Paulus mbelani awak'e ning ngarepe Raja Agripa
26
Maringono Agripa guneman nang Paulus, “Sira oleh guneman kanggo mbelani awak'e sira dewe.” Sidane Paulus ngunggahen tangane terus molai mbelani awak'e ngene,
2 “Ya, Raja Agripa, sing tak hormati! Reang untung temenan oleh mbelani awak'e reang ning ngarepe rika, kanggo nglawan kabeh tuduhane wong Ibrani nang reang. 3 Apa maneh rika weruh temenan nang adate ya nang soal-soale wong Ibrani. Merga iku reang njaluk temenan nang rika cekne sabar ngrungok'en omongane reang iki.
4 “Wong Ibrani kabeh weruh njare uripe reang molai gek enome biyen. Wong Ibrani weruh, merga molai kawitane reang wis urip ning antarane bangsane reang ning Yerusalem. 5 Wong-wong iku wis suwe kenal reang. Nek gelem dadi saksi, wong-wong iku bisa guneman ning kene, nek uripe reang iki biyen pancen wong Farisi, yaiku golongane wong Ibrani sing paling ketat nglakoni aturan agamane. 6 Sak'iki reang ngadek ning kene kanggo diadili, merga percaya janjine Pengeran nang mbah buyute kene, yaiku wong Ibrani. 7 Janji iku sing dienteni rolas sukune wong Ibrani. Merga iku, awan bengi rolas suku iku pada ngladeni temenan nang Pengeran. Ya Raja Agripa sing tak hormati! Wong Ibrani pada nuduh reang, polae reang percaya nang janjine Pengeran iku. 8 Ngapa kok dulur-dulur Ibrani orak bisa percaya nek Pengeran nguripen wong teka patine?
9 “Reang ya tau mikir nek kudu usaha temenan kanggo nglawan Yesus teka desa Nasaret iku. 10 Kabeh iku wis tak lakoni ning kota Yerusalem. Gawe surat ijin teka ketua-ketuane pengarepe sembahyang, reang orak mek nglebok'en akeh umate Yesus nang njerone bui. Malah-malah reang ya setuju nek umate Yesus diukum pati. 11 Reang gelek nyiksa umate Yesus ning balai-balai agama Ibrani. Terus tak peksa cekne ninggalen keyakinane. Atine reang bongol temenan nang umate Yesus iku. Mangkane tak gudak sampek njebul ning kota-kota sing adoh.
12 “Ning salah sijine mlakune reang iku, reang oleh surat ijin teka ketua-ketuane pengarepe sembahyang kanggo nggudak wong-wong sing melu Yesus iku nang kota Damsik.a 13 Tapi ya Raja Agripa! Pas tengah awan, reang gek ning tengah dalan, mara-mara ana padang teka langit sing cahyane luwih padang teka sengenge. Padang iku nyorot nang sak'ubenge reang karo kanca-kanca sing budal bareng reang. 14 Kene pada rotoh nang lemah. Terus reang krungu suwara sing guneman nang reang gawe basa Ibrani ngene, ‘Saulus, Saulus! Ngapa sira nyiksa Reang? Sira nglarani awak'e sira dewe nek nglawan kekarepe Reang.’b
15 “Terus reang takon, ‘Rika iku sapa, Pak?’
“Gusti Yesus nyauri, ‘Reang iki Yesus sing sira siksa iku. 16 Ngadek'a! Sira wis Tak pilih kanggo ngabdi nang Reang. Sira kudu cerita nang wong akeh ngenek'i paran sing sira deleng dina iki teka Reang. Sira ya kudu cerita paran sing bakale Tak dudohen nang sira pas wayahe. Iku maksute Reang teka nang sira sak'iki. 17 Reang bakale nyelameten sira teka wong Ibrani, ya teka wong sing duduk Ibrani. Reang bakal ngutus sira nang wong-wong iku pisan. 18 Sira bakale ndudohen dalan sing bener, cekne wong-wong iku bisa ninggalen pepeteng, terus mbalik nang padang, ya ninggalen kuwasane Iblis, terus mbalik nang Pengeran. Nek ngono, dusane wong-wong iku bakal disepura. Terus bisa melu dadi umate Pengeran bebarengan wong-wong sing disucek'en merga percaya nang Reang.’
19 “Merga iku, ya Raja Agripa, reang teterusan manut nang wangsit teka swarga iku. 20 Kawitane, reang molai nyampek'en wekasane Pengeran iku ning kota Damsik. Terus tak sampek'en ning kota Yerusalem, ning sak'kabehe daerah Yudea, ya nang wong-wong sing duduk Ibrani. Wong-wong iku tak tuturi cekne tobat, mbalik nang Pengeran, terus nglakoni peparan sing apik dadi bukti nek pancen wis tobat teka dusa-dusane. 21 Merga iku, wong Ibrani nyekel reang pas gek ning latare Umahe Pengeran. Terus pada usaha cekne bisa mateni reang. 22 Tapi sampek dina iki reang ditulung nang Pengeran. Merga iku reang bisa ngadek ning kene kanggo dadi saksi nang kabeh wong sing cilik, ya nang wong sing gede. Paran sing tak sampek'en iki persis ramalane Nabi Musa karo nabi-nabi liyane, 23 yaiku Raja Pilihane Pengeran pancen kudu disiksa, terus bakal dadi wong kawitan sing tangi teka pati. Nabi-nabi biyen iku guneman nek Raja Pilihane iku bakal nyampek'en dalan sing padang nang wong Ibrani, ya nang wong sing duduk Ibrani pisan.”
Paulus ning ngarepe Festus, Agripa, karo Bernike (26:23)
Paulus ngejak Raja Agripa percaya nang Yesus
24 Sak'wene Paulus gek mbelani awak'e, Festus bebengok ngene, “Paulus sira wis gendeng! Sira wis dadi gendeng merga akeh ilmune!”
25 Tapi Paulus njawab, “Reang orak gendeng, Gubernur Festus sing tak hormati! Paran sing tak sampek'en iku bener ya masuk akal! 26 Raja Agripa dewe ya wis weruh temenan nang kabeh sing tak sampek'en mau. Mangkane reang wani guneman paran anane ning ngarepe Raja Agripa. Kabeh kedadean ngenek'i Yesus iku kelakon ning ngarepe wong akeh. Dadi reang yakin Raja Agripa wis weruh nang kabeh iku mau. 27 Ya Raja Agripa! Apa rika percaya nang paran sing wis disampek'en nabi-nabi Ibrani biyen? Reang weruh rika pancen percaya.”
28 Terus Raja Agripa guneman, “Apa sira mikir bisa cepet ngejak reang dadi wong Kristen?”
29 Paulus njawab, “Reang ndunga nang Pengeran cekne suwe utawa cepet, rika karo wong-wong sing ngrungok'en sak'iki bisa dadi wong percaya tiru reang. Ya, bisa tiru reang, tapi orak dirante kaya reang iki.”
30 Maringono Raja Agripa, Festus, Bernike karo kabeh wong liyane pada ngadek, 31 terus ninggalen enggon sidang. Wong-wong iku guneman siji nang sijine, “Wong iki orak nglakoni salah peparan sing pantes diukum pati utawa dilebok'en bui.”
32 Raja Agripa guneman nang Festus ngene, “Nek wong iki orak njaluk diadili nang Raja Gede Roma, sak'jane wis oleh diculen.”