Utusan-utusane Yesus mbantahen masalahe wong duduk Ibrani sing percaya nang Yesus
15
Ana pepirang wong Ibrani teka daerah Yudea sing budal nang kota Antiokia terus mulang nang murid-muride Yesus ngene, “Nek sira orak melu agama Ibrani, terus orak disunat nurut Hukume Nabi Musa,a sira orak bisa dislameten.”2 Tapi Paulus karo Barnabas nglawan temenan nang wulangane wong-wong iku. Ahire Paulus, Barnabas, karo pepirang wong percaya liyane ditentok'en cekne budal nang Yerusalem. Wong-wong iku dikongkon nyampuhi utusan-utusane Yesus karo pemimpin-pemimpin liyane kanggo ngurusi masalah iku. 3 Wong-wong iku mau diutus nang umate Yesus ning kono, terus mlaku ngliwati daerah Fenisia karo Samaria. Ning kono nyeritak'en nek wong-wong sing duduk Ibrani wis tobat terus percaya nang Yesus. Paran sing diceritak'en iku nyenengen atine wong-wong percaya ning kono.
4 Na, bareng njebul ning kota Yerusalem, Paulus karo kanca-kancane diterima apik nang umate Yesus, utusan-utusane Yesus, ambek pemimpin-pemimpin liyane. Terus Paulus karo kanca-kancane cerita nang wong-wong iku ngenek'i paran sing wis dilakoni Pengeran ngliwati Paulus karo kanca-kancane. 5 Tapi pepirang wong teka golongane Farisi sing wis percaya nang Yesus, ngadek ambek guneman, “Wong-wong sing percaya nang Yesus, tapi duduk Ibrani, kudu melu agama Ibrani, yaiku kudu disunat terus manut nang Hukume Nabi Musa.”
6 Merga iku utusan-utusane Yesus karo pemimpin-pemimpin liyane pada rembukan kanggo ngurusi masalah iku. 7 Rembukane wong-wong iku suwe temenan merga ana sing setuju ya ana sing orak. Ahire Petrus ngadek ambek guneman, “Dulur-dulur kabeh! Rika wis weruh nek pepirang taun sing dikek Pengeran milih reang teka antarane rika kanggo nyampek'en Kabar Apik nang wong sing duduk Ibrani. Pengeran nglakoni ngono cekne wong-wong iku bisa ngrungok'en terus percaya. 8 Pengeran, sing weruh atine menungsa, wis ndudohen kekarepane, yaiku nerima wong-wong sing duduk Ibrani. Buktine, Pengeran wis nggewehi Rohe dewe nang wong sing duduk Ibrani, entah sing wis digewehen nang kene kabeh, yaiku wong Ibrani sing percaya nang Yesus. 9 Pengeran orak mbeda-mbedak'en wong Ibrani karo sing duduk Ibrani. Pengeran wis nyucek'en atine wong sing duduk Ibrani merga percaya nang Yesus. 10 Nek ngono, ngapa kok rika kabeh kate nglawan kekarepane Pengeran? Ngapa kok rika kate nggewehi aturan abot sing kudu dilakoni wong duduk Ibrani sing gek entas melu wulangane Yesus iki? Nyatane aturan-aturan abot iku orak bisa dilakoni mbah buyute kene karo kene pisan. 11 Malah reang ambek rika wis weruh nek wong Ibrani karo sing duduk Ibrani bisa slamet merga welas asihe Gusti Yesus.”
12 Ngrungok'en iku, wong-wong sing nglumpuk ning kono pada meneng. Terus Paulus karo Barnabas cerita ngenek'i kabeh mujijat karo tetenger sing dilakoni Pengeran. Ngliwati wong loro iku, mujijat karo tetenger mau dilakoni ning ngarepe wong duduk Ibrani.
13 Sak'marine iku, Yakobus ngomong ngene, “Dulur-dulur kabeh! Rungokna reang! 14 Simon Petrus gek entas nyeritak'en kedadean pas Pengeran milih wong sing duduk Ibrani. Kedadean iku, kawitane Pengeran nggatek'en wong sing duduk Ibrani dadi umate. 15 Iku pada karo sing wis disampek'en nabi-nabi biyen ning Kitab Suci nek Pengeran tau guneman ngene,
16 ‘Mbesok Reang bakale mbalik maneh.
Reang bakale mbangun maneh umahe Raja Daud
sing wis ambruk.
Sing wis ambrol iku bakal Tak pulihen,
ya bakal Tak kuwaten maneh,
17 cekne bangsa-bangsa liya bisa nggolek'i Gusti Pengeran,
yaiku wong sing duduk Ibrani,
sing wis Tak celuk dadi duwek'e Reang.’
‘Iku ngono gunemane Gusti Pengeran,
18 yaiku sing wis ndadek'en kabeh iki.
