Kornelius ndeleng wangsit teka Pengeran
10
Ning kota Kaisarea ana wong sing jenenge Kornelius. Kornelius iku dadi perwira sing mimpin satus (100) prajurite kerajaan Roma sing diarani Pasukan Italia. 2 Masia duduk wong Ibrani, Kornelius karo kabeh wong ning umahe pada nyembah nang Pengerane wong Ibrani. Kornelius gelek nulungi wong Ibrani sing orak duwe, terus sregep ndedunga nang Pengerane wong Ibrani. 3 Ning salah sijine dina, kira-kira jam telu sore, Kornelius ndeleng wangsit teka Pengeran. Sak'njerone wangsit iku, ndeleng ana malaekate Pengeran sing teka. Malaekat iku guneman, “Kornelius!”4 Ndeleng malaekat itu, Kornelius dadi wedi temenan terus guneman, “Ana paran ya Gusti?”
Malaekat iku nyauri, “Pengeran seneng nang dungane sira karo pitulungane sira nang wong sing orak duwe. Merga iku Pengeran bakal ngabulen dungane sira. 5 Sak'iki ngongkona wong nang kota Yope cekne mapak Simon sing celuk'ane Petrus pisan. 6 Petrus sak'iki nginep ning umahe Simon sing dadi tukang nggarap kulite kewan. Na, umah iku ana ning pinggire segara.”
7 Mari guneman ngono malaekat iku budal ninggalen Kornelius. Terus Kornelius nyeluk abdine loro karo salah sijine prajurit Roma sing percaya ya manut pisan nang Pengerane wong Ibrani. 8 Terus Kornelius njelasen gunemane malaekat iku mau nang abdine. Sak'wise iku ngongkon wong telu iku mapak Petrus ning kota Yope.
Petrus ndeleng wangsit teka Pengeran
9 Sisuk'e, pas jam rolas awan, kongkonane Kornelius meh teka ning kota Yope. Pas iku Petrus munggah nang nduwure umah kanggo ndedunga. 10 Maringono krasa luwe nemen terus kepingin mangan. Tapi sak'wene mangane gek dicepak'en, mara-mara Petrus ndeleng wangsit teka Pengeran. 11 Katok langit kebukak terus entah ana kain amba sing petang pucuk'e ditaleni teka nduwuran. Kain iku mudun teka langit nang lemah. 12 Ning njerone kain iku ana akeh maceme kewan sing sikile papat, kewan sing mrambat ning lemah, karo akeh maceme manuk alas. 13 Terus krungu suwara ngene, “Petrus! Hage tangia! Belehen kewan-kewan iku terus mangana!”
14 “Duh Gusti!” saure Petrus, “Reang orak bisa. Reang orak tau mangan paran wae sing nurut wong Ibrani najisa utawa orak ilok dipangan.”
15 Tapi suwara iku teka maneh ping pindone, “Paran wae sing nurut Pengeran ilok dipangan ya orak oleh sira anggep orak ilok dipangan.” 16 Wangsit iku katok maneh sampek ping telune. Sak'wise iku kain mau mara-mara munggah maneh nang swarga.
17 Maringono Petrus gek mikir ning jero atine paran maksute kedadean iku. Pas iku kongkonane Kornelius wis teka ning latare umahe Simon. Maune kongkonane Kornelius iku wis pada golek'i umahe Simon tukang nggarap kulite kewan iku. 18 Terus kongkonane Kornelius iku takon, “Apa Simon sing celuk'ane Petrus nginep ning umah iki?”
19 Pas iku Petrus gek mikiren kedadean mau. Terus Rohe Pengeran guneman ngene, “Ana wong telu sing nggolek'i sira. 20 Dadi sak'iki muduna ngisor. Ajo mamang melu wong-wong sing duduk Ibrani iku merga Reang sing ngongkon wong iku mrene.”
21 Merga iku Petrus mudun terus nyapa wong-wong iku ambek guneman, “Reang iki Petrus sing sira golek'i iku. Paran maksute sira teka mrene?”
22 Terus wong-wong iku njawab, “Ana perwira Roma jenenge Kornelius, ngongkon kene nang rika. Perwira iku wong sing apik terus wedi nang Pengerane wong Ibrani. Apa maneh perwira iku diajeni karo kabeh wong Ibrani. Na, sak'njerone wangsit, perwira iku wis ndeleng malaekat suci teka Pengeran. Terus perwira iku dikongkon ngejak rika nang umahe cekne bisa ngrungok'en paran wae sing rika sampek'en.” 23 Dadi Petrus ngejak wong telu iku mlebu terus nginep ning kono.
Petrus marani Kornelius ning kota Kaisarea
Sisuk'e, Petrus tangi terus budal nang kota Kaisarea bebarengan karo kongkonane Kornelius iku, ambek pepirang wong percaya teka suku Ibrani sing manggon ning kota. 24 Mari mlaku oleh sak'dina, nginep. Terus sisuk'e maneh njebul ning kota Kaisarea. Ning kono Kornelius wis nglumpuk'en dulur-dulure karo kanca-kancane terus pada ngenteni tekane Petrus. 25 Pas Petrus mlebu nang umah, Kornelius nggewehi salam terus sujud ning ngarepe Petrus ambek nyembah. 26 Tapi Petrus ngongkon Kornelius ngene, “Tangia! Ajo nyembah reang. Reang iki mek menungsa wae.”
