Yohanes molai nyampek'en pesen teka Pengeran
3
Ning Kerajaan Roma, ana akeh propinsi. Yesus manggon ning daerah Galilea, parek'e daerah Iturea, Trakonitis, karo Abilene. Kidule daerah Galilea ana daerah Yudea.a1 Sak'wise limalas taun Tiberius dadi Raja Gede ning Kerajaan Roma, Pontius Pilatus dadi gubernur ning Yudea. Pas iku Herodes Antipasb dadi raja ning daerah Galilea. Dulure Herodes sing jenenge Filipus dadi raja pisan ning daerah Iturea karo Trakonitis. Terus Lisanias dadi raja ning daerah Abilene.
2 Wayah iku, sing dadi pengarepe sembahyang agung,c yaiku Pak Hanas karo anak'e sing jenenge Kayafas. Pas sak'mono, gunemane Pengeran teka nang Yohanes, anak'e Pak Sakaria, sing gek manggon ning ara-ara amba. 3 Maringono Yohanes budal nang sak'kabehe enggon parek'e kali Yordan. Ning kono, Yohanes memelung ngene, “Tobata, terus sira kudu dibaptisd cek'ne dusa-dusane disepura nang Pengeran!”
4 Kedadean iku wis ditulis atusan taun sak'durunge iku ning kitabe Nabi Yesaya, ngene:
“Ana wong sing melung-melung ning ara-ara amba.
Sira kudu nyiapen sembarang kalir
kanggo tekane Gusti Pengeran.
Ratakna dalan nang atine sira
kanggo tekane Gusti iku.
5 Sak'kabehe ledok'an bakal diuruki.
Gunung karo pusungan bakale diratak'en.
Dalan sing menggak-menggok bakale dikencengen.
Dalan sing mundak-munduk bakale dialusen.
6 Sak'kabehe wong ning ndunya
bakale ndeleng Raja sing dicawisen Pengeran
kanggo nyelameten menungsa.” (Yesaya 40:3-5)
7 Maringono ana wong akeh sing njaluk dibaptis. Terus Yohanes guneman nang pemimpin-pemimpin agama sing ana ning kono pisan, “Sira kabeh duwe watek sing elek. Apa sira kepingin mlayu teka ukumane Pengeran sing bakale teka? 8 Nek sira kate tobat temenan, buktekna nang kelakuane sira. Ajo gendak polae sira anak putune Mbah Abraham, yaiku mbah buyute kene. Masia Pengeran tau njanji nek keturunane Mbah Abraham bakal diberkahi, tapi Pengeran bisa ngrubah watu-watu iki dadi keturunane Mbah Abraham, ngganteni sira kabeh! 9 Wit sing orak ngetok'en woh sing apik bakale ditegor nganggo perkul, terus diuncalen ning njero geni. Ya ngono pisan Pengeran kate ngukum wong sing kelakuane elek.”
10 Ning kono ana wong akeh sing takon nang Yohanes, “Nek ngono, paran sing kudu kene lakoni?”
11 Yohanes njawab, “Sapa sing duwe klambi loro, genehna sing sijine nang wong sing orak duwe. Terus sapa wae sing duwe pangan luwih, dumen karo wong sing keluwen!”
12 Maringono, ana wong-wong tukang narik pajeke sing teka nang Yohanes merga kepingin dibaptis pisan. Wong-wong iku pada takon, “Guru, paran sing kudu kene lakoni?”
13 Yohanes njawab, “Ajo nagih luwih akeh teka sing wis ditentok'en!”
14 Ana pisan prajurit-prajurit sing takon nang Yohanes, “Paran sing kudu kene lakoni?”
Yohanes njawab, “Ajo ngarani wong sing orak salah, ya ajo meres. Cukupna uripe sira teka bayarane sira dewe!”
15 Pas iku, akeh wong Ibrani wis ngenteni karo arep-arep tekane Raja Pilihane Pengeran sing dijanjek'en biyen. Wong-wong iku pada takon ning njero atine, “Apa bener Yohanes iku Raja Pilihane Pengeran?”
16 Mangkane, Yohanes guneman nang wong akeh, “Sira tak baptis nggawe banyu, tapikne Raja iku bakale teka terus mbaptis nggawe Rohe Pengeran ambek geni. Raja iku duwe kuwasa sing luwih gede teka reang, sampek nyoplok sandale wae, reang orak pantes. 17 Raja iku bakale ngadili menungsa kabeh, yaiku nyejek'en antarane wong sing jahat karo wong sing apik. Iku persis wong tani sing nyejek'en gandum teka sekeme. Gandum bakal diklumpuk'en nang gudang, tapikne sekem bakal dilebok'en ning geni, terus diobong sak'lelawase.”
18 Yohanes nerusen nyampek'en Kabar Apik teka Pengeran ambek ngilingen wong akeh. 19 Yohanes ngilingen pisan Raja Herodes Antipas merga kelakuan-kelakuane sing elek. Salah sijine kelakuane, Raja Herodes ngepek Mak Herodias, yaiku bojone dulure, didadek'en bojone dewe. 20 Tapi, Herodes orak nglereni kelakuane sing elek, malahan nglebok'en Yohanes nang njero bui.
Yesus dibaptis
21 Sita akeh wong ning daerah iku dibaptis, Yesus dibaptis pisan. Pas Yesus gek ndedunga, langit kebukak, 22 terus Rohe Pengeran sing ketok'e entah manuk dara mudun nang duwure Yesus. Pas iku ana suwara teka swarga ngene, “Sira iki Anak'e Reang sing Tak tresnani. Sira nyenengen atine Reang.”
Rentetane Yesus
23 Pas ngawiti penggaweane, umure Yesus kira-kira telung puluh (30) taun. Nurut anggepane wong, Yesus iku anak'e Yusuf.
Na Yusuf duwe bapak sing jenenge Eli,
24 Eli duwe bapak Matat, Matat duwe bapak Lewi,
sing bapakne Malkhi, sing bapakne Yanai,
sing bapakne Amos, sing bapakne Nahum,
sing bapakne Hesli, sing bapakne Nagai,
26 sing bapakne Maat, sing bapakne Matica,
sing bapakne Simei, sing bapakne Yosekh,
sing bapakne Resa, sing bapakne Serubabel,
sing bapakne Sealtiel, sing bapakne Neri,
28 sing bapakne Malkhi, sing bapakne Adi,
sing bapakne Kosam, sing bapakne Elmadam,
sing bapakne Elieser, sing bapakne Yorim,
sing bapakne Matat, sing bapakne Lewi,
30 sing bapakne Simeon, sing bapakne Yehuda,
sing bapakne Yusuf, sing bapakne Yonam,
sing bapakne Mina, sing bapakne Matata,
sing bapakne Natan, sing bapakne Daud,
32 sing bapakne Isai, sing bapakne Obed,
sing bapakne Boas, sing bapakne Salmon,
sing bapakne Admin, sing bapakne Arni,
sing bapakne Hesron, sing bapakne Peres,
sing bapakne Isak, sing bapakne Abraham,
sing bapakne Terah, sing bapakne Nahor,
35 sing bapakne Serug, sing bapakne Rehu,
sing bapakne Peleg, sing bapakne Eber,
sing bapakne Arpakhsad, sing bapakne Sem,
sing bapakne Nuh, sing bapakne Lamekh,
37 sing bapakne Metusalah, sing bapakne Henokh,
sing bapakne Yared, sing bapakne Mahalaleel,
sing bapakne Set, sing bapakne Adam.
Adam iku sing digawe Pengeran dewe.