Paulus disidang ning ngarepe Gubernur Festus
25
Maringono Festus ngganteni Feliks dadi gubernur ning daerah Yudea. Terus telung dina marine iku, Festus budal teka kota Kaisarea nang Yerusalem. 2 Ning kono ketua-ketuane pengarepe sembahyang, karo pemimpin-pemimpine wong Ibrani pada wadul nang Festus masalahe Paulus. 3 Wong-wong iku pada njaluk temenan nang Festus cekne Paulus digawa nang Yerusalem. Wong-wong iku njaluk ngono merga kate mateni Paulus ning tengah dalan.4 Tapi Festus njawab, “Paulus gek ditahan ning Kaisarea. Orak kosi suwe reang ya kate mbalik mrana. 5 Kepe wae pemimpin-pemimpine sira budal bareng reang nang Kaisarea. Ning kono sira bisa nyampek'en tuduhan, nek Paulus pancen nglakoni salah.”
6 Maringono Festus gek manggon kira-kira wolung dina utawa sepuluh dina maneh ning kono. Mari iku Festus mbalik maneh nang Kaisarea. Sisuk'e Festus nganak'en sidang terus ngongkon cekne Paulus digawa nang ngarepe. 7 Pas Paulus digawa mlebu, wong Ibrani sing budal teka Yerusalem pada ngadek ngubengi Paulus. Terus pada nggewehi tuduhan-tuduhan sing abot nang Paulus. Tapi orak bisa mbuktek'en tuduhan-tuduhane.
8 Terus Paulus mbelani awak'e ngene, “Reang orak nglakoni peparan sing nglanggar hukum agama Ibrani, aturane Umahe Pengeran, utawa aturane Raja Gede Roma.”
9 Tapi Festus kepingin ngepek atine wong Ibrani, mangkane Festus guneman nang Paulus, “Apa sira gelem budal nang Yerusalem kanggo diadili ning kono, ning ngarepe reang?”
10 Paulus njawab, “Sak'iki reang ngadek ning pengadilane Raja Gede Roma, dadi luwih pantes reang diadili ning kene. Rika ya weruh dewe nek reang orak duwe salah nang wong Ibrani. 11 Nek'e reang salah, terus nglakoni paran sing pantes diukum pati, reang wis siap mati. Tapi nek tuduhane wong Ibrani iku orak bener, nanak sing duwe hak masrahen reang nang wong Ibrani iku. Reang njaluk disidang ning ngarepe Raja Gede Roma wae!”
12 Sak'marine rundingan karo anggota-anggotane pengadilan, Festus njawab, “Sira njaluk ngadep nang Raja Gede, dadi sira bakale budal nang Raja Gede.”
Festus nyeritak'en masalahe Paulus nang Raja Herodes Agripa II
13 Pepirang dina marine iku, Raja Herodes Agripa IIa karo Bernike, yaiku adekne, njebul ning Kaisarea kanggo marani Festus. 14 Sak'wise Raja Agripa karo Bernike manggon pepirang dina ning kono, Festus njelasen masalahe Paulus nang Agripa, “Ning kene ana wong tahanan, jenenge Paulus, sing dijaren ning bui nang Gubernur Feliks biyen. 15 Pas reang gek ning Yerusalem, ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo pemimpin-pemimpine wong Ibrani pada nyampek'en tuduhane nang Paulus. Pemimpin-pemimpin iku ya njaluk cekne reang ngukum Paulus. 16 Tapi reang njawab nek nurut aturane Roma, wong tahanan orak oleh diukum sak'durunge ngadepi wong sing nuduh, cekne bisa mbelani awak'e dewe. 17 Dadi pemimpin-pemimpin Ibrani iku budal bareng reang teka Yerusalem terus njebul ning kene. Sisuk'e, reang orak nunda-nunda maneh, tapi langsung nganak'en sidang. Reang ngongkon cekne Paulus digawa nang ngarepan kanggo diadili. 18 Tapi pas wong-wong sing nuduh iku ngadek, nanak sesijia salahe Paulus sing disampek'en, entah sing wis tak kira maune. 19 Tibak'e wong-wong iku mek orak setuju ambek Paulus soal pepirang aturan agama Ibrani, ya ngenek'i wong sing jenenge Yesus. Yesus iku wis mati, tapi Paulus negesen temenan nek Yesus wis urip maneh. 20 Reang gek bingung njare carane mreksa masalah iki. Merga iku reang takon nang Paulus, ‘Apa gelem budal nang Yerusalem cekne masalahe diadili ning kono?’ 21 Tapi Paulus njaluk masalahe diadili ning ngarepe Raja Gede Roma. Merga iku tak kongkon cekne Paulus dilebok'en bui sampek digawa nang Raja Gede Roma.”
22 Terus Raja Agripa guneman, “Reang kepingin ngrungok'en dewe gunemane wong iku.”
Festus njawab, “Sesok rika bisa ngrungok'en wong iku.”
Paulus digawa nang ngarepe Raja Agripa II
23 Sisuk'e, Agripa karo Bernike mlebu enggone sidang, terus dipapak gawe upacara sing gede. Pas mlebu, dibarengi ketua-ketuane prajurit, ambek wong-wong sing diajeni ning kota iku. Terus Festus ngongkon cekne Paulus digawa mlebu. 24 Maringono Festus guneman, “Sing tak hormati, Raja Agripa karo bapak-bapak kabeh! Wong Ibrani kabeh ning Yerusalem karo ning kene wis wadul masalah wong iki nang reang. Wong Ibrani pada bebengok nek wong iki orak oleh dijaren urip maneh. 25 Tapikne reang dewe orak nemok'en sesijia salahe wong iki sing pantes diukum pati. Terus wong iki njaluk masalahe diadili ning ngarepe Raja Gede Roma. Merga iku reang mutusen cekne wong iki digawa nang Raja Gede Roma. 26 Tapi reang gek durung weruh paran sing kudu tak tulis nang Raja Gede Roma ngenek'i wong iki. Mangkane wong iki tak gawa nang ngarepe bapak-bapak kabeh, luwih-luwih nang ngarepe rika, ya Raja Agripa! Pikire reang, marine rika mreksa wong iki, reang bisa oleh alasan kanggo nulis masalah iki nang Raja Gede Roma. 27 Nurut reang, orak tepak nek ngutus salah sijine wong tahanan tapi orak njelasen tuduhane.”