Saulus dadi percaya nang Yesus
9
Sak'wene iku Saulus gek teterusan ngancem karo kepingin mateni murid-muride Gusti Yesus. Saulus budal nang pengarepe sembahyang agung 2 ambek njaluk surat ijin cekne digawa nang kabeh pemimpine balai agama Ibrani ning kota Damsik.a Gawe surat iku, bisa nyekel kabeh wong lanang utawa wedok Ibrani sing melu dalane Gusti Yesus. Terus bakale digawa nang kota Yerusalem cekne dilebok'en bui. 3 Sak'marine oleh surat iku, Saulus karo kanca-kancane budal nang Damsik. Tapi pas gek ning tengahe dalan, mara-mara ana padang teka langit sing nyorot nang sak'ubenge Saulus, 4 sampek tiba nang lemah. Terus krungu suwara sing unine ngene, “Saulus, Saulus! Ngapa sira kok nyiksa Reang?”
5 Saulus njawab, “Rika iku sapa, Pak?”
Terus suwara iku guneman maneh, “Reang iki Yesus sing sira siksa iku. 6 Tapi sak'iki ngadek'a terus budala nang kota Damsik. Ning kono sira bakale digewehi weruh paran sing kudu sira lakoni.”
7 Ndeleng kedadean iku, kanca-kancane Saulus dadi wedi temenan sampek orak bisa guneman, merga suwara iku dirungok'en pisan tapi orak katok wonge. 8 Maringono Saulus ngadek teka lemah, terus mbukak mripate tapi orak bisa ndeleng peparan. Merga iku kudu dituntun kanca-kancane sampek mlebu ning kota Damsik. 9 Ning kono suwene telung dina orak bisa ndeleng peparan. Sak'wene iku orak mangan, ya orak ngombe peparan.
10 Na, ning kota Damsik iku ana muride Yesus sing jenenge Ananias. Ananias iku ndeleng wangsit. Sak'njerone wangsit iku Gusti Yesus guneman, “Ananias!”
Ananias njawab, “Ya Gusti, reang ngrungok'en Rika!”
11 Gusti Yesus guneman maneh, “Budala nang umahe Pak Yudas ning dalan sing diarani ‘Dalan Kenceng.’ Terus golek'ana wong sing jenenge Saulus teka kota Tarsus. Sak'iki Saulus iku gek ndedunga. 12 Pas gek ndedunga, Saulus ndeleng wangsit. Njerone wangsit iku Saulus masen sira teka nang kono ambek ndeleh tangan ning nduwure cekne bisa ndeleng maneh.”
13 “Duh Gusti!” saure Ananias, “Akeh wong wis nggewehi weruh reang sapa sak'temene Saulus iku. Wong iku wis akeh nglakoni jahat nang umate Rika ning kota Yerusalem. 14 Apa maneh wis oleh surat ijin teka ketua-ketuane Pengarepe Sembahyang kanggo nyekel kabeh wong sing nyembah nang Rika ning kota Damsik iki.”
15 Tapi Gusti Yesus guneman maneh, “Budala wae! Saulus iku wis Tak pilih kanggo ngladeni Reang. Saulus bakale ngabaren jenenge Reang nang wong sing duduk teka Ibrani, nang raja-rajane wong iku, ya nang wong Ibrani pisan. 16 Reang dewe bakale ndudohen kabeh sarane sing kudu dirasak'en Paulus merga ngladeni Reang.”
17 Dadi Ananias budal terus mlebu nang umah sing dienggoni Saulus iku. Maringono ndeleh tangane ning nduwure Saulus ambek guneman, “Saulus, dulure reang! Gusti Yesus wis ngetok nang sira ning dalan, pas kate nang kota iki. Yesus iku wis ngutus reang cekne sira bisa ndeleng maneh terus dikuwaten nang Rohe Pengeran.” 18 Sekala iku kaya ana kulit nglentek sing rotoh teka mripate Saulus, terus bisa ndeleng maneh. Maringono ngadek terus dibaptis. 19a Sak'marine digewehi mangan, awak'e dadi kuwat maneh.
Saulus nyampek'en Kabar Apik ning kota Damsik
19b Terus Saulus gek manggon pepirang dina engkas bareng wong-wong percaya ning kota Damsik iku. 20 Langsung Saulus molai ngabaren ning balai-balai agamane wong Ibrani nek Yesus iku Anak'e Pengeran. 21 Kabeh wong sing ngrungok'en kabar nek Saulus melu Yesus dadi gawok terus guneman, “Wong iki lak maune kepingin musnahen kabeh wong sing percaya nang Yesus ning kota Yerusalem? Terus maune wong iki ya mrene kepingin nyekel murid-muride Yesus kanggo digawa nang pengarep-pengarepe sembahyang.”
