Paulus mulang soal Yesus ning kota Efesus
19
Sak'wene Apolos gek ana ning kota Korintus, Paulus wis ngubengi enggon-enggon plosok sampek njebul ning kota Efesus. Ning kono campuh karo pepirang muride Yesus. 2 Paulus takon nang wong-wong iku ngene, “Pas sira percaya nang Yesus, apa sira wis nerima Rohe Pengeran?”
Wong-wong iku njawab, “Durung! Malah kene orak tau krungu nek ana Rohe Pengeran.”
3 Terus Paulus takon maneh, “Nek ngono, sira wis nerima baptisan paran?”
Wong-wong iku njawab, “Kene wis nerima baptisan nurut wuruk'ane Nabi Yohanes biyen.”
4 Terus Paulus guneman, “Yohanes mek mbaptis uwong sing kepingin tobat. Tapi Yohanes ya guneman nek wong Ibrani kudu percaya nang wong sing bakale teka marine Yohanes, yaiku Yesus.” 5 Pas ngrungok'en gunemane Paulus, wong-wong iku dibaptis dadi tenger nek wis percaya nang Gusti Yesus. 6 Maringono Paulus ndeleh tangane ning nduwure wong-wong iku. Pas iku, wong-wong iku pada nerima Rohe Pengeran. Kabeh pada guneman gawe basa-basa Roh ambek nyampek'en pesene Pengeran. 7 Wong-wong iku kira-kira ana rolas uwong.
8 Suwene telung wulan Paulus gelek budal nang balai agama Ibrani ning kota iku. Ning kono Paulus wani mulang karo negesen soal Kerajaane Pengeran. 9 Tapi ana pepirang wong sing orak kenek dituturi, terus orak gelem percaya. Apa maneh wong-wong iku ngenyek dalane Gusti ning ngarepe wong akeh. Merga iku Paulus karo murid-muride ninggalen wong-wong iku, terus budal nang ruangan gede sing biyene digawe mulang nang Pak Tiranus. Saben dinane Paulus mulang ning ruangan iku. 10 Sak'wene rong taun Paulus teterusan mulang ning kono. Merga iku kabeh wong Ibrani karo duduk Ibrani sing ana ning daerah Asia pada ngrungok'en pesen nek Gusti Yesus bisa nyelameten wong.
Nasibe dukun-dukun sing nyobak nundung roh jahat gawe jenenge Yesus
11 Pengeran nggawe akeh mujijat sing nggawok'i temenan ngliwati Paulus. 12 Ana wong sing nggawa sapu tangan utawa sarung sing tau digawe Paulus, terus dideleh ning nduwure wong sing lara. Maringono larane wong-wong bisa waras, terus ya bisa nundung roh-roh jahat sing nguwasani uwong.
13 Pas iku ana pepirang dukun Ibrani sing budal memayeng kanggo nundung roh jahat teka wong-wong sing dikuwasani. Dukun-dukun iku ya nyobak nundung roh jahat nganggo jenenge Gusti Yesus ngene, “He roh-roh jahat! Nganggo jenenge Yesus sing disampek'en Paulus, budala teka wong iki!” 14 Ana wong lanang pitu sing nglakoni kayak ngono. Wong pitu iku anak'e Pak Skewa, sing nganggep awak'e dadi ketuane Pengarepe Sembahyang agama Ibrani. Pas wong pitu iku kate nundung roh jahat, 15 roh jahat iku guneman ngene, “Reang weruh Yesus, reang ya weruh Paulus. Tapi sira iki sapa?” 16 Terus wong sing klebon roh jahat iku mara mencolot, nyerang, ambek nyowek klambine wong pitu iku. Sidane wong pitu iku pada muda, awak'e catu-catu, terus mlayu teka umah iku. 17 Kabeh wong Ibrani karo duduk Ibrani sing manggon ning kota Efesus pada krungu kedadean iku, terus pada wedi. Mangkane jenenge Gusti Yesus tambah dipuja karo wong akeh.
18 Akeh wong sing wis percaya nang Yesus pada ngakoni ning ngarepe wong-wong nek maune tau nglakoni sihir-sihir. 19 Terus ana sing nglumpuk'en kitab-kitab sihire terus diobong ning ngarepe wong akeh.
Kitab-kitab sihir diobong (19:19)
Regane kitab-kitab sing diobong iku kira-kira ana seket ewu (50.000) picis perak.a20 Ngliwati kabeh kedadean iku, pesene Gusti Yesus tambah nyebar terus tambah akeh sing ngrasak'en kuwasane.
