Petrus njelasen paran sing wis kedadean ning Kaisarea
11
Utusan-utusane Yesus karo wong percaya liyane ning daerah Yudea krungu nek wong sing duduk Ibrani wis nerima wekasane Pengeran, terus percaya nang Yesus. 2 Sak'marine mbalik nang Yerusalem, Petrus campuh karo wong percaya teka suku Ibrani.a Wong-wong iku pada engkel-engkelan ambek Petrus. 3 Gunemane ngene, “Ngapa sira kok wis mlebu nang umahe wong-wong sing orak disunat terus mangan bareng karo wong-wong iku?”
4 Tapi Petrus njelasen kabeh sing wis kedadean molai teka kawitane. Petrus guneman, 5 “Pas reang gek ndedunga ning kota Yope, mara-mara reang ndeleng wangsit teka Pengeran. Sing tak deleng iku entah kain sing amba mudun teka langit. Petang pucuk'e kain iku gemantung merga ditaleni teka nduwuran. Kain iku mudun terus mandek ning ngarepe reang. 6 Pas ndeleng njerone, katok akeh maceme kewan sing sikile papat, kewan alas, kewan sing mrambat ning lemah karo manuk-manuk alas. 7 Terus ana suwara ngene, ‘Petrus! Hage tangia! Belehen! Terus mangana!’
8 “Tapi reang njawab, ‘Duh Gusti! Reang orak bisa. Reang orak tau mangan paran wae sing nurut wong Ibrani orak ilok dipangan.’
9 “Tapi suwara iku teka maneh ping pindone, ‘Paran wae sing nurut Pengeran ilok dipangan ya orak oleh sira anggep orak ilok dipangan.’ 10 Terus wangsit iku katok maneh sampek ping telune. Sak'wise iku kain karo kewan-kewan mau mara-mara diunggahen maneh nang swarga.
11 “Sekala iku uga ana wong telu sing ngadek ning ngarepe umah enggone reang nginep. Wong-wong sing duduk Ibrani iku maune budal teka kota Kaisarea. 12 Terus Rohe Pengeran guneman, ‘Ajo mamang! Budala wae bareng wong-wong iku.’ Pas iku, wong enem dulur Ibrani iki ya ngetuten reang nang Kaisarea terus mlebu nang umahe Kornelius. 13 Ning kono Kornelius cerita nek wis ndeleng salah sijine malaekat ngadek ning umahe ambek guneman, ‘Kongkonen wong nang kota Yope cekne mapak Simon sing celuk'ane Petrus. 14 Wong iku kate nyampek'en Kabar Apik sing bakale nyelameten sira karo dulur-dulure sira.’ ”
15 Petrus nerusen gunemane, “Na, pas reang molai guneman, mara-mara Rohe Pengeran mudun nang wong-wong sing duduk Ibrani iku entah sing wis dialami kene biyen. 16 Terus reang iling nang gunemane Gusti Yesus, ‘Nabi Yohanes mbaptis wong sing tobat nggawe banyu. Tapi sira bakale dibaptis gawe kuwasane Rohe Pengeran.’ 17 Nyatane, Pengeran ya nggewehi Rohe dewe nang wong sing duduk Ibrani iku, entah sing digewehen nang kene kabeh pas percaya nang Gusti Yesus Kristus. Mangkane orak kira reang menggak Pengeran nyelameten wong sing duduk Ibrani iku.”
18 Sak'wise ngrungok'en iku, wong-wong mau orak ngengkel maneh, tapi pada memuji nang Pengeran ngene, “Nyatane wong-wong sing duduk Ibrani ya digewehi dalan pisan cekne tobat terus oleh urip sing langgeng.”
Wong percaya sing ana ning kota Antiokia
19 Sak'wise Stefanus dipateni, wong-wong sing percaya nang Yesus ning Yerusalem molai disiksa terus mlayu nang kota-kota liyane. Ana sing mlayu nang daerah Fenisia, ana pisan sing mlayu nang pulau Siprus karo nang kota Antiokia. Wong-wong iku mek nyampek'en Kabar Apik nang wong teka suku Ibrani wae. 20 Ana pepirang wong percaya sing asline pulau Siprus karo kota Kirene sing budal nang kota Antiokia pisan. Na, wong-wong iku nyampek'en Kabar Apik ngenek'i Gusti Yesus nang wong teka suku Yunani. 21 Kuwasane Gusti Pengeran ana ning wong-wong sing nyampek'en Kabar Apik iku. Mangkane akeh wong sing duduk Ibrani ning Antiokia pada tobat terus percaya nang Gusti Yesus.
22 Kedadean iki sampek dirungok'en umate Yesus ning kota Yerusalem. Merga iku Barnabas diutus nang kota Antiokia. 23 Sak'wise njebul ning kono, Barnabas ndeleng wong-wong iku oleh welas asihe Pengeran sing gede, terus dadi bungah temenan. Barnabas nuturi wong-wong iku cekne tetep madep mantep setia temenan nang Gusti Yesus. 24 Barnabas iku wong sing apik, terus uripe dituntun Rohe Pengeran. Apa maneh yakin temenan nang Pengeran. Terus akeh wong dadi percaya nang Gusti Yesus.
25 Maringono Barnabas budal nggolek'i Saulus nang kota Tarsus. 26 Bareng wis ketemu, dijak nang kota Antiokia. Terus suwene sak'taun Barnabas karo Saulus manggon bebarengan umate Yesus ning kono ambek mulang nang wong akeh. Na, ning kota Antiokia iku kawitane wong-wong sing percaya nang Yesus diarani wong ‘Kristen’.
27 Pas iku ana pepirang nabi budal teka kota Yerusalem nang kota Antiokia. 28 Salah sijine nabi iku jenenge Agabus. Agabus iku dituntun nang Rohe Pengeran, terus ngadek ambek ngramal. Jarene bakale ana laib gede ning ndunya iki. Nyatane laib iku pancen kedadean pas Klaudius dadi Raja Gede Roma. 29 Mangkane murid-murid ning Antiokia iku pada setuju nglumpuk'en bantuan sak'mampune kanggo murid-murid sing manggon ning kidul, ning daerah Yudea. 30 Dadi sumbangane diklumpuk'en, terus Barnabas karo Saulus diutus cekne nggawa sumbangan iku nang pemimpin-pemimpine wong percaya ning daerah Yudea.