Saulus karo Barnabas diutus nang Rohe Pengeran
13
Ning antarane umate Yesus ning kota Antiokia ana nabi-nabi karo guru-guru. Na, ning antarane nabi-nabi karo guru-guru iku mau ana sing jenenge:
Barnabas,
Simeon sing celuk'ane Niger,
Lukius teka kota Kirene,
Mahanem sing molai cilik urip bareng Raja Herodes Antipas,a
ambek Saulus.
2 Ning salah sijine dina, wong-wong iku sepakat pasa karo nyembah nang Gusti. Pas iku Rohe Pengeran guneman ngene, “Pilihen Saulus karo Barnabas kanggo nglakoni tugas sing wis Tak tentok'en.” 3 Terus wayahe ndedunga karo pasa dimarek'en. Maringono pada ndeleh tangane ning duwure Saulus karo Barnabas. Terus wong loro iku diutus cekne ngabaren Kabar Apik ngenek'i Yesus.
Saulus karo Barnabas ngabaren Kabar Apik ngenek'i Yesus ning pulau Siprus
4 Sak'marine diutus nang Rohe Pengeran, Saulus karo Barnabas budal nang Seleukia yaiku kota sing parek karo segara. Teka kono numpak prahu terus nyabrang nang pulau Siprus. 5 Sak'wise njebul ning daratan, budal nang kota Salamis. Ning kono nyampek'en wekase Pengeran ning pepirang balai agama Ibrani. Ana pisan wong jenenge Yohanes Markus sing melu kanggo ngrewangi Saulus karo Barnabas.
6-8 Wong telu iku budal ngubengi sak'kabehe pulau iku sampek njebul ning kota Pafos. Ning kota iku campuh salah sijine wong Ibrani sing jenenge Bar-Yesus. (Jenenge Bar-Yesus iku njero basa Yunanine ‘Elimas’.) Na, Elimas iku penggaweane dadi tukang sihir ya pisan ngaku-ngaku dadi nabi. Elimas duwe kanca jenenge Sergius Paulus sing dadi gubernure pulau iku. Gubernur iku wong sing pinter karo bijak, terus nyeluk Saulus karo Barnabas merga kepingin ngrungok'en wekasane Pengeran. Tapi Elimas, tukang sihir iku, nglawan gunemane Saulus karo Barnabas cekne gubernur iku orak percaya nang Yesus. 9 Mangkane Saulus, sing diceluk Paulus pisan, dikuwaten Rohe Pengeran terus mandeng nang tukang sihir iku 10 ambek guneman, “He tukang goroh! Sira iki pada karo Iblis! Sira wis nglawan peparan wae sing bener. Ngapa kok sira orak leren ngenggok'en dalane Gusti Pengeran sing kenceng iku? 11 Rungokna! Sira kenek ukumane Gusti Pengeran. Sira bakale picek, ya orak bisa ndeleng sorote sengenge sampek nang wayah sing ditentok'en.”
Sekala iku Elimas krasa entah ana kabut peteng sing nutupi mripate. Merga iku Elimas nggrayah-nggrayah nggolek'i wong cekne bisa dituntun. 12 Deleng kedadean iku gubernur mau dadi percaya nang Yesus. Gubernur iku gawok temenan nang wuruk'ane Paulus ngenek'i Gusti Yesus.
Paulus karo Barnabas nyampek'en Kabar Apik ning kota Antiokia sing parek'e daerah Pisidia
13 Maringono Paulus karo kanca-kancane budal teka pulau Siprus terus nunggang prahu nang kota Perga ning daerah Pamfilia. Tapikne Yohanes, sing celuk'ane Markus, ninggalen Paulus karo Barnabas terus mbalik nang kota Yerusalem. 14 Teka Perga, Paulus karo Barnabas nerusen mlakune sampek njebul ning kota Antiokia, parek'e daerah Pisidia. Pas dina Sabat wong loro iku budal nang balai agama Ibrani terus lungguh ning kono. 15 Ning kono ana sing maca hukum agama Ibrani karo kitabe nabi-nabi liyane. Sak'marine maca, pemimpin-pemimpine balai agama ngongkon wong takon nang Paulus karo Barnabas ngene, “He dulur-dulur Ibrani! Apa ana pesen sing kate disampek'en kanggo nguwaten karo nambani atine wong-wong kene? Nek ana monggo!”
