Timotius melu bareng Paulus karo Silas
16
Maringono Paulus karo Silas nerusen mlakune nang kota Derbe karo kota Listra. Ning kota Listra ana wong percaya sing jenenge Timotius. Timotius iku anak'e wong wedok Ibrani sing wis percaya nang Yesus. Tapi, bapakne iku teka suku Yunani. 2 Kabeh wong percaya sing ana ning kota Listra karo Ikonium pada weruh nek Timotius iku wong sing apik. 3 Paulus kepingin ngejak Timotius mbarengi mlakune. Tapi Paulus ngongkon Timotius disunat merga wong Ibrani sing ana ning kono weruh nek bapakne iku teka suku Yunani. 4 Ning kabeh kota sing diparani, Paulus karo kancane nyampek'en aturan sing wis ditentok'en utusan-utusan Yesus karo pemimpin liyane ning kota Yerusalem. Kabeh umat iku dikongkon cekne manut nang aturan-aturan iku. 5 Merga iku umat sing ana ning kono tambah kuwat percayane. Terus saben dinane jumlahe dadi tambah akeh.
Paulus ndeleng wangsit teka Pengeran
6 Maringono Rohe Pengeran ngedang-ngedangi Paulus karo kanca-kancane cekne orak budal ngetan nang Asia. Merga iku Paulus karo kanca-kancane nerusen mlakune ngliwati daerah Frigia karo daerah Galatia. 7 Pas njebul ning watese daerah Misia, Paulus karo kanca-kancane kate mlebu nang daerah Bitinia. Tapi Rohe Yesus menggak cekne orak budal mrana. 8 Mangkane wong-wong iku ngliwati daerah Misia terus langsung nang kota Troas. 9 Ning Troas, pas bengi, Paulus nampa wangsit teka Pengeran. Ning njerone wangsit iku Paulus ndeleng ana wong teka daerah Makedonia sing ngadek ning ngarepe. Wong iku njaluk temenan nang Paulus ngene, “Renea nang Makedonia cekne nulungi kene!” 10 Sak'marine nerima wangsit iku, Paulus karo kanca-kancane, ambek reang, yaiku Lukas,a ngerti nek Pengeran ngongkon nyampek'en Kabar Apik nang wong-wong ning Makedonia. Mangkane kene pada siap-siap cekne ndang-ndang budal nang Makedonia.
Paulus karo kanca-kancane njebul ning kota Filipi
11 Dadi kene ninggalen kota Troas terus langsung nyabrang nang pulau Samotrake. Sisuk'e nyabrang maneh nang kota Neapolis. 12 Teka kono budal ngliwati daratan nang kota Filipi, yaiku salah sijine kota gede ning daerah Makedonia. Wong-wong ning kota iku dijajah nang kerajaan Roma pisan. Terus kene manggon pepirang dina ning kono.
13 Pas dina Sabat, kene budal nang njabane lawang gapurane kota. Terus pada mlaku ning pinggire kali merga mikir ning kono ana enggon sembahyange wong Ibrani. Ning enggon iku kene ngomong karo wong wedok-wedok sing wis nglumpuk. 14 Salah sijine wong wedok iku jenenge Lidia. Lidia iku, sing penggaweane dodol kain ungu, asale teka kota Tiatira. Lidia duduk wong Ibrani, tapi nyembah nang Pengerane wong Ibrani. Pas Paulus guneman, Gusti mbukak atine Lidia cekne percaya nang gunemane. 15 Terus Lidia karo wong-wong sing manggon ning umahe dibaptis merga percaya nang Yesus. Sak'marine dibaptis, Lidia ngampiren kene ambek guneman, “Nek rika yakin esun iki pancen bener-bener percaya nang Gusti Yesus, ayo pada nginepa ning umahe esun.” Lidia teterusan ngejak sampek kene setuju.
Paulus karo Silas dilebok'en bui
16 Ning salah sijine dina, kene budal nang enggon sembahyang mau. Pas iku campuh karo salah sijine jongos wedok sing dikuwasani roh. Ngliwati roh iku, wong wedok iku bisa ngramal paran sing bakal kedadean. Ngliwati ramalan iku jeragan-jeragane oleh asil sing gede. 17 Na, wong wedok iku teterusan ngetuten kene ambek bebengok ngene, “Wong-wong iki ngabdi nang Pengeran sing Maha Duwur! Wong-wong iki kate nyampek'en nang rika njare carane cekne bisa slamet!”
18 Sak'wene pepirang dina, wong wedok iku gek teterusan bebengok kaya ngono sampek Paulus orak bisa sabar maneh. Terus Paulus mbalik ambek guneman nang roh jahat iku, “Nganggo jenenge Yesus Kristus, reang ngongkon sira metu teka wong wedok iki!” Mara-mara roh iku metu teka wong wedok mau.
