Paulus mbelani awak'e ning ngarepe wong Ibrani
22
Paulus guneman, “He, dulur-dulur Ibrani karo bapak-bapak kabeh, tulung rungokna! Reang kate guneman kanggo mbelani awak'e reang.” 2 Pas krungu nek Paulus guneman gawe basa Ibrani, wong-wong iku dadi tambah meneng.
Terus Paulus guneman, 3 “Reang iki wong Ibrani sing lair ning kota Tarsus ning propinsi Kilikia, tapi digedek'en ning kota Yerusalem iki. Biyen reang diwuruk'i Pak Gamaliel gawe cara sing teliti ngenek'i aturane mbah buyute kene. Reang ya ngabdi temenan nang Pengeran entah sing dilakoni rika kabeh dina iki. 4 Maune reang nyiksa wong-wong sing melu dalane Yesus sampek wong-wong iku mati. Mboh sing lanang mboh sing wedok, tak cekel terus tak lebok'en bui. 5 Pengarepe sembahyang agung karo kabeh anggotane Mahkamah Agama bisa ngakoni nek paran sing tak omongen iku pancen bener. Reang ya oleh pisan surat ijin teka Mahkamah Agama iku sing tak gawa nang dulur-dulur Ibrani ning kota Damsik. Nggawe surat iku, reang bisa nyekel wong-wong sing melu wuruk'an iku cekne digawa dadi tahanan nang kota Yerusalem iki terus diukum.
6 “Tapi pas gek ning dalan, parek'e kota Damsik, ana sing kedadean nang reang. Kira-kira tengah awan, ana padang sing nyorot temenan teka langit nang sak'ubenge reang. 7 Reang rubuh nang lemah terus ngrungok'en suwara sing guneman ngene, ‘Saulus, Saulus! Ngapa sira nyiksa Reang?’
8 “Reang takon, ‘Rika iku sapa, Pak?’
“Terus suwara iku nyauri, ‘Reang iki Yesus teka desa Nasaret sing sira siksa iku.’ 9 Wong-wong sing mbareng reang ndeleng padang iku, tapi orak ngrungok'en suwarane wong sing guneman nang reang iku.
10 “Terus reang takon, ‘Duh Gusti, paran sing kudu tak lakoni?’
“Gusti Yesus nyauri, ‘Tangia terus budala nang kota Damsik. Ning kono, sira bakale digewehi weruh kabeh penggawean sing kudu sira lakoni.’ 11 Pas iku reang dadi picek merga padang sing nyorot temenan iku. Dadi wong-wong sing mbareng reang iku nyekel tangane reang terus dituntun nang kota Damsik.
12 “Ning kota iku ana wong percaya sing jenenge Ananias. Pak Ananias iku madep mantep nglakoni hukum agama Ibrani terus diajeni kabeh wong Ibrani sing ana ning kono. 13 Pak Ananias teka terus ngadek ning pinggire reang ambek guneman, ‘Saulus, dulure reang! Delenga maneh!’ Sekala iku reang bisa ndeleng Ananias. 14 Terus Ananias guneman maneh, ‘Pengeran sing disembah mbah buyute kene wis milih sira. Sira dipilih kanggo weruh kekarepane Pengeran, ya ndeleng Yesus, sing Maha Bener iku. Sira ya dipilih kanggo ngrungok'en suwarane. 15 Sira bakale dadi saksine Yesus nang kabeh uwong, kanggo ngabaren paran sing wis sira deleng karo rungok'en. 16 Sak'iki paran maneh sing sira enteni? Ayo tangia kepe sira dibaptis. Njaluk'a nang Gusti Yesus cekne dusa-dusane sira disucek'en.’
17 “Maringono reang mbalik nang Yerusalem. Pas gek ndedunga ning Umahe Pengeran, reang nerima wangsit. 18 Reang ndeleng Gusti guneman ngene, ‘Ayo ndang-ndang tinggalen kota Yerusalem iki, merga wong-wong ning kene orak gelem nerima gunemane sira ngenek'i Reang.’
19 “Tapi reang njawab, ‘Gusti, wong-wong iku weruh nek reang wis mlebu nang balai-balai agama kanggo nyekel ambek nggepuk'i wong-wong sing percaya nang Rika. 20 Wong-wong iku ya weruh pas Stefanus, saksine Rika iku, dipateni, reang ana ning kono ya setuju nek Stefanus iku dipateni. Apa maneh reang sing njaga jubahe wong-wong sing mateni Stefanus iku.’
21 “Tapi Gusti guneman nang reang, ‘Budala! Reang bakale ngutus sira nang enggon sing adoh, nang wong-wong sing duduk Ibrani.’ ”
Paulus digawa mlebu nang markase prajurit Roma
22 Wong-wong Ibrani iku gek ngrungok'en Paulus. Tapi pas krungu nek Paulus kate budal nang wong sing duduk Ibrani, wong-wong iku pada bebengok, “Patenana wae wong iku. Wong iku orak pantes dijaren urip.” 23 Kabeh wong iku pada bebengok, terus ngutak jubahe dewe-dewe, ambek nguncalen bledug nang duwuran.a 24 Merga iku komandan mau ngongkon cekne Paulus digawa mlebu nang markas. Terus komandan iku kepingin weruh ngapa kok wong Ibrani pada bebengok kaya ngono nang Paulus. Mangkane ngongkon Paulus dipecuti cekne dipreksa masalahe. 25 Dadi prajurit-prajurit naleni Paulus cekne dipecuti. Pas iku Paulus guneman nang perwira sing ngadek ning pinggire, “Reang iki warga Roma. Apa oleh mecuti salah sijine warga kerajaan Roma sak'durunge diadili?”
26 Pas ngrungok'en gunemane iku, perwira iku budal nang komandan mau ambek guneman, “Paran sing kate rika lakoni? Wong iku tibak'e wargane kerajaan Roma.”
27 Terus komandan iku marek'i Paulus ambek takon, “Ayo ngomonga nang reang! Apa sira iki pancen wargane kerajaan Roma?”
Paulus njawab, “Ya pak, reang iki wargane Roma.”
28 Komandan iku guneman maneh, “Asline reang duduk wargane Roma, tapi wis mbayar larang cekne dadi wargane Roma.”
Paulus njawab, “Tapi reang iki wargane Roma asli, molai laire biyen.”
29 Sekala iku prajurit-prajurit sing kate mecuti mau pada mundur. Terus komandan iku dadi wedi merga wis naleni Paulus. Masalahe Paulus iku asline wargane Roma, dadi orak oleh dikapak-kapak'en sak'durunge diadili.
30 Tapi komandan iku gek kepingin weruh paran tuduhane wong Ibrani iku nang Paulus. Merga iku, sisuk'e pemimpin-pemimpin agama Ibrani diklumpuk'en cekne nganak'en sidang. Sing diklumpuk'en iku, ketua-ketuane pengarepe sembahyang ambek anggotane Mahkamah Agama. Maringono rantene Paulus ya dibukak ambek ditok'en teka markas, terus digawa nang ngarepe wong-wong iku.