Yakobus dipateni terus Petrus dilebok'en bui
12
Pas Barnabas karo Saulus nggawa bantuan nang Yerusalem, Raja Herodes Agripa Ia molai nyiksa wong Ibrani sing wis dadi umate Yesus. 2 Herodes ya ngongkon prajurite cekne nggawe wedung mateni salah sijine utusan sing jenenge Yakobus. Yakobus iku dulure Yohanes. 3 Terus Herodes ndeleng nek patine Yakobus iku nyenengen atine wong Ibrani liyane. Merga iku, Herodes nyekel Petrus pisan. (Kedadean iku pas riaya Roti sing Nanak Ragine.) 4 Sak'wise dicekel, Petrus dilebok'en ning bui terus dijaga giliran nang petang klompok'e prajurit. Saben klompok'e ana petang prajurit. Herodes wis ngatur cekne Petrus kate diadili ning ngarepe wong akeh sak'marine riaya Paskah. 5 Sak'wene Petrus ana ning bui, umate Yesus pada ndedunga nang Pengeran cekne Petrus dibebasen.
Malaekat mbebasen Petrus teka bui
6 Na, bengine sak'durunge Petrus kate diadili Herodes, Petrus turu ning bui. Tangane dirante terus dililiten nang prajurit loro sing ana ning kiwa tengene. Ana pisan prajurit-prajurit liyane sing njaga ning lawange bui iku. 7 Mara-mara ana malaekate Gusti Pengeran sing ngadek ning bui iku. Terus ana padang sing nyorot ning njerone ruangan iku. Malaekat iku njawil pundak'e Petrus ambek digugah cekne tangi. Terus guneman, “Hage, tangia!” Sekala iku rante ning tangane Petrus coplok. 8 Maringono malaekat iku guneman maneh, “Nggonen sabuk karo sandale sira.” Petrus manut nang gunemane malaekat. Terus malaekat iku guneman maneh, “Gawien pisan jubahe sira terus melua reang.”
9 Petrus ngetuten malaekat iku metu teka bui. Pas sak'mono Petrus gek durung sadar nek iku pancen kedadean sing temenan. Didarak'en iku mek entah ngipi teka Pengeran. 10 Maringono Petrus karo malaekat iku mlaku ngliwati klompok'e prajurit sing njaga ning pos nomor siji karo pos nomor lorone. Pas njebul ning lawang wesi sing arahe nang kota, lawang sing gede iku mbukak dewe. Terus Petrus karo malaekat metu teka kota iku karo melu salah sijine gang. Mara-mara malaekat iku budal ninggalen Petrus. 11 Maringono Petrus dadi sadar paran sing entas kedadean, “Sak'iki reang ngerti nek Gusti Pengeran wis ngutus malaekate kanggo mbebasen reang teka kuwasane Raja Herodes ya pisan teka kekarepane wong Ibrani.”
12 Sak'marine ngerti, Petrus budal nang umahe Maria, yaiku makne Yohanes sing celuk'ane Markus. Ning kono akeh wong percaya wis pada nglumpuk ambek pada ndedunga. 13 Pas njebul ning lawang njaba, Petrus ndrodok lawange. Maringono ana babu jenenge Rode sing teka nang lawang. 14 Babu iku langsung ngerti suwarane Petrus. Tapi, merga saking senenge, orak mbukak lawange. Malah cepet-cepet mlayu nyeritak'en nek Petrus ana ning njabane umah.
15 Tapikne wong-wong iku orak percaya, terus pada guneman, “Ya orak kira! Sira iki gendeng ta?” Masia ngono babu iku tetep guneman nek wong iku pancen Petrus. Mangkane pada guneman, “Iku paling malaekate sing njaga awak'e.”b
16 Sak'wene iku Petrus gek teterusan ndrodok lawang. Pas lawange dibukak wong-wong pada gawok temenan merga wong iku pancen Petrus dewe. 17 Maringono Petrus ngunggahen tangane cekne pada meneng ambek nyeritak'en paran sing kedadean pas dituntun Gusti metu teka njerone bui. Wong-wong ning umah iku dikongkon, “Ceritakna kedadean iki nang Yakobus karo dulur‑dulur sak'iman liyane.” Sak'marine iku Petrus budal teka kono nang enggon liyane.
18 Sesok isuk'e, prajurit-prajurit sing njaga ning bui iku pada rame. Kabeh pada bingung temenan ngenek'i paran sing kedadean nang Petrus. 19 Terus raja Herodes ngongkon wong nggolek'i Petrus, tapi nyatane orak bisa ditemok'en. Mangkane Herodes ngongkon prajurit-prajurit iku diakimi terus diukum pati. Maringono Herodes budal teka daerah Yudea terus manggon ning kota Kaisarea.
Raja Herodes Agripa I mati
20 Bareng iku, Raja Herodes memoring temenan nang wong-wong teka kota Tirus karo kota Sidon. Na, kabeh pangane wong-wong iku olehe teka daerahe Raja Herodes. Mangkane pada rembukan terus sepakat kate ngadep nang Raja Herodes.
Na, sak'durunge ngadep, wong-wong iku njaluk tulung nang Pak Blastus. Blastus iku duwe tanggung jawab ngurusi umahe Raja Herodes. Sidane Pak Blastus ngrewangi ngadep nang Raja Herodes cekne njaluk damang.
21 Pas dina sing ditentok'en, Raja Herodes nganggo sandangane raja, yaiku klambi sing apik temenan, terus lungguh ning tahta. Maringono molai pidato ning ngarepe wong-wong Tirus karo Sidon mau. 22 Ngrungok'en pidatone Herodes, wong-wong pada bebengok, “Iki pancen suwarane dewa, duduk suwarane menungsa.” 23 Sekala iku malaekate Gusti Pengeran nggawe Herodes lara nemen, merga orak ngajeni Pengeran. Sidane dipangan cacing-cacing terus mati.
24 Tapi pesene Pengeran tambah nyebar nang wong akeh terus tambah akeh sing percaya nang Yesus.
25 Sak'marine nggewehi sumbangan nang wong percaya ning Yerusalem, Saulus karo Barnabas mbalik maneh nang Antiokia. Yohanes, sing celuk'ane Markus, ya dijak pisan.