Yesus diguda rajane roh-roh jahat
4
Sak'marine ninggalen kali Yordan, Rohe Pengeran nguwaten Yesus. Rohe Pengeran iku nuntun Yesus budal nang ara-ara amba. 2 Ning kono Iblis, yaiku rajane roh-roh jahat, ngguda Yesus suwene petang puluh (40) dina. Pas iku Yesus keluwen temenan, merga sak'wene iku Yesus orak mangan peparan.3 Iblis guneman nang Yesus, “Nek Sira iki pancene Anak'e Pengeran, kongkonen watu iki dadi roti.”
4 Yesus guneman, “Ning Kitab Suci ana unine ngene:
‘Uripe menungsa duduk teka pangan tok.’ ” (Ulangan 8:3)
5 Maringono Iblis ngejak Yesus nang enggon sing duwur. Mara-mara ndudohen nang Yesus sak'kabehe kerajaan sing ana ning ndunya. 6 Iblis guneman, “Kabeh kuwasa karo dunya brana ning ndunya iki wis digenehen nang reang. Apa maneh reang bisa nggenehi nang sapa wae sing tak karepen. 7 Nek'e Sira nyembah reang, kabeh dunya brana karo kuwasa iku bakal dadi duwek'e Sira.”
8 Yesus guneman, “Ning Kitab Suci ana unine ngene:
‘Nyembaha karo manuta nang Gusti Pengeran wae.’ ” (Ulangan 6:13)
9 Maringono Iblis ngejak Yesus nang Yerusalem, terus Yesus digawa nang duwure Umahe Pengeran, terus ngadek ning pucuk'e larap. Na, biasane ana akeh wong nglumpuk ning latare Umahe Pengeran iku. Terus Iblis guneman nang Yesus, “Nek Sira pancen Anak'e Pengeran, rotohna awak'e Sira teka kene, 10 merga ana unine Kitab Suci ngene:
‘Pengeran bakale ngongkon malaekat-malaekate njaga Sira.
11 Malaekat-malaekat iku bakale nampani Sira nggawe tangane
cekne sikile Sira orak sampek kenek'an watu.’ ” (Masmur 91:11-12)
12 Yesus guneman, “Ning Kitab Suci ana unine ngene:
‘Ajo nguji Gusti Pengerane sira.’ ” (Ulangan 6:16)
13 Sak'marine ngguda Yesus, Iblis budal terus nggolek wayah liya kanggo ngguda Yesus maneh.
Yesus ngawiti penggaweane, tapi orak ditampa ning kampung asale
14 Maringono, sak'njerone kuwasane Rohe Pengeran, Yesus budal moleh nang daerah Galilea. Kabar ngenek'i Yesus sumebar nang sak'kabehe daerah iku. 15 Ning kono Yesus mulang ning balai agamane wong Ibrani,a terus diajeni nang kabeh wong.
16 Sak'marine iku, Yesus moleh nang desa Nasaret, yaiku kampung asale dewe. Ning kono, Yesus mlaku nang balai agama Ibrani, terus ngadek ning ngarepan ambek maca Kitab Suci, kaya biasane. 17 Kitab Nabi Yesaya dilungen nang Yesus. Sak'marine mbukak kitab iku, Yesus nemok'en karo maca bageane kitab sing unine:
18 “Rohe Gusti Pengeran ana ning njerone Reang,
merga Pengeran wis nentok'en Reang
kanggo ngabaren Kabar Apik
nang wong-wong mlarat.
Pengeran wis ngongkon Reang
kanggo ngabari nek'e
wong-wong tawanan bisa diculen,
wong-wong sing picek bisa melek,
wong-wong sing ketindes bisa dientas,
19 karo ngabari nek'e
jaman welase Gusti Pengeran wis teka.” (Yesaya 61:1-2)
20 Maringono Yesus nutup kitab iku karo mbalik'en nang wong sing nggenehi mau, terus lungguh maneh. Kabeh wong pada nguwasen nang Yesus. 21 Teruse Yesus ngawiti mulang wong-wong iku, “Dina iki, paran sing wis sira kabeh rungok'en teka Kitab Suci iku mau wis dinyatak'en.”
22 Kabeh wong pada gawok ngrungok'en wuruk'ane Yesus sing nyenengen atine, terus takon, “Kok anak'e Yusuf iku bisa njabaren isine Kitab Suci kaya ngono?”
