Mlakune Paulus nang kota Yerusalem
21
Pas pamitan, kabeh sing ana ning kono pada sedih temenan. Maringono Paulus, reang,a karo kanca-kancane, pada nunggang prau gede nuju pulau Kos. Sisuk'e, kene njebul ning pulau Rodos. Teka kono nyabrang maneh nang kota Patara. 2 Njebul ning Patara, kene mudun terus nemok'en prau gede liyane sing kate nang daerah Fenisia. Sidane, kene nyabrang maneh gawe prau gede iku. 3 Maringono kene ndeleng pulau Siprus ning pinggir kiwane prau, tapi mek ngliwati wae terus nerusen nang propinsi Siria. Kene mudun ning kota Tirus, merga momotane prau gede iku kate diduk'en ning kono. 4 Sak'marine nemok'en pepirang muride Yesus ning kota iku, kene manggon sak'minggu ning kono. Terus murid-murid iku oleh pesen teka Rohe Pengeran nek Paulus bakale blai ning Yerusalem. Mangkane pada njaluk cekne Paulus orak budal nang Yerusalem.
5 Tapi, sak'marine wayah manggon ning kono wis entek, kene budal nerusen mlakune. Wong percaya kabeh karo anak-bojone pada ngeteren kene sampek ning njabane kota. Njebul ning pinggire segara, kabeh pada sujud terus ndedunga. 6 Sak'marine pamitan, kene nunggang prau, terus murid-murid iku pada mbalik nang umahe dewe-dewe.
7 Maringono kene nyabrang teka kota Tirus terus mudun teka prau ning kota Tolemais. Ning kono kene nyalami dulur-dulur sak'iman, terus manggon sak'dina bareng wong-wong iku. 8 Sisuk'e, kene nunggang prau maneh terus nyabrang nang kota Kaisarea. Ning kono kene budal nang umahe Pak Filipus, terus manggon ning kono. Filipus iku digewehi kuwasa kanggo nyeritak'en Kabar Apik ngenek'i Yesus. Filipus iku salah siji teka wong pitu sing biyene dipilih ning Yerusalem kanggo ngrewangi utusan-utusane Yesus. 9 Filipus iku duwe anak prawan papat, sing digewehi kuwasa pisan kanggo nyampek'en pesen-pesen teka Pengeran.
10 Sak'wise iku kene manggon pepirang dina ning kono. Terus ana salah sijine nabi sing budal teka daerah Yudea nang kota iku. Wong iku jenenge Pak Agabus. 11 Agabus iku marani kene terus njupuk sabuk'e Paulus. Maringono sabuk iku ditaleni nang sikil karo tangane dewe ambek guneman, “Iki pesen teka Rohe Pengeran: Sing duwe sabuk iki bakale ditaleni kaya ngene nang wong Ibrani ning Yerusalem. Sak'marine ditaleni, wong iku bakale dipasrahen nang wong-wong sing duduk Ibrani.”
12 Ngrungok'en iku, kene ambek kabeh wong sing percaya ning kono pada njaluk temenan nang Paulus cekne orak budal nang Yerusalem. 13 Tapi Paulus njawab, “Ngapa sira pada nangis terus gawe atine reang susah temenan? Reang siap dicekel, ya apa maneh siap dipateni ning kota Yerusalem kanggo Gusti Yesus.” 14 Paulus orak gelem nerima gunemane kene. Merga iku kene mandek terus guneman, “Mandara kekarepane Gusti Yesus sing kedadean.”
15 Sak'marine manggon pepirang dina ning kota Kaisarea, kene nyiapen gegawane terus budal nang Yerusalem. 16 Pepirang muride Yesus teka Kaisarea ya ngeteren kene nang umahe Pak Manason cekne nginep ning kono. Manason iku asale teka pulau Siprus, terus dadi salah sijine wong percaya sing kawitan.
Paulus ndengok umat ning Yerusalem
17 Bareng njebul ning Yerusalem, dulur-dulur sak'iman ning kono pada bungah nerima kene. 18 Sisuk'e, kene budal nyampuhi Yakobus. Pas iku kabeh ketuane umat ana ning kono pisan. 19 Paulus nggewehi salam. Terus nyeritak'en kabeh sing dilakoni Pengeran ning antarane wong sing duduk Ibrani ngliwati penggaweane dewe.
