Paulus nunggang prau gede nang kota Roma
27
Maringono Paulus, ambek pepirang tahanan liyane, nerima putusan kudu nunggang prau layar gede nang kota Roma, ning propinsi Italia. Terus reang, Lukas, melu pisan. Paulus karo wong-wong tahanan iku dipasrahen nang perwira sing jenenge Pak Yulius. Yulius iku salah sijine perwira kusus teka Raja Gede Roma. 2 Terus kene pada nunggang prau gede. Prau iku maune budal teka kota Adramitum terus kate nyabrang nang plabuhan-plabuhan ning daerah Asia. Ana salah sijine wong teka daerah Makedonia sing barengi mlakune kene, jenenge Pak Aristarkus. Wong iku asale teka kota Tesalonika.3 Sisuk'e kene njebul ning kota Sidon. Yulius nglakoni apik nang Paulus. Mangkane Paulus diolehi nyambangi kanca-kancane, cekne butuhe dicawisen. 4 Maringono kene kabeh nunggang prau gede maneh terus ninggalen kanca-kanca iku mau. Pas iku arahe prau nglawan angin. Dadi kene ngliwati pinggire segara cekne kedangan pulau Siprus. 5 Terus nyabrang ngliwati segara sing adep-adepan karo propinsi Kilikia ambek Pamfilia. Maringono njebul ning kota Mira, sing ana ning daerah Likia. 6 Ning kono perwira iku nemok'en salah sijine prau gede sing entas budal teka kota Aleksandria, terus kate nang propinsi Italia. Dadi perwira iku mindahen kene nang prau gede iku.
7 Sak'wene pepirang dina mlakune prau alon temenan. Mangkane kene kudu susah payah ndayung sampek njebul ning parek'e kota Knidus. Pas iku ana angin banter temenan sing nglawan arahe prau. Dadi kene ganti arah ngliwati pinggire pulau Kreta terus ngliwati tanjung Salome cekne orak kenek'an angin. 8 Kene susah payah ndayung ngliwati pinggire pulau Kreta. Ahire njebul ning enggon sing dijenengi Plabuhan Ayu. Plabuhan iku parek'e kota Lasea.
9 Maune mlakune prau suwe temenan. Apa maneh musim adema wis kate teka. Dadi wayahe orak aman maneh nek kate nyabrang segara. Merga iku Paulus nuturi wong-wong iku ngene, 10 “He, dulur kabeh! Reang digenehi weruh, kene bakale blai nek nerusen nyabrang segara. Kene bakale kilangan prau, ya gegawane prau, apa maneh nyawane kene kabeh.”
11 Tapi perwira iku luwih percaya nang pemimpine prau karo sing duwe prau iku, ketimbang nang gunemane Paulus. 12 Na, plabuhan iku pancen orak cocok kanggo prau-prau sing meneng ning kono sak'wene musim adem. Merga iku meh kabeh sing setuju nyabrang maneh ninggalen plabuhan iku. Nek bisa, kepingin ndang njebul ning Feniks, terus manggon ning kono sak'wene musim adem. Feniks iku plabuhan ning pulau Kreta sing arahe ngadep ngulon radak ngidul, ambek ngulon radak ngalor.
13 Pas iku ana angin semilir teka kidul. Mangkane koli-koline prau ndarani nek wis bisa nyabrang maneh. Jangkare prau iku diunggahen terus pada nyabrang maneh ngliwati pinggire pulau Kreta. 14 Tapi orak kosi suwe, mara ana angin gede sing arahe teka pulau iku. Angin iku diarani angin “lor radak wetan.” 15 Na, angin gede iku ngantem prau sampek praune orak bisa nglawan angin. Sidane praune dijaren kegawa ngliwati arahe angin. 16 Terus kene kegawa arus ngliwati pinggire pulau Kauda. Kene ngliwati kidule pulau cilik iku cekne orak kenek angin. Masia ewoh, ahire kene bisa ngunggahen prau cilikb nang duwure prau gede iku. 17 Sak'wise ngunggahen prau cilik mau, prau gede iku ditaleni mubeng isor nduwur kepe kuwat. Na, segara ning parek'e pantai Sirtis radak cetek, dadi koli-koline prau kuwatir nek praune bisa nyasang. Merga iku jangkare prau diduk'en terus praune dijaren kegawa angin. 18 Angin gede teterusan ngantem prau, dadi sisuk'e gegawane prau dibuang nang segara.