16 Dadi Paulus ngadek terus ngunggahen tangane merga kepingin guneman, “He dulur-dulur Ibrani karo kanca-kanca teka bangsa liyane sing manut nang Pengeran, rungokna! 17 Pengeran sing disembah bangsane kene wis milih mbah buyute kene. Mbah buyute kene wis didadek'en bangsa sing gede pas dadi wong manca ning negara Mesir. Maringono gawe kuwasane sing gede, Pengeran wis nggawa metu mbah buyute kene teka Mesir. 18 Pengeran sabar nang kelakuane mbah buyute kene ning ara-ara ambab sak'wene petang puluh (40) taun. Teka kono bangsa Ibrani dituntun sampek daerah Kanaan.”c
19 “Maringono Pengeran musnahen pitung bangsa sing manggon ning daerah Kanaan. Terus daerah iku dibagek-bagek'en cekne dadi warisane mbah buyute kene. 20 Molai mbah buyute kene mlebu nang Mesir sampek manggon ning daerah Kanaan, kabeh iku kedadean suwene petang atus seket (450) taun.
“Sak'wise daerah iku dibagek-bagek'en, Pengeran nyawisen wong-wong hebat cekne dadi hakim-hakim kanggo mimpin mbah buyute kene. Na, Nabi Samuel dadi hakim sing paling pungkasan. 21 Maringono mbah buyute kene guneman nang Samuel ngene, ‘Kene njaluk salah sijine wong didadek'en rajane kene.’ Terus Pengeran nyawisen wong jenenge Saul, anak'e Pak Kish teka suku Benyamin, dadi rajane mbah buyute kene. Saul iku mrentah suwene petang puluh (40) taun.
22 “Sak'marine Saul dilengseren, Pengeran milih Daud dadi rajane wong-wong iku. Pengeran tau guneman ngenek'i Daud ngene,
‘Reang wis ndeleng Daud, anak'e Pak Isai iku, wong sing nyenengen atine Reang.
Daud sing bakale nglakoni paran wae sing dadi kekarepane Reang.’ (1 Samuel 13:14)
23 “Teka keturunane Daud iku, Pengeran wis nyawisen Sang Penyelamet, yaiku Yesus. Kabeh iku persis janjine Pengeran biyen. 24 Sak'durunge Yesus nglakoni tugase, Nabi Yohanes wis nyampek'en nang wong Ibrani cekne tobat teka dusa-dusane terus dibaptis. 25 Pas kate marek'en tugase, Yohanes guneman ngene, ‘Reang iki duduk Sang Penyelamet sing dijanjek'en Pengeran iku! Gatekna! Sang Penyelamet iku bakale teka sak'marine reang. Reang dewe orak pantes nyoplok sandale Sang Penyelamet iku.’ ”
26 Maringono Paulus nerusen gunemane, “He dulur-dulur Ibrani karo kanca-kanca teka bangsa liyane sing manut nang Pengeran! Pesen sing nyelameten wis digenehi nang kene kabeh. 27 Tapi wong-wong sing manggon ning kota Yerusalem karo pemimpin-pemimpine orak ngakoni nek Yesus iku Sang Penyelamet. Wong-wong iku orak ngerti wuruk'ane nabi-nabi sing diwaca saben dina Sabat, mangkane pada ngukum Yesus. Nyatane ramalane nabi-nabi mau dijangkepi pas Yesus diukum nang wong Ibrani. 28 Masia orak nemok'en sesijia salahe Yesus sing pantes digawe ukuman pati, tapi wong Ibrani iku njaluk nang Gubernur Pilatus cekne Yesus dipateni. 29 Tibak'e wong Ibrani iku orak sadar nek kabeh sing dilakoni nang Yesus iku wis tetulis ning Kitab Suci biyen. Sak'marine Yesus dipateni ning kayu salib, mayite Yesus diduk'en teka kayu iku terus dideleh ning njerone gua kuburan. 30 Tapi Pengeran nangek'en Yesus teka patine. 31 Maringono sak'wene sak'wulan luwih, Yesus ndudohen awak'e nang murid-muride. Murid-murid iku maune melu Yesus teka daerah Galilea nang kota Yerusalem. Murid-murid iku sing sak'iki dadi saksi-saksine Yesus nang bangsa Ibrani. 32 Dadi sak'iki reang karo kancane reang nyampek'en Kabar Apik nang sira kabeh. Paran sing wis dijanjek'en Pengeran nang mbah buyute kene 33 wis ditetepi nang kene kabeh, ngliwati nangek'en Yesus teka patine. Biyen Pengeran tau guneman nang Yesus, ning Kitab Suci Masmur nomer loro ngene,
‘Sira iku Anak'e Reang.