19 Na, pas weruh nek penggaweane ngramal wis ilang, jeragan-jeragane wong wedok iku mau pada nyekel Paulus karo Silas. Terus diseret nang pasar ning ngarepe penggedene kota iku. 20 Sak'wise diseret nang ngarepe penggede-penggede iku, jeragan-jeragan mau wadul ngene, “Wong-wong Ibrani iki wis gawe kisruh ning kota kene. 21 Wong loro iki wis ngongkon wong kene nglakoni adat istiadat sing nglanggar aturane wong Roma, sing njajah kene. Kene orak oleh nerima utawa manut nang adate wong-wong iku.”
22 Wong akeh ya melu nglawan Paulus karo Silas. Terus penggede-penggedene kota iku pada nyowek klambine Paulus karo Silas, terus maneh ngongkon diambleki gawe tongkat kayu. 23 Sak'marine diambleki nemen, dilebok'en bui. Terus ketuane sing jaga bui iku dikongkon njaga ngene, “Wong loro iki kudu dijaga sing bener. Ajo sampek mlayu!” 24 Merga dikongkon ngono, Paulus karo Silas dilebok'en nang kamare bui sing paling jero. Terus sikile dipasung gawe kayu sing kuwat.
25 Tapi kira-kira pas tengah wengi, Paulus karo Silas ndedunga karo ngidung memuji nang Pengeran.
Saulus karo Silas muji nang Pengeran (16:25)
Wong tahanan liyane ya ngrungok'en kidungane wong loro iku.
26 Mara-mara ana kedadean lindu gede sampek pondasine bui iku dadi huyek-huyek. Kabeh lawange bui kebukak, terus rante sing naleni wong-wong tahanan ya pada kebukak kabeh. 27 Pas iku ketuane bui kaget terus tangi teka turune. Ketua iku ndeleng kabeh lawange bui wis kebukak. Sidane, njupuk wedung kate mateni awak'e dewe merga pikire wong-wong tahanan wis pada mlayu.
28 Tapi Paulus memelung banter ngene, “Ajo nglarani awak'e sira dewe! Wong tahanan kabeh gek ana ning kene.”
29 Na, merga peteng, anak buahe dikongkon nggawa obor. Terus ketua iku mlayu nang njerone bui, gembeblek, sujud ning ngarepe Paulus karo Silas. 30 Maringono ketua bui ngetok'en Paulus karo Silas teka bui iku ambek takon ngene, “Bapak-bapak! Paran sing kudu tak lakoni reang iki cekne bisa slamet?”
31 Paulus karo Silas njawab, “Sira kudu percaya nang Gusti Yesus! Nek ngono, sira karo kabeh wong sing ana ning umahe sira bakale slamet.” 32 Maringono Paulus karo Silas njelasen pesene Gusti Yesus nang ketuane bui iku karo nang kabeh wong sing ana ning umahe. 33 Masia wis tengah wengi, ketua bui iku nggawa Paulus karo Silas cekne diwisuhi catu-catune. Maringono ketua bui iku karo kabeh wong ning umahe dibaptis. 34 Sak'wise iku ketua bui ngejak Paulus karo Silas nang umahe terus nyuguhen pangan. Ketua iku karo wong-wong ning umahe pada seneng temenan merga wis percaya nang Pengeran.
35 Sesok isuk'e penggede-penggedene kota iku ngongkon prajurit nang bui iku cekne nyampek'en pesen ngene, “Culna wong loro iku!” 36 Terus ketua bui nyampek'en kabar iku nang Paulus ngene, “Penggede-penggedene kota iki wis ngongkon mbebasen rika. Monggo rika wis oleh metu. Sing ati-ati ning dalan ya!”
37 Tapi Paulus guneman nang prajurit-prajurit iku, “Reang karo kancane reang iki wargane bangsa Roma. Tapi ngapa kok kene diambleki ning ngarepe wong sak'durunge disidang? Apa maneh dilebok'en bui! Na, sak'iki penggede-penggede iku meneng-meneng kate mbebasen. Kene orak kira nerima cara iku! Kongkonen penggede-penggede iku teka dewe kanggo mbebasen kene.”
38 Prajurit-prajurit iku nyampek'en gunemane Paulus nang penggede-penggedene kota iku. Bareng weruh nek Paulus karo Silas iku pancen wargane bangsa Roma, penggede-penggede iku dadi wedi temenan. 39 Maringono budal njaluk sepura nang Paulus karo Silas. Terus ngeteren Paulus karo Silas metu teka bui ambek njaluk temenan cekne budal teka kota iku. 40 Maringono Paulus karo Silas metu teka bui terus mlaku nang umahe Lidia. Pas campuh karo wong percaya sing ana ning kono, Paulus karo Silas nguwaten percayane wong-wong iku. Maringono budal maneh ninggalen kota iku.