19 Pas dina ping telune, perkakase prau sing orak dibutuhen dibuang pisan. 20 Sak'wene pepirang dina, orak katok sengenge karo lintang. Apa maneh angine teterusan ngamuk. Ahire kene pada pasrah terus ndarak'en nek orak bakal slamet.
21 Sak'wene pepirang dina akeh sing orak mangan. Dadi Paulus ngadek ning ngarepan terus guneman, “He dulur-dulur! Nek maune sira kabeh nuruti omongane reang, terus orak nyabrang teka pulau Kreta, mestine kene orak ngalami sara ya rugi kaya ngene. 22 Tapi sira tak tuturi, ajo kuwatir! Nanak sesijia wong ning prau iki sing bakal mati. Mek prau iki wae sing bakale ilang. 23 Wingi bengi, Pengeran sing tak sembah, yaiku sing nduweni reang, ngongkon malaekate ngadek ning pinggire reang. 24 Malaekat iku guneman, ‘Paulus, ajo wedi! Sira bakale ngadep nang Raja Gede Roma. Pancen temenan sira karo kabeh wong ning prau iki bakale slamet merga welas asihe Pengeran.’ 25 Mangkane dulur-dulur ajo kuwatir. Reang percaya nek kabeh sing disampek'en Pengeran nang reang iku bakal kedadean. 26 Tapi prau iki kudu kandas ning salah sijine pulau.”
27 Pas bengi ping patbelase, kene gek kegawa arus ning segara Adria. Bareng tengah wengi, koli-koline prau ndarak'en nek wis parek daratan. 28 Terus ngeduk'en tali sing ana watune kanggo weruh sak'pira jerone segara iku. Tibak'e jerone meh petang puluh (40) meter. Orak kosi suwe ngukur maneh, jerone telung puluh (30) meter. 29 Koli-koline prau pada wedi nek prau iku bakal nyangkut ning watu. Merga iku ana jangkar papat sing diduk'en teka mburine prau, terus pada arep-arep ndang-ndang isuk. 30 Pas iku koli-koline prau kepingin mlayu. Etok-etok'ane kate mbuang jangkar teka ngarepe prau. Tibak'e kepingin ngeduk'en prau cilik mau teka prau gede. 31 Merga iku Paulus guneman nang perwira karo prajurit-prajurite ngene, “Nek koli-koli iku orak meneng ning prau gede iki, rika bakale orak slamet.” 32 Dadi prajurit-prajurit iku ngetok tali-taline prau cilik iku terus dijaren kegawa arus.
33 Pas meh parek isuk, Paulus ngejak wong-wong iku mangan, terus guneman ngene, “Sak'iki wis dina ping patbelase sira mek ngenteni ambek kuwatir ya orak mangan peparan. 34 Dadi sira tak peksa, ayo mangana, masia titik wae! Sira kudu kuwat cekne bisa slamet. Sira kabeh bakale slamet, ya nanak sesijia rambute sira sing bakale ilang.”
35 Sak'marine guneman ngono Paulus njupuk roti, terus nedanerima nang Pengeran. Maringono rotine ditugel-tugel, didum, terus dipangan. 36 Wong-wong iku pada dikuwaten atine ya melu mangan pisan. 37 Na, ning prau iku ana rong atus pitung puluh enem (276) wong. 38 Sak'marine kabeh mangan sampek wareg, gandum mentahan dibuang nang segara cekne praune orak kosi abot.
39 Bareng wis padang, ana sing ndeleng pulau, tapi orak weruh jenenge. Ana daratan sing ana wedine. Dadi nek bisa, kabeh kepingin praune mandek ning kono. 40 Tali-taline jangkar diketok terus dijaren rotoh nang segara. Bareng ngono, tali-taline kemudi prau diculen, terus ngunggahen layar cekne praune digawa angin nang pantai iku. 41 Tapi praune nerak'i wedi ning isore segara, terus bagean ngarepe prau kesasang ning kono. Maringono mburine prau iku ajur kenek'an ombak gede.
42 Pas iku prajurit-prajurit wedi nek wong tahanan kate ngelangi nang daratan terus mlayu. Dadi prajurit-prajurit kate mateni kabeh wong tahanan ning prau iku. 43 Tapi perwira iku menggak, polae kepingin nyelameten Paulus. Perwira iku ngongkon kabeh wong sing bisa ngelangi cekne mencolot ndikik'i terus ngelangi nang daratan. 44 Sing liyane nyusul ambek nunggang papan utawa bagean-bageane prau sing pecah. Ngliwati cara iku kene kabeh pada slamet njebul ning daratan.

Prau iku ajur kenek'an ombak (27:41-44)