Paulus mbelani awak'e dewe ning ngarepe Mahkamah Agama
23
Maringono Paulus nguwasen anggota-anggota Mahkamah Agama iku terus guneman, “He dulur-dulur Ibrani! Sampek dina iki, reang rumangsa, atine reang tulus iklas ning ngarepe Pengeran.” 2 Ngrungok'en iku Ananias, yaiku pengarepe sembahyang agung, ngongkon wong-wong sing ngadek ning pinggire Paulus ngampleng pipine Paulus. 3 Terus Paulus guneman nang Ananias, “He wong sing apen-apen apik!a Pengeran bakale ngampleng rika! Rika lungguh ning kono kanggo ngadili reang nurut hukum agama Ibrani. Tapi nyatane rika nglanggar hukum agama Ibrani pas ngongkon wong ngampleng reang!”
4 Wong-wong sing ana ning pinggire guneman nang Paulus, “Sira kok wani ngenyek pengarepe sembahyang agung sing dipilih Pengeran!”
5 Paulus njawab, “He dulur-dulur Ibrani! Pancen wis tetulis ning Kitab Suci ngene,
‘Sira ajo guneman sing elek nang pemimpine bangsane sira.’ (Keluaran 22:28)
Tapi reang orak weruh nek wong iku pengarepe sembahyang agung.”
6-8 Pas iku Paulus weruh nek anggotane Mahkamah Agama iku ana sing teka golongane Saduki, terus liyane teka golongane Farisi. (Na, wong teka golongane Saduki orak percaya nek wong mati bakal urip maneh, ya orak percaya anane malaekat utawa roh-roh liyane. Sewalik'e wong teka golongane Farisi percaya nek kabeh iku ana.) Mangkane Paulus kepingin rong klompok iku dadi pecah, terus guneman banter nang Mahkamah Agama iku ngene, “Dulur-dulur kabeh! Reang iki wong Farisi, ya keturunane wong Farisi. Reang diadili ning kene merga reang percaya wong-wong sing mati bakal urip maneh.”
Ngrungok'en iku, wong-wong sing teka golongane Farisi karo golongane Saduki pada bengkerengan sampek Mahkamah Agama iku mecah dadi rong klompok.
9 Merga iku dadi kisruh temenan. Pepirang ahli agama Ibrani teka golongane Farisi ngadek terus nglawan temenan ngene, “Kene orak nemok'en salahe wong iku! Bisa dadi ana roh utawa malaekat sing wis guneman nang wong iki.”
10 Pas bengkerengan iku tambah kisruh, komandan mau dadi wedi nek Paulus bakal dikroyok wong-wong iku. Mangkane ngongkon prajurite mudun njukuk Paulus teka wong-wong iku, terus digawa nang markas.
11 Maringono sesok bengine, Gusti Yesus ngadek ning pinggire Paulus ambek guneman, “Ajo wedi! Sira wis dadi saksine Reang ning Yerusalem. Sira ya kudu dadi saksine Reang ning kota Roma.”
Wong Ibrani kepingin mateni Paulus
12 Sesok isuk'e, wong Ibrani gawe rencana cekne bisa mateni Paulus. Wong-wong iku pada njanji orak bakal mangan utawa ngombe sak'durunge bisa mateni Paulus. 13 Ana luwih teka petang puluh (40) wong sing dadi grombolan iku. 14 Wong-wong iku budal nang ketua-ketuane pengarepe sembahyang karo tetuwek'ane wong Ibrani terus guneman, “Kene wis njanji orak mangan utawa ngombe sak'durunge bisa mateni Paulus. 15 Na, apik'e, sak'iki rika kabeh karo Mahkamah Agama njaluk nang komandan cekne nggawa Paulus ngadep nang rika maneh. Etok-etok'ane rika kabeh kate luwih temenan mreksa masalahe Paulus. Pas iku kene wis siap mateni Paulus sak'durunge njebul ning enggon iki.”
16 Tapi ana lare enom, yaiku ponak'ane Paulus teka dulur wedok'e, krungu niate grombolan iku. Lare iku budal nang markas kanggo nggewehi weruh nang Paulus.
