celuk'ane Petrus,
Andreas dulure Petrus,
Yakobus,
Yohanes,
Filipus,
Bartolomeus,
15 Matius,
Tomas,
Yakobus anak'e Pak Alfeus,
Simon sing dianggep ‘fanatik,’d
16 Yudas anak'e Yakobus,
ambek Yudas Iskariot sing masrahen Yesus nang pemimpin-pemimpin agama cekne dipateni.
Yesus marasen karo mulang wong akeh
17 Maringono Yesus karo murid-muride mudun teka pusung iku nang enggon ledok'an. Ning kono ana akeh wong ambek murid-murid liyane sing pada teka. Ana pisan wong Ibrani teka Yudea karo kota Yerusalem sing adohe mlaku limang dina. Ana maneh wong-wong duduk bangsa Ibrani teka kota Tirus karo Sidon ning pinggire segara sing mlakune telung dina. 18 Sak'kabehe wong-wong iku kate ngrungok'en wulangane Yesus, karo diwarasen teka lara-larane. Wong-wong sing keganggu roh-roh jahat diwarasen pisan. 19 Wong-wong kabeh iku pada usaha nyandak klambine Yesus, mergane ana kuwasa sing metu teka Yesus sing bisa marasen wong-wong iku kabeh.
20 Terus Yesus guneman nang wong-wong sing kulina melu Yesus,
“Bungah temen sira sing mlarat,
merga sira sing dadi warga Kerajaane Pengeran.
21 Bungah temen sira sing luwe,
merga sira kabeh bakale wareg.
Bungah temen sira sing nangis,
merga sira kabeh bakale pada ngguyu.
22 Bungah temen sira sing disengiti, orak direken, sing dilok'en karo dipitnah,
merga melu Reang, Rajane Menungsa.
23 Sira gek bisa bungah karo seneng merga sira bakal oleh ganjaran sing gede ning swarga. Kabeh nabi biyen ya digawe ngono pisan nang mbah buyute sira.
24 Tapikne, blai'a sira sing sugih,
merga sira bakale orak nerima seneng maneh.
25 Blai'a sira sing wareg,
merga sira bakale keluwen.
Blai'a sira sing ngguyu-ngguyu wong sing sara,
merga sira bakale nangis kesusahan.
26 Blai'a sira sing diajeni wong
merga biyen nabi sing gorohan ya diajeni pisan nang wong akeh.”
Welas asihana musuhe sira
27 “Tapi rungokna wulangane Reang iki. Welas asihana musuhe, apik'ana wong sing nyengiti sira, 28 njaluk'a berkah nang Pengeran kanggo wong sing nyedani sira, karo dungakna wong sing nglakoni elek nang sira. 29 Nek ana wong sing ngampleng pipine sira sing tengen, genehna pisan sing kiwa. Nek ana wong sing njupuk jubahe sira, genehna pisan klambine sira. 30 Nek ana wong sing njaluk, gewehana. Nek ana wong sing njupuk peparane sira, ajo njaluk balen. 31 Lakokna apik nang wong liya cekne wong liya nglakoni apik nang sira. 32 Nek sira mek welasi wong sing melasi sira, sira orak bakal digenehi ganjaran apik teka Pengeran. Iku pada karo wong dusa sing melasi merga diwelasi dikek. 33 Nek sira mek ngapik'i wong sing ngapik'i sira, sira orak bakal digenehi ganjaran apik teka Pengeran. Iku pada karo wong dusa sing nglakoni apik merga diapik'i dikek. 34 Ambek maneh, nek sira nyilihi wong sing bisa mbalik'en, sira orak bakal digenehi ganjaran apik teka Pengeran. Wong dusa ya bisa nyilihi merga kepingin balen sing pada.
35 “Tapikne welas asihana musuhe sira, apik'ana, silihana, ajo ngarepen balen. Nek ngono sira bakale oleh ganjaran apik sing gede. Nek watek'e sira kaya ngono, iku mbuktek'en nek sira pancen anak'e sing Maha Duwur. Merga Pengeran iku ngapik'i wong sing orak nedanerima nang wong sing dusa. 36 Sira kudu mesak'en wong, merga Bapakne sira ning swarga ya mesak'en wong pisan.”
Ajo ngadili wong
37 “Ajo ngadili wong liya, cekne orak diakimi Pengeran. Ambek maneh ajo ngukum wong liya, cekne orak diukum Pengeran. Sepuranen wong liya, cekne disepura Pengeran. 38 Genehana, cekne digenehi. Gawe'a taker sing gede, sing bek. Merga takeran sing sira gawe kate ditakeren nang sira dewe.”
39 Terus Yesus guneman gawe paribasan maneh ngene, “Bisa tah, wong picek nuntun wong picek liya? Mestine wong loro iku bakale kecemplung jurang. Ya ngono pisan murid orak bisa mulang murid liyane. 40 Apa maneh, murid orak luwih ilmune teka gurune. Tapikne murid sing wis nutuken ilmune bakale bisa nuntun wong entah gurune.
41 “Njare sira bisa metani tuma siji ning ndase kancane, tapi ndase sira dewe, sing akeh tumane, orak sira petani? 42 Njare sira bisa guneman nang kancane ngene, ‘Kanca, tak petani ya tumane sira sing siji iku,’ tapikne ndase sira dewe sing akeh tumane orak dipetani? He wong sing apen-apen apik, petanana dikek tuma sing ngebek'i ndase sira dewe. Teruse sira bisa metani tuma ning ndase kancane.e
43 “Wit sing apik orak kira ngetok'en woh sing elek. Ya ngono pisan wit sing elek orak kira ngetok'en woh sing apik. 44 Wong bisa weruh wit paran wae teka wohe. Dadi, wong orak bisa metik wohe ara teka wite bedor, utawa metik wohe anggur teka wite dadap. 45 Wong sing atine apik bakale gunemane apik. Tapikne wong sing atine elek bakale gunemane elek. Merga paran wae sing digunemen wong, asale teka atine dewe.”
Pondasi sing kuwat karo sing orak kuwat
46 Terus Yesus guneman maneh, “Ngapa sira kok nyeluk Reang, ‘Guru, Guru,’ tapi sira orak nglakoni paran sing tak kongkonen? 47 Saben wong sing teka nang Reang, terus ngrungok'en wuruk'ane Reang pada karo wong sing gawe umah. Nek wong iku ngrungok'en ambek nglakoni gunemane Reang, wong iku memper 48 wong sing mondasi umahe gawe watu sing dikeruk jero temenan. Masia ana banjir gede sing nerak, umah iku orak bakale rubuh merga pondasine kuwat. 49 Tapikne wong sing ngrungok'en wuruk'ane Reang terus orak nglakoni, iku pada karo wong sing nggawe umah ning duwure lemah tok, tapi nanak pondasine. Pas diterak banjir gede, umah iku bakale rubuh, terus rusak kabeh.”