27 Terus Petrus gek guneman karo Kornelius sampek mlebu ning njerone umah. Ning kono Petrus ndeleng akeh wong wis pada nglumpuk. 28 Dadi Petrus guneman, “Sira kabeh mestine weruh aturane wong Ibrani. Wong Ibrani entah reang iki, orak ilok nglumpuk utawa sanja nang wong sing duduk Ibrani entah sira kabeh iki. Tapi Pengeran wis ndudohen nang reang, nek sapa wae orak oleh dianggep najis utawa orak ilok. 29 Merga iku reang orak nolak pas dijak mrene. Na, sak'iki reang kepingin weruh, ngapa kok rika njaluk reang mrene?”
30 Kornelius njawab, “Petang dina sing wis mari reang ndedunga ning umah. Pas iku kira-kira jam telu sore ya kaya ngene iki. Mara-mara ana malaekat rupa wong lanang sing sandangane kilap-kilap ngadek ning ngarepe reang. 31 Malaekat iku guneman, ‘Kornelius! Pengeran wis ngrungok'en dungane sira, ya wis ndeleng nek sira nulungi wong sing orak duwe. 32 Merga iku ngongkona wong nang kota Yope cekne mapak Simon sing celuk'ane Petrus. Petrus sak'iki nginep ning umahe Simon sing dadi tukang nggarap kulite kewan. Umahe wong iku ana ning pinggire segara.’
33 “Mangkane reang ngongkon wong cekne ngejak rika mrene. Terus rika iki wong sing apik mangkane gelem teka nang kene. Na, sak'iki kene kabeh wis pada nglumpuk ning ngarepe Pengeran. Monggo sampekna paran sing wis dikongkonen Gusti nang rika.”
34 Maringono Petrus guneman ngene, “Sak'iki reang wis ngerti nek Pengeran iku orak mbeda-mbedak'en wong. 35 Saben wong sing wedi nang Pengeran terus nglakoni sing bener mesti diterima karo Pengeran, mboh teka bangsa endi wae. 36 Apa rika kabeh wis weruh wekasane Pengeran nang wong Ibrani? Wekasan iku njelasen urip damang ngliwati jenenge Yesus Kristus, yaiku Gustine kabeh uwong. 37 Apa rika kabeh wis weruh paran sing wis kedadean ning Galilea sampek sak'kabehe Yudea, sak'marine Nabi Yohanes ngongkon wong dibaptis? 38 Apa rika wis weruh Yesus sing teka desa Nasaret iku? Yesus iku digewehi Rohe Pengeran karo kuwasa teka Pengeran. Yesus mlaku nang endi-endi kanggo nglakoni apik ambek marasen wong sing dikuwasani Iblis. 39 Kene wis dadi saksine kabeh sing dilakoni Yesus ning daerah Yudea karo ning kota Yerusalem. Masia ngono Yesus wis dipateni nang wong Ibrani ning kayu salib. 40 Tapi pas telung dinane, Pengeran wis nguripen Yesus teka patine terus ndudohen Yesus nang wong akeh. 41 Pas iku Yesus orak didudohen nang kabeh wong, mek nang kene sing wis dipilih Pengeran dadi saksine. Kene wis mangan karo ngombe bebarengan Yesus sak'wise urip maneh teka pati. 42 Yesus wis ngutus kene kanggo nyampek'en Kabar Apik nang kabeh bangsa. Sing disampek'en, yaiku Yesus wis dipilih Pengeran kanggo ngakimi wong sing urip karo sing mati. 43 Kabeh nabi-nabi biyen wis tau guneman nek sapa wae sing percaya nang Yesus, dusa-dusane bakale disepura ngliwati jenenge Yesus.”
44 Pas Petrus gek guneman, Rohe Pengeran mudun nang wong-wong sing ngrungok'en gunemane Petrus mau. 45 Ndeleng iku, wong percaya teka suku Ibranib sing mbarengi Petrus mau dadi gawok temenan. Nyatane Rohe Pengeran digewehen pisan nang wong sing duduk teka suku Ibrani. 46 Buktine, pada ngrungok'en Kornelius karo kabeh wong ning umahe guneman gawe macem-macem basa ambek memuji nang Pengeran.
Dadi Petrus guneman nang kancane, 47 “Delengen! Wong-wong sing duduk Ibrani iki wis nerima Rohe Pengeran entah kene. Dadi nanak sing bisa ngalang-ngalangi wong-wong iki dibaptis gawe banyu.” 48 Terus Petrus ngongkon wong-wong iku dibaptis nganggo jenenge Yesus Kristus. Sak'wise dibaptis, wong-wong iku njaluk Petrus nginep pepirang dina maneh ning kono.