Lare iku nggewehi weruh nang Paulus (23:16)
17 Terus Paulus nyeluk salah sijine perwira ambek guneman, “Gawanen lare iki nang komandan. Ana sing kate diomongen nang komandan.”
18 Dadi perwira iku nggawa lare mau nang komandan ambek guneman, “Paulus, wong tahanan iku, nyeluk reang terus njaluk cekne ngeteren lare iki nang rika. Ana sing kate diomongen nang rika.”
19 Maringono komandan iku nyekel tangane lare mau, terus dijak dewean ning pinggiran ambek takon, “Paran sing kate sira omongen nang reang?”
20 Lare iku njawab, “Wong Ibrani wis sepakat njaluk nang rika cekne sesok Paulus ngadep nang Mahkamah Agama. Etok-etok'ane wong-wong iku kate luwih temenan mreksa masalahe Paulus. 21 Tapi rika ajo nuruti jaluk'ane wong-wong iku, merga ana luwih teka petang puluh (40) uwong sing wis singetan kanggo ngedang Paulus ning dalan. Wong-wong iku wis njanji orak mangan utawa ngombe sak'durunge bisa mateni Paulus. Sak'iki wong-wong iku wis siap terus mek ngenteni ijine rika.”
22 Maringono lare iku dikongkon moleh ngene, “Paran sing sira omongen iku ajo sampek ana sing weruh.”
Paulus digawa nang kota Kaisarea
23 Maringono komandan iku nyeluk perwirane loro terus guneman, “Siapna petang atus pitung puluh (470) prajurit ngene:
pitung puluh (70) prajurit sing nunggang jaran,
rong atus (200) prajurit sing mlaku ambek nggawa tombak,
rong atus (200) prajurit biasa sing mlaku pisan.
“Prajurit-prajurit iku kudu budal jam sanga bengi iki nang kota Kaisarea. 24 Cepakna pisan jaran kanggo Paulus, terus gawanen sing ati-ati cekne slamet sampek nang Gubernur Feliks.” 25 Terus komandan iku nulis surat sing unine ngene,
26 “Salam teka reang, Komandan Klaudius Lisias, nang Gubernur Feliks!
27 Wong tahanan iki dicekel nang wong Ibrani terus kate dipateni. Tapi reang karo prajurite reang teka terus nyelameten wong iki. Reang nglakoni ngono merga krungu nek wong iki wargane kerajaan Roma. 28 Reang kepingin weruh paran tuduhane nang wong iki. Merga iku reang nggawa wong iki nang Mahkamah Agamane wong Ibrani iku. 29 Tibak'e wong Ibrani nuduh wong iki soal aturan agamane dewe. Nanak tuduhan sing pantes gawe wong iki diukum pati utawa dilebok'en bui. 30 Maringono reang digewehi weruh nek ana pepirang wong Ibrani sing gawe rencana mateni wong iki. Merga iku reang ngongkon ndang-ndang wong iki digawa nang rika. Reang ya ngongkon wong sing nuduh cekne nyampek'en tuduhane langsung nang rika.
Iki ngono isine surat. Salam.
31 Maringono prajurit-prajurit iku nglakoni tugase. Bengine Paulus dijupuk terus digawa sampek njebul ning kota Antipatris.b 32 Sisuk'e, prajurit-prajurit sing mlaku, pada mbalik nang markase. Tapi prajurit-prajurit sing nunggang jaran, dikongkon nerusen mlakune bareng Paulus. 33 Bareng njebul ning kota Kaisarea,c prajurit-prajurit iku nggewehi surat mau, ya masrahen Paulus nang Gubernur Feliks. 34 Sak'wise maca surat mau, gubernur iku takon asale Paulus teka endi. Bareng weruh nek asale teka propinsi Kilikia, 35 gubernur iku guneman nang Paulus ngene, “Reang bakal mreksa masalahe sira, pas wong-wong sing nuduh sira iku teka ning kene.” Maringono gubernur iku ngongkon cekne Paulus ditahan ning njero kraton, sing biyen dibangun nang Raja Herodes Agung.d