Kedadean iki wis diweruhi molai biyen’.” (Amos 9:11-12)
19 Terus Yakobus nerusen gunemane, “Dadi nurut reang, kene orak oleh nambahi beban nang wong sing duduk Ibrani sing gelem mbalik nang Pengeran. 20 Tapi kene kudu nulis surat nang wong-wong iku cekne:
orak mangan panganan najis sing wis disajek'en nang reca-reca dewa,
orak nglakoni jinah,
orak mangan kewan sing matine ditekek,
ya orak mangan getih.
21 “Kabeh iku kudu disampek'en, merga molai biyen Hukume Nabi Musa iku mau wis disampek'en ning saben kota, ya diwaca ning saben balai agamane wong Ibrani saben dina Sabat.”
Surat teka umat ning Yerusalem nang wong percaya sing duduk Ibrani
22 Maringono utusan-utusane Yesus, ambek pemimpin-pemimpin liyane, karo kabeh umat ning kota iku pada mutusen milih pepirang wong teka klompok'e kanggo diutus mbarengi Paulus karo Barnabas nang kota Antiokia. Wong sing dipilih iku jenenge Yudas, (sing celuk'ane Barsabas pisan), ambek Silas. Wong loro iku diajeni ning antarane wong percaya ning kota iku. 23 Wong-wong iku digawani surat sing unine ngene,
“Salam teka utusan-utusane Yesus karo pemimpin-pemimpin ning kota Yerusalem nang dulur-dulur sing duduk Ibrani ning kota Antiokia, ning propinsi Siria, karo ning propinsi Kilikia.
24 Kene wis ngrungok'en ana pepirang wong teka klompok'e kene sing budal mrana terus nggewehi wuruk'an sing mbingungen karo nyusahen rika kabeh. Nyatane kene orak ngongkon wong-wong iku nglakoni ngono. 25 Merga iku umat ning Yerusalem wis rembukan terus pada sepakat milih pepirang wong kanggo mbarengi Paulus karo Barnabas sing kene tresnani iku. 26 Wong loro iku bolak-balik meh dipateni merga ngladeni Gusti Yesus Kristus. 27 Na, kene ya ngutus Yudas karo Silas kanggo guneman langsung nang rika kabeh. Gunemane bakale pada karo isine surat iki.
28 Gatekna! Rohe Pengeran karo kene wis mutusen cekne orak nggewehi aturan-aturan sing luwih abot nang rika. Rika mek kudu manut nang aturan-aturan iki:
29 Ajo mangan pangan sing wis dikorbanen nang reca dewa,
ajo mangan getih,
ajo mangan kewan sing matine ditekek,
ya ajo jinah.
Nek rika manut nang aturan-aturan iku, rika wis nglakoni apik.
Iku ngono isine surat iki. Salam.”
30 Sak'marine pamitan, Yudas karo Silas budal nang kota Antiokia. Teka kono nglumpuk'en sak'kabehe umat terus nggewehi surat iku. 31 Sak'marine surate diwaca, wong-wong pada bungah temenan merga isine surat iku nguwaten atine. 32 Yudas karo Silas iku diarani nabi merga bisa nyampek'en wekasane Pengeran. Dadi wong loro iku gek suwe guneman ning kono cekne wong-wong percaya tambah wani ya tambah kuwat kepercayaane. 33 Terus Yudas karo Silas gek manggon suwe ning kota iku. Maringono wong percaya ning kota iku ngutus Yudas karo Silas mbalik maneh nang wong-wong sing ngutus biyen. Wong loro ya didungak'en cekne slamet ning dalan. [ 34 Tapi Silas tetep manggon ning kota Antiokia.]b
Paulus karo Barnabas pisah
35 Paulus karo Barnabas manggon suwe ning kota Antiokia. Ning kono Paulus, Barnabas ambek wong-wong liyane pada mulang wekasane Gusti Yesus. 36 Orak kosi suwe marine iku, Paulus guneman nang Barnabas, “Ayo pada nyambangi dulur-dulure kene, yaiku wong percaya ning kabeh kota sing wis nerima wekasane Gusti Yesus teka reang karo sira. Ayo pada mrana cekne weruh uripe wong-wong iku sak'iki.”
37 Na, Barnabas kepingin ngejak Yohanes, sing diceluk Markus. 38 Tapi nurut Paulus orak apik ngejak wong sing tau orak gelem nyambut gawe bareng. Merga biyen Markus wis ninggalen Paulus karo Barnabas ning daerah Pamfilia. 39 Sidane Paulus karo Barnabas pada engkel-engkelan terus pisah. Barnabas ngejak Markus budal nang pulau Siprus. 40 Tapi Paulus milih Silas kanggo mbarengi mlakune. Pas budal, wong percaya ning Antiokia masrahen Paulus karo Silas nang welase Gusti Yesus. 41 Terus Paulus karo Silas budal nang sak'ubenge propinsi Siria karo propinsi Kilikia ambek nguwaten umat sing ana ning kono.