Paulus nyampek'en Kabar Apik ning kota Korintus
18
Maringono Paulus ninggalen kota Atena terus budal nang kota Korintus. 2 Ning kono campuh karo salah sijine wong Ibrani sing jenenge Pak Akwila. Akwila iku asale teka propinsi Pontus. Akwila karo bojone, sing jenenge Priskila, gek entas ninggalen propinsi Italia terus ngalih nang kota Korintus. Wong loro iku ninggalen Italia merga Klaudius, sing dadi Raja Gede Roma, nggewehi prentah ngene, “Kabeh wong Ibrani kudu ninggalen kota Roma.”a
Marine campuh, Paulus budal nang umahe wong loro iku ning kota Korintus. 3 Paulus manggon karo nyambut gawe bareng wong loro iku merga penggaweane pada, yaiku tukang gawe kemah. 4 Tapi saben dina Sabat, Paulus budal nang balai agama Ibrani. Ning kono gelek nyampek'en Kabar Apik bareng wong Ibrani, ya karo wong Yunani pisan, cekne wong-wong iku percaya nang Yesus.
5 Maringono Silas karo Timotius ninggalen daerah Makedonia terus njebul ning kota Korintus pisan. Molai iku Paulus orak nyambut gawe maneh. Penggaweane mek nyampek'en Yesus nang wong Ibrani. Paulus njelasen nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran sing dijanjek'en biyen. 6 Tapi wong Ibrani iku pada teterusan nglawan karo ngenyek Paulus. Merga iku Paulus ngebasen bledug teka klambine dadi tenger nek salahe wong-wong iku duduk tanggungane Paulus, terus guneman, “Nek sira blai, iku salahe sira dewe. Molai sak'iki reang bakale budal nyampek'en Kabar Apik nang wong sing duduk Ibrani.”
7 Maringono Paulus ninggalen balai agama iku terus manggon ning umahe Pak Titius Yustus. Umah iku ana ning pinggire balai agama mau. Na, Yustus iku duduk wong Ibrani, tapi nyembah nang Pengerane wong Ibrani. 8 Pas iku Pak Krispus, yaiku ketuane balai agama iku, karo sak'kabehe wong ning umahe pada percaya nang Gusti Yesus. Ana akeh wong Korintus sing ngrungok'en Kabar Apik teka Paulus pisan. Wong-wong iku dadi percaya terus dibaptis.
9 Ning salah sijine bengi, Gusti Yesus nggewehi wangsit nang Paulus ngene, “Paulus, ajo wedi! Sampekna terus Kabar Apik, ya ajo meneng! 10 Reang bakale mbarengi sira. Nanak sing bisa nyandak sira, ya nanak sing bisa nyiksa sira merga umate Reang akeh ning kota iki.” 11 Mangkane Paulus manggon ning kota Korintus sak'taun setengah maneh ambek mulang wekasane Pengeran nang wong-wong ning kono.
12 Na, pas Pak Galio dadi gubernur ning daerah Akhaya, wong Ibrani pada sepakat nglawan Paulus terus digawa nang pengadilan. 13 Wong Ibrani iku wadul nang gubernur ngene, “Wong iki wis teterusan ngejak wong akeh nyembah nang Pengeran ngliwati cara sing orak diolehi nurut aturane kene.”
14 Pas iku Paulus kate njawab, tapi Gubernur Galio guneman nang wong Ibrani iku ngene, “He wong Ibrani! Nek'e sira wadul soal wong sing nglakoni jahat, utawa sing nglanggar aturane Roma, mestine reang bakale nerima wadulane sira. 15 Tapi iki mek soal kata-kata, jeneng-jeneng karo aturane agamane sira dewe. Reang orak gelem ngadili masalah sing entah ngono. Sira dewe sing kudu ngurusi masalah iki.” 16 Terus wong-wong iku ditundung teka enggon sidang. 17 Sidane wong Ibrani iku nyekel Pak Sostenes, yaiku ketuane balai agama Ibrani mau, terus digepuk'i ning ngarepe enggon sidang. Tapi kedadean iku orak direken nang Gubernur Galio.
Paulus mbalik nang kota Antiokia ning propinsi Siria
18 Paulus gek manggon suwe ning kota Korintus. Sak'wise iku, Paulus pamitan nang wong percaya ning kono. Maringono dibarengi Priskila ambek Akwila budal nang kota Kengkrea ning parek'e segara. Ning kono ngongkon wong ngetok rambute merga maune wis tau njanji nang Pengeran.b Mari iku Paulus, Priskila, karo Akwila nunggang prau gede nang propinsi Siria. 19 Bareng njebul ning kota Efesus, Paulus ninggalen Akwila karo Priskila terus budal nang balai agama kanggo ngomongen Kitab Suci karo wong Ibrani. 20 Wong-wong iku njaluk Paulus cekne manggon suwe ning kono, tapi Paulus orak gelem. 21 Masia orak gelem, pas kate budal Paulus guneman, “Nek'e Pengeran ngolehi, reang bakale mbalik maneh nang kene.” Maringono Paulus nunggang prau gede ninggalen kota Efesus. 22 Sak'marine njebul ning kota Kaisarea, Paulus budal nang kota Yerusalem cekne gewehi salam nang umat sing ana ning kono. Terus Paulus nerusen mlakune nang kota Antiokia. 23 Sak'marine manggon pepirang dina ning kono, budal maneh nang daerah Galatia karo daerah Frigia kanggo nguwaten umat ning kono.
Apolos nyampek'en uripe Yesus ning kota Efesus karo kota Korintus
24 Sak'wene iku ana wong jenenge Pak Apolos sing budal nang kota Efesus. Apolos iku wong Ibrani sing lair ning kota Aleksandria. Apolos pinter guneman terus weruh temenan nang isine Kitab Suci. 25 Apolos ya wis nerima dalane Gusti. Merga iku Apolos mantep temenan mulang uripe Yesus gawe cara sing bener. Masia ngono Apolos mek weruh carane nabi Yohanes mbaptis wongc biyen. 26 Apolos iku wani mulang ning balai agama Ibrani. Pas ngrungok'en wulangane Apolos, Priskila karo Akwila ngejak Apolos nang umahe. Ning kono wong loro iku njelasen dalane Pengeran sing luwih bener maneh.
27 Maringono Apolos kate budal nang daerah Akhaya. Merga iku dulur-dulur sak'iman ning Efesus nulis surat nang muride Yesus ning daerah Akhaya cekne gelem nerima Apolos. Bareng njebul ning Akhaya, Apolos akeh nulungi wong-wong percaya ngliwati welas asihe Pengeran. 28 Apolos mulang gawe cara sing teges terus ngalahen gunemane wong Ibrani ning ngarepe wong. Masia wong Ibrani orak percaya, tapi Apolos mbuktek'en gawe Kitab Suci nek Yesus iku pancen Raja Pilihane Pengeran sing dijanjek'en biyen.