Yesus milih murid-murid sing kawitan
5
1-2 Ning salah sijine dina Yesus ngadek ning pinggire ranu Genesaret.a Yesus ndeleng ana prau loro. Pas iku nelayan-nelayan wis mudun teka praune terus gek ngumbah jaringe. Ning kono ana wong akeh sing ngrombyong Yesus, kepingin ngrungok'en pesene Pengeran. 3 Cekne bisa muruk'i wong akeh sing ana ning pinggire ranu, Yesus munggah nang salah sijine prau, yaiku praune Simon. Yesus ngongkon Simon nyurung praune orak kosi adoh teka pinggire ranu. Maringono Yesus lungguh ning duwure prau ambek muruk'i wong akeh sing ana ning pinggirane ranu iku. 
Yesus lungguh ning duwure prau (5:3)
4 Sak'wise muruk'i, Yesus guneman nang Simon, “Gawanen prau iki nang enggon sing luwih jero, terus cemplungen jaringe kanggo nggolek iwak.”
5 Simon njawab, “Guru sak'wengi-wengi reang ambek kanca-kanca wis mantep golek iwak, tapi orak oleh sesijia. Tapikne merga Rika sing ngongkon, ya tak cemplungen wae jaring iki.”
6 Sak'marine nyemplungen jaring, Simon karo kanca-kancane oleh iwak sing akeh temenan sampek jaringe molai mbrodol. 7 Mangkane pada njaluk tulung nang kanca-kancane ning prau liyane cekne melu ngrewangi. 8-10 Kanca-kancane teka, terus ngrewangi ngiseni iwak ning rong prau iku sampek prau-prau iku meh klelep. Ndeleng akehe iwak sing kejaring iku, kancane kabeh pada gawok. Sak'antarane kancane Simon, ana sing jenenge Yakobus karo Yohanes. Lelorone iku anak'e Pak Sebedeus.
Pas ndeleng kuwasane Yesus, Simon, sing celuk'ane Petrus, sujud, terus guneman, “Gusti, ngedoha teka reang. Reang orak pantes parek karo Rika, merga reang wong dusa.”
Yesus guneman nang Simon, “Ajo wedi. Masia penggaweane sira mek nggolek iwak, tapikne kawit sak'iki sira bakale nggolek wong-wong kanggo melu Reang.”
11 Sak'wise nggawa prau-praune nang pinggirane ranu, nelayan-nelayan iku ninggalen sak'kabehe terus melu Yesus.
Yesus marasen wong sing lara kusta
12 Ning salah sijine dina Yesus ana ning kota ning daerah Galilea. Ning kono ana wong lanang sing awak'e dibek'i kusta. Pas ndeleng Yesus, wong iku sujud ambek guneman, “Gusti, nek'e Rika gelem, reang percaya Rika bisa marasen reang.”
13 Terus Yesus nguluren tangane, nyandak wong iku ambek guneman, “Reang gelem. Warasa sira sak'iki!” Memara larane wong iku waras. 14 Maringono Yesus guneman maneh, “Kedadean iki, ajo diceritak'en nang sapa wae. Tapikne dudohna awak'e sira nang pengarepe sembahyang, kanggo mbuktek'en nek sira wis waras teka lara kusta iki. Terus genehana korban kewan nang Pengeran, persis sing wis dikongkonen Nabi Musa biyen.”
15 Tambah suwe jenenge Yesus tambah kesuwur ning endi-endi. Akeh wong pada nekani Yesus cekne bisa ngrungok'en wulangane karo pisan diwarasen teka larane. 16 Masia ngono, Yesus biasane nggolek enggon sing sepi cekne bisa ndedunga.
Yesus marasen wong lumpuh
17 Ning salah sijine dina, Yesus mulang ning njero umahe wong. Pas iku Gusti Pengeran nggenehi kuwasa nang Yesus kanggo marasen wong. Ning kono ana pepirang wong Farisib karo guru hukum agama Ibrani sing lungguh ambek ngrungok'en Yesus. Wong-wong iku maune budal teka sak'kabehe desa ning daerah Galilea, Yudea karo kota Yerusalem.
18 Maringono ana sing nggotong wong lumpuh ning klasa, terus kepingin mlebu nang umah iku cekne bisa marek'i Yesus. 19 Merga saking akehe wong ning umah iku, wong lumpuh ambek kancane orak bisa mlebu. Mangkane wong lumpuh iku mau digawa munggah nang duwure umah.

