Paulus karo Silas nyeritak'en Yesus ning kota Tesalonika
17
Paulus karo Silas nerusen mlakune ngliwati kota Amfipolis karo kota Apolonia sampek njebul ning kota Tesalonika. Ning kono ana balai agamane wong Ibrani. 2 Na, ning saben kota, biasane Paulus mlebu nang balai agama Ibrani. Dadi Paulus mlebu terus ngomongen Kitab Suci karo wong-wong ning kono. Paulus nglakoni iku saben dina Sabat sak'wene telung minggu. 3 Ngliwati ayat-ayat ning Kitab Suci, Paulus njelasen karo mbuktek'en nek Raja Pilihane Pengeran sing dijanjek'en biyen iku kudu disiksa terus tangi teka patine. Jarene, “Yesus sing tak sampek'en iku pancen Raja Pilihane Pengeran!” 4 Ngrungok'en iku, ana pepirang wong sing percaya terus ngetuten Paulus karo Silas. Ning antarane wong-wong iku, ana akeh wong wedok sing dadi penggede, karo akeh wong teka suku Yunani sing nyembah nang Pengerane wong Ibrani.
5 Tapi wong Ibrani dadi iri. Terus nglumpuk'en wong sing kloyongan karo wong jahat sing biasane ana ning pasar. Wong-wong iku diklumpuk'en cekne dadi grombolan sing gawe rusuh ning sak'kabehe kota iku. Terus grombolan iku nyerbu nang umahe Yason, yaiku salah sijine wong sing percaya. Wong-wong iku nglakoni ngono cekne bisa nemok'en Paulus karo Silas terus digawa nang ngarepe wong akeh. 6 Merga orak ditemok'en, Yason karo wong percaya liyane diseret nang ngarepe pejabat-pejabat sing nguwasani kota iku. Gerombolan iku terus bebengok ngene, “Wong-wong sing wis gawe rusuh ning endi-endi sak'iki wis teka ning kotane kene! 7 Apa maneh Yason wis nerima wong-wong iku ning umahe. Wong-wong iku wis nglanggar aturane Raja Gede Roma merga wis guneman nek ana raja liyane sing jenenge Yesus.” 8 Ngrungok'en iku wong akeh karo pejabat-pejabate kota iku dadi geger. 9 Terus, sak'marine pejabat-pejabate kota oleh picis jaminan, Yason karo wong percaya liyane dibebasen.
Paulus karo Silas nyeritak'en Yesus ning kota Berea
10 Pas bengi iku, wong percaya ning kono ngongkon Paulus karo Silas budal nang kota Berea. Bareng njebul kono, pada budal nang balai agamane wong Ibrani. 11 Wong-wong ning kota Berea iku luwih kebukak atine ketimbang wong-wong ning kota Tesalonika. Wong-wong iku seneng nerima wuruk'an ngenek'i Yesus, terus saben dinane pada sinau ning Kitab Suci cekne weruh nek wuruk'ane Paulus iku bener ta orak. 12 Ning antarane wong-wong iku akeh sing percaya nang Yesus. Na, ning antarane sing percaya iku, ana pisan akeh penggede lanang karo wedok teka suku Yunani. 13 Wong Ibrani ning kota Tesalonika ya krungu nek Paulus wis ngabaren pesene Pengeran ning kota Berea. Pas iku, wong Ibrani mau pada budal pisan nang kota Berea kanggo ngojok-ngojok'i wong kono, ya gawe kisruh ning kono. 14 Merga iku wong percaya ning kono ndang-ndang ngeteren Paulus nang pinggire segara. Tapi Silas karo Timotius gek tetep manggon ning kota Berea. 15 Sing ngeteren mau, mbarengi Paulus sampek nang kota Atena. Terus pada mbalik nang kota Berea ambek nggawa pesen cekne Silas karo Timotius ndang-ndang ngetuten Paulus nang Atena.
Paulus ning kota Atena
16 Sak'wene gek ngenteni Silas karo Timotius, Paulus krasa susah atine merga ndeleng kota iku dibek'i karo reca-reca dewa. 17 Merga iku Paulus bebantahan karo wong Ibrani, ya karo wong liyane sing nyembah nang Pengeran ning balai agamane wong Ibrani. Terus saben dinane ya bebantahan karo wong sing dicampuhi ning pasar. 18 Guru-guru teka golongane Stoaa karo golongane Epikurosb ya bebantahan karo Paulus pisan. Terus ana sing guneman, “Wong iki orak weruh peparan! Ilmune mek titik wae tapi omonge akeh!”
