Paulus dituduh ning ngarepe Gubernur Feliks
24
Limang dina marine iku, Ananias, yaiku pengarepe sembahyang agung, karo pemimpin-pemimpine wong Ibrani, pada budal teka Yerusalem nang Kaisarea. Wong-wong iku budal bareng Pak Tertulus, yaiku wong sing pinter hukume Roma. Ning kono kate nuduh Paulus ning ngarepe gubernur. 2 Pas Paulus dikongkon nang ngarepan, Pak Tertulus molai nuduh Paulus ngene, “Gubernur Feliks sing tak hormati! Ngliwati pemrentahane rika, wong Ibrani wis akeh ngrasak'en ayem tentrem. Wong Ibrani wis tambah maju ngliwati pemrentahane rika. 3 Ning endi wae, wong Ibrani pada ngakoni kabeh iku, ya pada nedanerima temenan nang rika. 4 Tapi, cekne orak mbuang wektune rika, reang njaluk diluk wae, rika rungok'en tuduhane wong-wong iki.5 “Kene weruh nek wong iki tukang gawe kisruh. Wong iki wis gawe kisruh ning antarane wong Ibrani ning ngendi wae. Terus wong iki ya dadi pemimpin golongane Nasrani.a 6 Apa maneh wong iki wis nyobak gawe najis nang Umahe Pengeran sing suci iku. Mangkane kene nyekel wong iki. Kene kate ngadili wong iki nurut aturan agamane wong Ibrani dewe. 7 Tapi Komandan Lisias wis njupuk wong iki teka wong Ibrani. 8 Komandan iku ya ngongkon kene cekne wadul masalah iki nang rika. Na, nek dipreksa, rika bakale weruh dewe nek kabeh tuduhane wong-wong iki pancen bener.” 9 Kabeh wong Ibrani sing ana ning kono pada nuduh Paulus, terus ndongengen nek gunemane Pak Tertulus iku pancen bener.
Paulus mbelani awak'e ning ngarepe Gubernur Feliks
10 Maringono gubernur iku ngangkat tangan nang Paulus cekne oleh guneman. Terus Paulus guneman ngene, “Reang weruh nek rika wis taunan dadi hakim kanggo bangsa Ibrani iki. Merga iku reang seneng mbelani awak'e reang ning ngarepe rika. 11 Rika bisa mreksa bener orak'e gunemane reang iki. Kurang luwih oleh rolas dina sak'iki, reang budal nang Yerusalem kanggo sembahyang. 12 Terus wong-wong Ibrani iki orak tau nemok'en reang bengkerengan karo sesijia wong wae. Wong-wong iki ya orak ndeleng reang ngejak wong gawe kisruh ning Umahe Pengeran, ning balai-balai agama, utawa ning njero kota endi wae. 13 Apa maneh, wong-wong iki orak bisa mbuktek'en tuduhan-tuduhan ngenek'i reang sing disampek'en nang rika iku. 14 Masia ngono reang ngakoni nang rika, nek reang pancen nyembah nang Pengeran sing disembah mbah buyute wong Ibrani, tapi ngliwati dalane Gusti Yesus. Dalan iki sing dianggep dalan sing sesat nang wong Ibrani. Tapi reang percaya nang kabeh sing tetulis ning hukum agama Ibrani karo kitabe nabi-nabi liyane. 15 Wong Ibrani duwe arep-arep nang Pengeran. Reang ya duwe arep-arep sing pada, yaiku kabeh wong sing mati, mboh iku wong apik utawa wong sing jahat, bakal urip maneh. 16 Merga iku reang teterusan usaha cekne duwe ati sing rijik ning ngarepe Pengeran, ya ning ngarepe menungsa.
17 “Wis pepirang taun reang orak nang kota Yerusalem. Sak'marine iku reang mbalik nang Yerusalem kanggo nggawa bantuan nang bangsane reang, ya kepingin nggewehi pisan korban nang Pengeran. 18 Pas gek nglakoni ritual nyucek'en awak, wong-wong iki nemok'en reang ning latare Umahe Pengeran. Pas iku nanak wong akeh, ya nanak sing kisruh ning kono. 19 Sing ana mek pepirang wong Ibrani teka daerah Asia. Sak'jane wong-wong iku sing kudu ngadep nang rika cekne nyampek'en tuduhane, nek'e ana salahe reang. 20 Utawa takokna wae nang wong-wong sing ana ning kene, paran salahe reang sing ditemok'en pas diadili ning Mahkamah Agama iku. 21 Sing wis ditemok'en mek siji guneman wae. Yaiku pas reang bebengok ning ngarepe wong-wong iki ngene, ‘Reang diadili merga percaya nek wong mati bakal urip maneh.’ ”
22 Maringono Gubernur Feliks, sing wis weruh akeh ngenek'i dalane Yesus, nunda sidang iku ambek guneman, “Reang bakal nggewehi putusan nek'e komandan Lisias wis teka ning kene.” 23 Terus Feliks ngongkon perwira cekne tetep njaga Paulus. Masia dijaga, Paulus gek digewehi kebebasan titik. Kanca-kancane gek diolehi cekne ngurusi butuhe Paulus.
Paulus nyampek'en Kabar Apik nang Gubernur Feliks karo bojone
24 Pepirang dina marine iku, Feliks karo bojone ngongkon cekne Paulus digawa nang ngarepe. Bojone iku wong Ibrani sing jenenge Drusila. Terus wong loro iku ngrungok'en Paulus negesen njare percaya nang Kristus Yesus. 25 Tapi Feliks dadi wedi pas Paulus ngomongen urip sing bener nurut Pengeran, njare nguwasani napsune, karo dinane Pengeran bakale ngadili ndunya. Merga wedi, Feliks guneman, “Mandeka! Budala wis, nek kober tak celuk maneh.” 26 Sak'wene iku, Feliks arep-arep oleh picis sogok'an teka Paulus. Merga iku Feliks gelek nyeluk Paulus kanggo guneman bareng.
27 Rong taun marine iku, Pak Perkius Festus ngganteni Feliks dadi gubernur. Tapi sak'durunge diganti, Feliks ngejaren Paulus ning bui cekne ngepek atine wong Ibrani.