Wong lumpuh digawa nang duwure umah (5:19)
20 Ndeleng iku, Yesus weruh wong-wong iku percaya nang kuwasane. Terus Yesus guneman nang wong lumpuh iku, “Cak, dusane sira wis disepura.”
21 Pas krungu iku, pepirang ahli agama Ibrani karo wong Farisi pada takon nang kanca-kancane, “Sapa Wong iki sing wani nentang Pengeran? Sak'jane mek Pengeran wae sing bisa nyepura dusane menungsa!”
22 Tapikne Yesus wis weruh paran sing dipikiren wong-wong iku terus guneman, “Ngapa sira kok orak percaya Reang bisa nyepura dusane wong? 23 Nek Reang guneman, ‘Dusane Tak sepura,’ utawa ‘Larane Tak warasen,’ sing endi luwih ewoh Tak buktek'en? 24 Reang iki Rajane Menungsa.c Dadi Reang duwe kuwasa ning ndunya kanggo nyepura dusane wong. Delengen, iki buktine.” Terus Yesus guneman nang wong lumpuh iku, “Tangia, jupuk'en klasane sira, terus muliha.”
25 Memara wong lumpuh iku tangi ning ngarepe wong akeh. Sak'marine njupuk klasane, wong iku moleh nang umahe ambek muji nang Pengeran. 26 Kabeh wong sing ana ning kono pada gawok karo wedi, terus muji Pengeran pisan. Wong-wong iku pada guneman ngene, “Nggawok'i temenan kedadean sing kene ndeleng dina iki.”
Yesus mangan bebarengan wong-wong dusa
27 Marine iku Yesus metu, terus campuh karo wong tukang narik pajek, sing jenenge Pak Lewi. Pas iku Lewi gek lungguh ning panggonan mbayar pajek. Yesus guneman, “Ayo, melua Reang!” 28 Lewi ngadek, ninggalen penggaweane, terus melu Yesus.
29 Marine ngono Lewi nganak'en syukuran kanggo Yesus ning umahe. Akeh wong tukang narik pajek karo kanca-kanca liyane melu mangan bebarengan Yesus karo Lewi. 30 Tapi wong Farisi ambek ahli agama Ibrani pada nggrundel terus guneman nang murid-muride Yesus, “Ngapa sira kok mangan bebarengan karo wong-wong tukang narik pajek ambek wong-wong dusa?”
31 Yesus njawab, “Duduk wong waras sing butuh diwarasen, tapi wong sing lara. 32 Reang teka duduk kanggo ngejak wong sing ngarani awak'e dewe bener, tapikne kanggo ngejak wong dusa cek'ne tobat teka dusa-dusane.”
33 Wong Farisi iku pada guneman maneh, “Murid-muride Yohanes gelek pasa karo ndedunga. Ya ngono pisan murid-muride wong Farisi. Tapikne, ngapa murid-muride Rika kok memangan karo ngombe tok?”
34 Terus Yesus njawab gawe paribasan ngenek'i Awak'e dewe, “Kemanten lanang orak kira ngongkon kanca sinoman pasa pas teka nang slametan. 35 Tapikne, kanca-kancane kemanten iku mestine pasa, pas kemanten lanang iku mau dicekel terus dipeksa budal.”
36 Maringono Yesus nyeritak'en paribasan maneh nang wong-wong iku, “Nanak wong sing nyowek klambi anyar kanggo nambal klambi lawas sing bolong. Klambi anyar iku bakale rusak merga disowek, terus kain lelorone iku orak bakal cocok. 37 Terus, nanak wong sing ngiseni anggur anyar ning kantong kulit lawas sing orak bisa mekar maneh. Merga kantong teka kulit sing lawas iku bakale sowek teka glembunge anggur anyar iku. Nek ngono, anggure kebuang ambek kantonge ya rusak pisan. 38 Tapikne banyu anggur sing anyar kudu dilebok'en nang kantong kulit sing anyar.
39 “Apa maneh nanak sesijia wong sing gelem ngombe banyu anggur sing anyar sak'wise ngombe banyu anggur sing lawas. Wong iku bakal guneman, ‘Enak'an anggur sing lawas.’ ”