Pepirang wong liyane guneman, “Kayak'e wong iku ngabaren dewa-dewa teka bangsa liya.” Wong-wong iku guneman ngono merga Paulus wis nyampek'en kabar apik ngenek'i Yesus karo uripe teka pepati. 19 Terus Paulus dijak nang enggon rapat ning pusung sing diarani Areopagus. Teka kono pada guneman nang Paulus ngene, “Kene kepingin weruh wuruk'an anyar sing sira sampek'en iku. 20 Sira wis nyampek'en wulangan-wulangan sing aneh nurut wong kene. Merga iku kene kepingin weruh paran tegese kabeh iku?” 21 (Na, kabeh wong Atena karo wong manca sing manggon ning kono seneng ngentek'en wayah lowonge kanggo nyampek'en utawa ngrungok'en peparan sing anyar.)
22 Dadi Paulus ngadek ning ngarepe wong-wong enggon rapat Areopagus iku, terus guneman, “He, wong Atena! Reang ndeleng, sira kabeh iki nemen manute nang dewa-dewa, ngliwati kabeh cara. 23 Pas mlaku-mlaku ning sak'ubenge kota iki, reang ndeleng enggon-enggon sing biasane digawe nyembah nang dewa-dewa. Terus reang ndeleng salah sijine watu sing ana tulisan ngene, ‘Kanggo dewa sing orak diweruhi.’ Nah dewa sing sira sembah tapi orak sira kenal iku sing tak sampek'en nang sira. 24 Dewa iku diarani Pengeran, yaiku sing gawe ndunya iki sak'isine. Gusti Pengeran sing nguwasani langit karo bumi. Pengeran orak manggon ning umah-umah dewa sing digawe menungsa, 25 ya orak mbutuhen bantuane menungsa. Pengeran sing nggewehi urip, sing nggewehi ambek'an, karo peparan wae nang menungsa. 26 Kawitane Pengeran gawe wong siji. Terus teka wong siji iku gawe kabeh bangsa, terus dikongkon manggon ning sak'kabehe bumi. Molai biyen, Pengeran sing wis nentok'en ning endi terus kapan wong bisa urip. 27 Pengeran nglakoni ngono cekne digolek'i menungsa. Terus pas nggolek'i, mandar muga bisa nyandak ya nemok'en Pengeran. Tapi nyatane Pengeran orak adoh teka kabeh uwong. 28 Entah sing wis disampek'en wong biyen ngene,
‘Menungsa bisa urip, ngalih, terus ana ning ndunya iki merga kuwasane Pengeran.’
“Iku pada karo gunemane penyair-penyaire sira biyen ngene,
‘Menungsa kabeh iku keturunane Pengeran.’
29 “Na, merga kene iki keturunane Pengeran, kene orak oleh nganggep Pengeran iku pada karo reca teka emas, perak utawa watu, sing digawe nurut akale menungsa. 30 Pengeran wis nyepura salahe menungsa sing dilakoni biyen pas menungsa gek orak weruh kekarepane Pengeran. Tapi sak'iki Pengeran ngongkon kabeh wong kudu tobat teka dusa-dusane. 31 Merga Pengeran wis nentok'en salah sijine dina kanggo ngakimi kabeh ndunya gawe cara sing adil. Pengeran wis milih siji wong kanggo ngakimi kabeh iku. Na, cekne kabeh wong bisa percaya nang wong sing dipilih iku, Pengeran wis nguripen wong sing dipilih iku teka patine.”
32 Pas krungu gunemane Paulus nek wong mati bisa urip maneh, sidane ana sing ngenyek Paulus. Ana pisan sing guneman, “Ning wayah liya, kene kepingin ngrungok'en sira guneman maneh kabeh iku mau.”
33 Maringono Paulus ninggalen enggon rapat iku. 34 Tapi ning antarane wong-wong iku ana sing melu Paulus terus percaya nang Yesus. Sing percaya iku jenenge Dionisius, yaiku anggotane Areopagus. Ana pisan wong wedok sing jenenge Damaris ambek pepirang wong liyane.