23 Maringono Yesus guneman, “Mestine sira bakale nggunem paribasan iki nang Reang, ‘He tukang nyelameten wong, slametna awak'e Sira dewe! Buktekna nang enggon plairane Sira iki kuwasa sing tau sira dudohen ning kota Kapernaum.’ ” 24 Yesus nerusen gunemane, “Gunemane Reang iki bener temenan, nanak sesijia nabi sing diajeni ning enggone asale dewe. 25 Rungokna! Biyen pas jamane Nabi Elia ana paceklik merga nanak udan suwene telung taun enem wulan. Merga iku akeh randa ning daerah Ibrani kerepotan nggolek pangan. 26 Masia ngono, Pengeran orak ngongkon Nabi Elia nulung salah sijine randa-randa ning Ibrani kene. Tapikne dikongkon ngladeni salah sijine randa ning negara liya. Randa iku ana ning desa Sarfat ning daerah Sidon. 27 Apa maneh, biyen pas jamane Nabi Elisa ana akeh wong ning Ibrani sing kenek lara kusta.b Masia ngono, Pengeran ya orak ngongkon Nabi Elisa nulung salah sijine wong sing lara kusta ning Ibrani kene. Tapikne ngongkon marasen wong sing lara kusta teka negara Siria sing jenenge Naaman.”
28 Sak'marine ngrungok'en iku, sak'kabehe wong ning balai agama iku pada ngamuk, 29 ngadek, terus nundung Yesus nang njabane desa. Merga desa iku ana ning pusungan, wong-wong iku kepingin njungkrak'en Yesus nang curah. 30 Tapikne Yesus mek mlaku ngliwati wong akeh iku, terus budal.
Yesus nundung roh jahat teka awak'e wong
31 Wayah liya Yesus budal nang kota Kapernaum, ning daerah Galilea. Pas dina Sabat,c Yesus mulang ning balai agama. 32 Wong-wong ning kono pada gawok nang wulangane Yesus, merga wulangane iku mau akeh kuwasane. 33 Ning njero balai agama iku, ana wong sing klebon roh jahat. Roh jahat iku memelung banter, 34 “He Yesus teka Nasaret, paran urusane Sira karo reang? Apa tekane Sira kate mateni reang? Reang weruh nek Sira iku utusan sing suci teka Pengeran.”
35 Tapikne roh jahat iku disenggrang, “Menenga! Metu'a sira teka wong iki!” Terus roh jahat mau mbanting wong iku ning tengahe wong akeh. Tapikne wong iku orak ngapa-ngapa. Mari iku roh jahat mau metu. 36 Wong sing ana ning kono pada gawok kabeh, terus pada guneman nang kanca-kancane, “Mandi temenan gunemane wong iki, gede kuwasane. Apa maneh, roh-roh jahat iku nurut nang wong iki merga kuwasane. Mek dikongkon wae, roh-roh jahat pada metu.” 37 Teruse, cerita iku nyebar nang sak'kabehe daerah iku.
Yesus marasen wong akeh
38 Maringono Yesus ninggalen balai agama iku terus mlebu nang umahe Simon. Pas iku maratuane Simon sing wedok adem-adem nemen. Simon njaluk tulung nang Yesus. 39 Terus Yesus marek'i lincak'e, nungkruk ning duwure wong wedok iku, karo nundung nggregese. Maringono larane budal. Wong wedok iku tangi terus ngladeni wong kabeh sing ana ning kono.
40 Pas wayah surup, wong-wong sing lara sembarang kalir pada digawa nang Yesus. Yesus numpangen tangane nang wong kabeh sing lara iku siji-siji, terus wong-wong iku waras.
41 Pas iku pisan, ana roh-roh jahat sing metu teka wong akeh, ambek melung-melung, “Rika iki pancene Anak'e Pengeran.” Tapi roh-roh jahat iku disenggrang nang Yesus. Roh-roh jahat iku orak diolehi guneman merga weruh nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran.
42 Sisuk'e, pas sengenge wis cukul, Yesus budal nang enggon sing sepi. Tapikne akeh wong sing pada nggolek'i Yesus. Sak'marine nemok'en Yesus, wong-wong iku menggak Yesus cekne orak budal teka kono. 43 Tapikne Yesus guneman, “Reang iki orak diutus kanggo meneng ning kene wae, tapi Reang diutus nang kota-kota liyane pisan. Reang iki kudu nyampek'en Kabar Apik nek'e Kerajaane Pengerand kate dinyatak'en.” 44 Maringono Yesus nerusen mulang ning balai-balai agama liyane ning daerah Yudea.