Dina iki Reang wis dadi Bapakne Sira.’ (Masmur 2:7)
34 “Pengeran wis nangek'en Yesus teka patine. Terus sak'iki Yesus orak bakale ngalami pati maneh. Pengeran tau guneman soal kedadean iku ning Kitab Suci ngene,
‘Reang bakale nggewehi nang Sira janji suci
sing mesti bakale ditetepi
sing wis Tak janjek'en nang Raja Daud,’ (Yesaya 55:3)
35 “Merga iku Raja Daud tau guneman nang Pengeran ning Kitab Suci ngene,
‘Rika orak kira ngejaren Wong suci sing Rika pilih iku bosok ning kuburan.’ (Masmur 16:10)
36 “Jaman biyen Raja Daud wis nglakoni kekarepane Pengeran. Maringono Raja Daud wis mati terus wis dikubur bebarengan mbah buyute kene. Pancen awak'e Daud wis bosok ning kuburan. 37 Tapi Yesus wis ditangek'en Pengeran teka patine. Terus awak'e Yesus orak bosok ning kuburan.
38 “He dulur-dulur Ibrani kabeh! Sira kudu weruh, isine Kabar Apik wis disampek'en nang sira, yaiku, ngliwati Yesus dusane wong bisa disepura. 39 Dusane wong orak bisa disepura ngliwati manut nang aturan-aturan ning Hukume Nabi Musa.d Tapi sapa wae sing percaya nang Yesus, sak'kabehe dusane bisa disepura. 40 Merga iku sira kudu ati-ati cekne paran sing wis tetulis ning Kitab Suci orak kedadean nang sira. Biyen Pengeran tau guneman ngene,
41 ‘Gatekna gunemane Reang iki! He wong-wong sing ngenyek dalane Reang!
Sira bakale dadi gawok terus dimusnahen.
Merga ning jamane sira iki, Reang nglakoni penggawean sing nggawok'i temenan.
Tapi sira orak bakal percaya,
masia ana sing cerita nang sira.’ ” (Habakuk 1:5)
42 Sak'wise mulang, Paulus karo Barnabas kate budal. Tapi kabeh pada njaluk cekne mulang maneh ning dina Sabat sing kate. Wong-wong iku kepingin luwih ngerti nang wulangane Paulus iku mau. 43 Sak'marine sembahyang, akeh wong ngetuten Paulus karo Barnabas. Wong-wong iku ana sing teka bangsa Ibrani, ya ana sing teka bangsa liyane tapi wis melu agamane wong Ibrani. Maringono Paulus karo Barnabas nuturi wong kabeh iku cekne urip ning welas asihe Pengeran.
44 Sak'minggu marine dina iku, pas dina Sabat, meh kabeh wong ning kota iku pada teka kanggo ngrungok'en pesene Gusti Yesus. 45 Ndeleng akeh wong pada teka, pemimpin-pemimpine wong Ibrani dadi iri nang Paulus karo Barnabas. Mangkane molai ngenyek karo nglawan gunemane Paulus.
46 Tapi Paulus karo Barnabas dadi wani terus guneman ngene, “He wong Ibrani! Wekasane Pengeran ngenek'i Yesus pancen kudu disampek'en dikek nang sira sak'durunge nang bangsa-bangsa liyane. Tapi sira orak gelem nerima. Merga iku sira dewe wis mutusen nek sira orak pantes nerima urip langgeng ning swarga. Dadi sak'iki reang karo kancane reang iki kate budal nang wong-wong sing duduk Ibrani kanggo ngabaren wekasane Pengeran. 47 Merga ning Kitab Suci, Gusti wis ngongkon kene, wong sing percaya nang Yesus ngene,
‘Reang wis nentok'en sira dadi padang
kanggo madangi bangsa-bangsa sing duduk Ibrani,
cekne sira nggawa kabar sing nyelameten
nang sak'kabehe bangsa ning ndunya.’ ” (Yesaya 42:6; 49:6)
48 Ngrungok'en iku, wong-wong sing duduk Ibrani pada bungah temenan, terus pada ngajeni pesene Gusti iku. Terus wong-wong sing wis dipilih cekne oleh urip sing langgeng pada percaya nang Yesus.
49 Maringono pesene Gusti nyebar nang sak'kabehe daerah iku. 50 Tapi wong Ibrani ngojok-ngojok'i penggede-penggede karo wong wedok-wedok sugih sing duduk Ibrani tapi melu agamane Ibrani. Wong-wong iku ngejak wong liyane cekne nyiksa ambek nundung Paulus karo Barnabas teka daerah iku. 51 Merga iku Paulus karo Barnabas ngebasen bledug teka sikile, dadi tenger nek salahe wong-wong iku duduk tanggungane. Maringono wong loro iku budal nang kota Ikonium. 52 Pas sak'mono, atine kabeh muride Yesus ning kota Antiokia bungah temenan, terus pada dikuwaten Rohe Pengeran.