Kisruh ning kota Efesus
21 Sak'marine kedadean-kedadean iku, Paulus mutusen cekne budal nang Yerusalem ngliwati daerah Makedonia karo daerah Akhaya. Paulus guneman, “Sak'marine budal nang Yerusalem, reang kudu nang kota Roma pisan.” 22 Merga iku Paulus ngutus rewange loro budal ndiki'i nang daerah Makedonia. Rewange iku jenenge, Timotius karo Erastus. Tapi, sak'wene iku Paulus gek manggon pepirang minggu ning daerah Asia.
23 Orak kosi suwe marine iku, ana kisruh gede ning kota Efesus merga ana sing orak seneng nang wuruk'ane Yesus. 24 Ana wong jenenge Pak Demetrius sing dadi tukang gawe umah-umahane Dewi Artemisb teka perak. Penggaweane iku nggewehi asil sing gede nang tukang-tukang sing nggawe umah-umahan mau. 25 Merga iku Demetrius nglumpuk'en anak buahe karo tukang-tukang perak liyane ambek guneman ngene, “Kanca-kanca kabeh! Awak'e dewe wis weruh nek kene oleh asil teka penggawean iki. 26 Sak'iki rika kabeh wis ndeleng karo ngrungok'en paran wae sing dilakoni Paulus. Paulus guneman nek paran sing digawe karo tangane wong, iku duduk dewa. Merga iku akeh wong sing percaya nang gunemane. Apa maneh, Paulus wis nglakoni iku orak mek ning kota Efesus, tapi meh nang sak'kabehe Asia pisan. 27 Kedadean iki bisa gawe blai nang penggaweane kene. Terus wong ya bakale ngremehen umahe Dewi Artemis, dewi sing agung iku. Dewi sesembahane kabeh wong ning daerah Asia karo kabeh ndunya iku bakale orak diajeni maneh.”
28 Ngrungok'en gunemane iku, wong-wong pada memoring temenan terus pada memelung, “Pujien Dewi Artemis, dewine wong Efesus!” 29 Merga iku sak'kabehe kota dadi kisruh. Pas iku ana wong loro sing ngancani mlakune Paulus, jenenge Pak Gayus karo Pak Aristarkus. Wong loro iku dicekel nang wong-wong sing ngesruh terus digawa nang stadion kota. 30 Paulus kepingin ngetuten wong loro iku, tapi wong percaya sing ana ning kono pada orak ngolehi Paulus. 31 Ana pepirang penggede ning daerah iku sing wis dadi kancane Paulus. Penggede-penggede iku ya nggewehi pesen nang Paulus cekne orak ngetok ning stadion iku.
32 Sak'wene iku wong-wong sing nglumpuk ning stadion iku wis dadi kisruh. Ana sing pepelung ngene, ya ana sing pepelung ngono. Akeh sing orak weruh karepe nglumpuk ning kono. 33 Pas iku wong Ibrani ngongkon wong sing jenenge Pak Aleksander nang ngarepan. Terus ana sing memelung nggewehi prentah nang Aleksander. Sidane Aleksander ngunggahen tangane cekne bisa mbelani wong Ibrani ning ngarepe wong akeh. 34 Tapi bareng weruh nek Aleksander iku wong Ibrani, wong-wong iku pada bongol terus bebengok banter suwene rong jam ngene, “Pujien Dewi Artemis, dewine wong Efesus!”
35 Sidane sekretarise kota bisa ngedemi wong akeh iku. Sekretaris iku guneman, “He wong Efesus! Kabeh wong weruh nek kota Efesus iki sing njaga umahe Dewi Artemis ambek njaga recane dewi iku sing rotoh teka langit. 36 Nanak sing bisa mbantah nek iku pancen bener. Merga iku ayo sing anteng. Ajo kesusu nglakoni paran wae! 37 Wong-wong iki sira gawa mrene, masia orak ngrampok umahe Dewi Artemis, ya orak ngenyek dewine wong kene iku. 38 Dadi, nek Pak Demetrius karo tukang-tukange kate wadul soal salah sijine wong, ya orak ngapa perkara digawa nang enggon sidang karo nang pejabate kota. Ning kono wong bisa nyampek'en wadulane. 39 Tapi nek ana perkara liyane sing kate sira urusi, kudu dilakoni ning rapat masyarakat sing sah. 40 Kedadean dina iki bisa gawe blai nang kene kabeh. Kene bisa diarani kate mbrontak nang kerajaan Roma, merga kene orak duwe alasan blas kanggo nglakoni kisruh iki.” 41 Sak'marine guneman ngono, sekretarise kota iku ngongkon wong akeh moleh.