20 Ngrungok'en iku wong-wong sing ana ning kono pada memuji nang Pengeran. Terus guneman nang Paulus, “Dulur! Rika kudu weruh nek ning Yerusalem iki wis ewonan wong Ibrani sing percaya nang Yesus. Wong-wong iku madep mantep nglakoni hukum agama Ibrani. 21 Wong-wong iku ngrungok'en nek rika mulang kabeh wong Ibrani sing manggon ning negara-negara liyane cekne orak manut nang aturan-aturan ning hukume Nabi Musa. Jarene rika ngongkon wong Ibrani cekne orak nyunati anak-anak'e ya orak manut nang adat istiadate wong Ibrani. 22 Sak'iki wong Ibrani, sing wis percaya ning kota Yerusalem, mesti bakal krungu nek rika ana ning kene. Dadi, sak'iki paran sing kudu kene lakoni? 23 Apik'e rika nglakoni wae gunemane kene. Na, ana wong papat sing tau gawe janji nang Pengeran. 24 Gawanen wong papat iku cekne budal nyucek'en awak'e bareng rika. Terus bayaren ongkose upacarane wong papat iku cekne bisa ngetok rambute. Nek ngono, kabeh wong bakale weruh nek paran sing wis dirungok'en ngenek'i rika iku orak bener. Nek nglakoni ngono, iku dadi buktine rika gek nglakoni hukum agama Ibrani. 25 Tapi, nang wong duduk Ibrani sing wis percaya nang Yesus, kene wis nulis surat ngenek'i keputusane kene. Iki pesene kene:
Ajo mangan pangan sing wis disajek'en nang berhala,
Ajo mangan getih,
Ajo mangan kewan sing matine ditekek,
Ya ajo nglakoni jinah.”
26 Dadi sisuk'e, Paulus nggawa wong papat iku cekne nglakoni upacara nyucek'en awak bareng-bareng. Mari iku, Paulus mlebu nang Umahe Pengeran kanggo nggewehi weruh kapan upacara iku dimarek'en, ya kapan korbane wong-wong iku digewehen.
Paulus dicekel ning Umahe Pengeran
27 Pas wayah upacara pitung dina iku mau meh mari, ana pepirang wong Ibrani teka daerah Asia sing ndeleng Paulus ning njerone Umahe Pengeran. Wong-wong iku ngojok-ngojok'i wong akeh cekne nyekel Paulus. 28 Wong-wong iku bebengok, “He, wong Ibrani! Kene njaluk tulung! Wong iki sing wis budal memayeng terus mulang kabeh wong cekne nglawan bangsane kene, nglawan hukum agama Ibrani, ya nglawan Umahe Pengeran iki. Apa maneh sak'iki wong iki wis nggawa wong sing duduk Ibrani mlebu nang Umahe Pengeran,b terus gawe najis panggonan sing suci iki.” 29 Wong-wong iku guneman ngono merga wis ndeleng wong Efesus sing jenenge Trofimus bebarengan karo Paulus ning kota Yerusalem. Wong-wong iku ndarak'en nek Paulus wis nggawa wong Efesus iku nang njerone Umahe Pengeran.
30 Sidane sak'kabehe wong ning kota iku dadi kisruh terus pada ndang-ndang nglumpuk. Wong-wong iku pada nyekel Paulus terus diseret nang njabane Umahe Pengeran. Sekala iku lawange Umahe Pengeran ditutup. 31 Sak'wene wong-wong iku kate mateni Paulus, ana sing wadul nang komandan prajurit Roma sing njaga kota iku. Sing wadul iku guneman nek sak'kabehe kota Yerusalem kisruh. 32 Sekala iku komandan mau nggawa pepirang perwira karo prajurit terus ndang-ndang budal nang enggon kisruh iku. Pas ndeleng komandan karo prajurit-prajurite teka, wong-wong iku mandek nggepuk'i Paulus. 33 Maringono komandan iku marani Paulus terus ngongkon anak buahe naleni tangane gawe rante loro. Terus komandan iku takon soal Paulus iku sapa, ambek paran sing wis dilakoni. 34 Tapi pepirang wong sing kisruh iku ana sing njawab ngene, ya ana sing njawab ngono. Pas iku, komandan orak bisa weruh paran sing kedadean merga wis kisruh temenan. Sidane ngongkon anak buahe cekne nggawa Paulus nang markase. 35 Pas wis njebul ning undak-undak'ane markas, wong-wong sing kisruh mau pada ngamuk temenan. Mangkane Paulus kudu digotong nang prajurit-prajurit. 36 Wong-wong sing kisruh ngetuten teka mburi ambek bebengok, “Patenana wong iku!”
37 Pas kate digawa mlebu nang markas, Paulus takon nang komandan gawe basa Yunani, “Pak, apa reang bisa guneman diluk karo rika?”
Komandan iku nyauri, “Dadi, sira bisa guneman gawe basa Yunani. 38 Tak darani sira iki wong Mesir sing brontak entas-entas iki. Wong iku nggawa petang ewu (4.000) wong sing kisruh gawe gaman terus mlebu nang ara-ara amba. Tibak'e sira duduk wong iku.”
39 Paulus njawab, “Reang iki wong Ibrani sing asale teka kota Tarsus, kota sing penting ning propinsi Kilikia iku. Reang njaluk ijin cekne bisa guneman nang wong-wong Ibrani iku.”
40 Sak'marine digewehi ijin, Paulus ngadek ning undak-undakan mau terus ngunggahen tangane cekne wong akeh iku meneng. Pas kabeh wong wis meneng, Paulus guneman nang wong-wong iku gawe basa Ibrani.