Paulus karo Barnabas nyampek'en Kabar Apik ngenek'i Yesus ning kota Ikonium
14
Ning kota Ikonium, Paulus karo Barnabas ngalami kedadean sing pada karo ning kota Antiokia. Utusan loro iku mlebu nang balai agamane wong Ibrani terus mulang ambek kuwasa sing gede. Merga iku akeh wong Ibrani karo sing duduk Ibrani dadi percaya nang Yesus. 2 Tapi ana wong Ibrani sing orak gelem percaya. Wong-wong iku ngojok-ngojok'i wong sing duduk Ibrani cekne orak seneng nang wong sing percaya nang Yesus. 3 Dadi Paulus karo Barnabas manggon suwe ning kota iku, ya wani mulang pesen welas asihe Gusti Yesus. Terus Gusti nggewehi kuwasa cekne bisa nglakoni mujijat-mujijat karo tetenger sing mbuktek'en nek wulangane utusan loro iku pancen bener.4 Tapi wong-wong ning kota iku pecah dadi rong klompok. Ana sing mihak nang wong Ibrani, ya ana sing mihak nang Paulus karo Barnabas. 5 Terus wong Ibrani ambek pemimpin-pemimpine ya pisan wong sing duduk Ibrani pada usaha nyiksa karo ngantemi Paulus karo Barnabas gawe watu. 6 Tapi niate wong-wong mau diweruhi Paulus karo Barnabas. Mangkane mlayu nang kota Listra, Derbe, karo daerah sekitare Likaonia. 7 Ning kono nerusen nyampek'en Kabar Apik ngenek'i Yesus.
Paulus karo Barnabas nyampek'en Kabar Apik ning kota Listra karo kota Derbe
8-9 Ning kota Listra ana wong lanang sing sikile lumpuh molai laire biyen. Wong iku orak tau mlaku merga sikile orak kuwat. Wong iku lungguh ambek ngrungok'en gunemane Paulus. Pas nguwasen wong iku, Paulus weruh nek wong iku percaya nang Yesus terus bisa diwarasen. 10 Mangkane guneman gawe suwara sing banter, “Ngadek'a sing jejek!” Wong iku memara ngadek terus molai mlaku.
11 Ndeleng kedadean iku wong akeh pada memelung gawe basane wong Likaonia ngene, “Dewa-dewa wis mudun nang ndunya ngrupak'en menungsa.” 12 Maringono wong-wong iku nyeluk Barnabas Dewa Seus.a Terus Paulus diceluk Dewa Hermesb merga luwih akeh omonge.
13 Na, ning njabane kota iku ana candine Dewa Seus. Pengarepe sembahyang ning candine Dewa Seus iku teka ambek nggawa sapi-sapi lanang karo tatanan kembang nang lawang gapurane kota. Pengarepe sembahyang mau kate nggewehi korban nang utusan loro bareng-bareng wong akeh iku muka.

Pengarepe sembahyang teka candine Dewa Seus (14:13)
14 Pas krungu nek wong-wong iku kate nglakoni ngono, Paulus karo Barnabas pada nyowek klambine cekne dadi tenger nek orak gelem disembah entah dewa. Mangkane mlayu nang tengahe wong-wong iku ambek memelung ngene, 15 “He! Ngapa kok rika kabeh nglakoni ngono? Kene mek wong biasa memper rika kabeh. Kene mrene kanggo nyampek'en Kabar Apik cekne rika orak nyembah maneh nang dewa-dewa terus mbalik nang Pengeran sing urip. Pengeran sing wis gawe langit, ndunya, segara karo sak'isine kabeh. 16 Biyen Pengeran ngejaren kabeh bangsa urip nurut dalane dewe-dewe. 17 Tapi Pengeran tetep nglakoni apik nang menungsa kanggo mbuktek'en anane Pengeran. Pengeran sing nekak'en udan teka langit karo sing nggewehi wayah-wayah panen sing asile apik. Pengeran sing nyukupi pangane rika karo sing nyenengen atine rika.”
18 Masia wis guneman ngono, Paulus karo Barnabas meh-meh wae orak bisa ngedang-ngedangi wong akeh sing kate nggewehi korban nang utusan loro iku.
19 Tapi wong Ibrani teka kota Antiokia karo Ikonium mau, pada mlebu nang kota iku. Terus pada ngojok-ngojok'i wong akeh cekne melu nang wong-wong Ibrani iku. Ahire pada ngantemi Paulus karo watu cekne mati. Terus awak'e diseret nang njabane kota merga didarak'en nek wis mati. 20 Tapi pas wong percaya ngadek ning sak'ubenge, Paulus tangi terus mlebu maneh nang kota iku.

Wong percaya ngadek ning sak'ubenge Paulus (14:20)
Paulus karo Barnabas mbalik nang kota Antiokia, yaiku enggon kawitane diutus biyen
Maringono Paulus karo Barnabas mbalik maneh nang kota Listra, kota Ikonium, karo kota Antiokia sing parek'e daerah Pisidia. 22 Ning kota-kota iku, pada nguwaten kepercayaane murid-murid ambek dituturi iku cekne tetep percaya nang Yesus. Gunemane ngene, “Kene kudu ngalami akeh sarane, nek dadi wargane Kerajaane Pengeran.” 23 Terus Paulus karo Barnabas milih pemimpin-pemimpin kanggo umate Yesus ning saben kota iku. Sak'marine ndunga karo pasa, pemimpin-pemimpin iku dipasrahen nang Gusti Yesus, sing dadi keyakinane. 24 Sak'wise iku, Paulus karo Barnabas nerusen mlakune ngliwati daerah Pisidia terus njebul ning daerah Pamfilia.
25 Utusan loro iku nyampek'en wekasane Pengeran ning kota Perga, terus nerusen mlakune sampek ning pinggire segara yaiku kota Atalia. 26 Teka kono nunggang prau gede moleh nang kota Antiokia. Biyen, ning kota iku, wong percaya masrahen utusan loro iku nang welas asihe Pengeran kanggo nglakoni penggawean mau. 27 Bareng njebul ning kota Antiokia, umate Yesus sing ana ning kono diklumpuk'en. Terus Paulus karo Barnabas nyeritak'en kabeh sing wis dilakoni Pengeran ngliwati awak'e dewe. Maringono nyeritak'en nek Pengeran wis nggewehi dalan nang wong sing duduk Ibrani cekne bisa percaya nang Yesus. 28 Ning kota iku Paulus karo Barnabas manggon suwe bebarengan wong-wong sing percaya nang Yesus.