Paulus ngliwati daerah Makedonia
20
Sak'marine kisruh iku wis anteng maneh, Paulus nglumpuk'en wong percaya ning Efesus terus nguwaten wong-wong iku. Maringono pamitan nang wong-wong iku terus nerusen mlakune nang daerah Makedonia. 2 Paulus ngubengi daerah Makedonia ambek nggewehi akeh pesen nang wong percaya cekne tambah kuwat keyakinane. Maringono budal nang daerah Yunani. 3 Sak'marine manggon telung wulan ning kono, Paulus kate nunggang prau gede nang propinsi Siria. Tapi wong Ibrani kepingin mateni Paulus. Merga iku mutusen mbalik maneh nang Siria ngliwati daerah Makedonia. 4 Pas iku ana pepirang wong sing ngetuten Paulus. Sing melu iku:Sopater, anak'e Pak Pirus sing teka kota Berea,
Aristarkus teka kota Tesalonika,
Sekundus teka kota Tesalonika,
Gayus teka kota Derbe,
Timotius teka daerah Asia,
Tikikus teka daerah Asia,
ambek Trofimus ya teka daerah Asia pisan.
5 Kanca-kancane iku budal ndiki'i ambek ngenteni Paulus karo reanga ning kota Troas. 6 Na, sak'marine riaya Roti Sing Nanak Ragine,b kene nunggang prau gede ninggalen kota Filipi. Limang dina marine, njebul ning kota Troas terus campuh karo kanca-kancane Paulus mau. Terus kene kabeh manggon sak'minggu ning kono.
Paulus pamitan nang umat ning Troas
7-8 Pas dina Sabtu bengi, kene pada nglumpuk terus nugel-nugel rotic kanggo dipangan bareng. Kene nglumpuk ning kamar pinggir nduwur. Na, ning kono ana akeh teplok. Paulus guneman suwe karo wong-wong ning kono sampek tengah wengi, merga sisuk'e kate budal. 9 Pas iku ana lare enom jenenge Eutikus sing lungguh ning jendela. Merga Paulus guneman suwe, lare iku krasa ngantuk temenan. Sidane, lare iku turu ning jendela terus rotoh teka umah sing susune telu iku. Pas diangkat, lare iku wis mati. 10 Tapi Paulus mudun nang isoran terus nggletak ning duwure lare iku ambek dipeluk. Paulus guneman, “Ajo kuwatir, merga lare iki gek urip!” 11 Maringono Paulus munggah maneh nang kamar nduwuran mau terus ngedumi roti cekne dipangan bareng. Paulus gek guneman suwe sampek parek isuk, terus budal. 12 Maringono wong-wong ngeteren lare mau nang umahe. Atine wong-wong iku pada dikuwaten merga lare iku wis diuripen maneh.
Paulus budal nang kota Miletus
13 Maringono kene budal ndiki'i nunggang prau gede nang kota Asos kanggo mapak Paulus ning kono. Paulus ngongkon kene budal ndiki'i, merga kate mlaku wae nang kota Asos. 14 Sak'marine nyampuhi Paulus ning kota Asos, kene pada nunggang prau gede terus nyabrang nang kota Mitilene. 15 Teka kono, nyabrang maneh terus sisuk'e njebul ning parek'e pulau Khios. Maringono sisuk'e maneh njebul ning pulau Samos. Terus sak'dina maneh njebul ning kota Miletus. 16 Paulus wis mutusen orak mampir ning kota Efesus cekne orak suwe-suwe ning daerah Asia. Nek bisa, kepingin ndang-ndang njebul ning kota Yerusalem pas riaya Pentakosta.d
Gunemane Paulus nang ketua-ketuane umat teka kota Efesus
17 Terus Paulus ngongkon wong nang kota Efesus, cekne njaluk ketua-ketuane umat budal nyampuhi Paulus nang kota Miletus. 18 Pas ketua-ketua iku wis teka, Paulus nyampek'en pesen ngene, “Molai kawitane reang teka ning daerah Asia, sira wis weruh njare cara uripe reang ning ngarepe sira kabeh. 19 Reang disiksa nang wong Ibrani sing kepingin mateni reang. Masia ngono, reang nangisi wong sing nolak, ya ngladeni Gusti gawe ati sing orak gendak. 20 Sira lak wis weruh, reang orak mandek nggewehi weruh paran wae sing bisa nulungi sira. Reang tetep mulang sira ning ngarepe wong akeh, ya ning umahe sira dewe-dewe. 21 Reang gelek ngilingen wong Ibrani karo wong sing duduk Ibrani cekne tobat, mbalik nang Pengeran, terus percaya nang Yesus Kristus, Gustine kene. 22 Sak'iki reang kate budal nang Yerusalem merga dikongkon Rohe Pengeran. Masia ngono reang orak weruh paran sing bakal kedadean nang reang ning kono. 23 Ning saben kota, Rohe Pengeran iku wis nggewehi weruh, nek reang bakale dilebok'en bui ya bakale ngalami sara. Mek iku sing tak weruhi. 24 Masia ngono reang orak mikiren nyawane reang dewe. Sing penting bisa marek'en tugas karo penggawean sing tak terima teka Gusti Yesus. Penggaweane reang yaiku nyampek'en Kabar Apik nek Yesus bisa nyelameten wong merga welas asihe Pengeran.”
25 Maringono Paulus nerusen gunemane nang ketua-ketua iku, “Sira kabeh wis ngrungok'en pesen Kerajaane Pengeran teka reang. Tapi sak'wise iki, sira orak bakal ndeleng reang maneh. 26 Dadi, dina iki gatekna gunemane reang iki! Nek ana ning antarane sira sing bakale orak slamet, iku duduk tanggungane reang. 27 Merga reang orak tau lali njelasen sak'kabehe kekarepane Pengeran nang sira.
28 “Gatekna! Jagaen awak'e sira dewe, ya jagaen pisan sak'kabehe umat. Merga Rohe Pengeran wis nentok'en sira kanggo nuntun umat entah wong sing ngangon dombane. Umat iku wis dituku Pengeran gawe getihe Anak'e Pengeran dewe. 29 Na, sak'marine reang budal, mestine bakale ana guru-guru gorohan sing teka ning antarane sira. Guru-guru iku entah kerek-kerek alas sing bakale nyerang domba-domba sing sira angon. 30 Apa maneh bakale ana wong-wong teka antarane sira dewe sing wulangane orak bener. Wong-wong iku bakale nyesaten dalane murid-muride Yesus nang dalane dewe. 31 Merga iku sira kudu jejaga! Ilinga, nek sak'njerone telung taun, awan bengi, reang orak tau leren nuturi sira gawe tangisan.
32 “Sak'iki reang njaluk nang Pengeran cekne nulungi sira kabeh, ya cekne sira tetep percaya nang dalan slamet ngliwati welas asihe Pengeran. Pengeran sing duwe kuwasa kanggo nguwaten sira, ya kanggo nggewehi bagean sing wis dicepak'en nang kabeh umate. 33 Reang orak tau kepingin emas, perak utawa klambine sapa wae. 34 Sira kabeh weruh, nek reang nyambut gawe mbarek tangane reang dewe. Ngliwati iku, reang wis nyukupi butuhe dewe karo kanca-kanca sing mbarengi mlakune reang. 35 Ngliwati akeh cara, reang wis nyontoni sira nek kene kudu susah payah nyambut gawe kanggo nulungi wong-wong sing orak kuwat. Sira kudu iling nang gunemane Gusti Yesus, ‘Luwih bungah nggewehi ketimbang digewehi.’ ”