22 Tapi tambah suwe Saulus tambah kuwat nyeritak'en Yesus. Apa maneh Saulus mbingungen wong Ibrani ning kota iku merga mbuktek'en nek Yesus iku pancen Raja Pilihane Pengeran.
23 Pepirang dina marine, wong Ibrani ning kono pada rundingan cekne bisa mateni Saulus. 24 Tapi Saulus weruh niate wong-wong iku. Awan bengi wong-wong iku pada ngenteni ning lawang gapurane kota kanggo mateni Saulus. 25 Tapi cekne bisa mlayu, salah sijine bengi murid-muride nglebok'en Saulus ning pontang gede. Terus pontang iku diduk'en ngliwati bolongan ning tembok'e kota iku.
Saulus mbalik nang kota Yerusalem
26 Pas teka ning kota Yerusalem, Saulus bulak-balek kepingin nglumpuk bareng murid-muride Yesus. Tapi wong-wong iku wedi ya orak percaya nek Saulus wis bener-bener dadi muride Yesus. 27 Tapikne salah sijine murid sing jenenge Barnabas nerima Saulus terus digawa nang utusan-utusane Yesus. Ning kono Barnabas nyeritak'en nek Gusti Yesus wis ngetok terus guneman nang Saulus ning tengah dalan. Saulus ya wani mulang nganggo jenenge Yesus nang wong-wong ning kota Damsik. 28 Merga iku Saulus bisa manggon bareng murid-muride Yesus ning kota Yerusalem, terus wani mulang nganggo jenenge Gusti Yesus. 29 Saulus ya engkel-engkelan karo wong Ibrani sing gawe basa Yunani. Mangkane wong-wong iku nggolek dalan cekne mateni Saulus. 30 Weruh iku, wong-wong percaya nggawa Saulus nang kota Kaisarea cekne nunggang prau gede nang kota Tarsus.
31 Sak'wise iku, umate Yesus sing ana ning daerah Yudea, Galilea, karo Samaria pada rumangsa damang terus dikuwaten. Wong-wong iku pada wedi nang Gusti ambek digenehi semangat teka Rohe Pengeran. Mangkane jumlahe dadi tambah akeh.
Petrus nganak'en mujijat-mujijat
32 Bebarengan iku, Petrus mlaku memayeng kanggo marani umat pilihane Pengeran sing manggon ning kota Lida. 33 Ning kono campuh karo wong lanang sing jenenge Eneas. Eneas iku wis wolung taun mek nggletak ning peturone merga lara lumpuh. 34 Terus Petrus guneman, “Eneas! Sira wis diwarasen Yesus Kristus. Tangia terus rapekna peturone sira!” Sekala iku Eneas tangi terus ngrapek'en peturone. 35 Pas ndeleng Eneas wis waras, wong-wong sing manggon ning kota Lida karo daerah Saron pada percaya nang Gusti Yesus.
36 Ning kota Yope ana wong wedok sing jenenge Tabita (Tabita njero basa Yunanine: ‘Dorkas’). Tabita iku muride Yesus sing gelek nglakoni apik terus nulungi wong sing orak duwe. 37 Pas iku Tabita lara nemen terus mati. Sak'wise iku ana wong wedok-wedok sing ngedusi mayite, terus dibuntel lawon, maringono dideleh ning ruangan pinggir nduwur. 38 Na, kota Lida orak kosi adoh teka kota Yope. Pas weruh nek Petrus ana ning kota Yope, murid-murid ning kono ngongkon wong loro cekne njaluk temenan nang Petrus ngene, “Ndang-ndang renea!”
39 Merga iku Petrus budal mbarengi wong loro iku nang kota Lida. Teka ning kono Petrus dijak nang ruangan pinggir nduwur. Terus ana randa-randa sing pegat pati pada ngadek ning pinggire Petrus. Randa-randa iku pada nangisi ambek ndudohen klambi karo jubah sing digawek'en Tabita nang randa-randa iku pas gek urip maune.
40 Tapi Petrus ngongkon kabeh wong cekne metu. Terus Petrus sujud ambek ndedunga nang Gusti. Maringono noleh nang mayite iku ambek guneman ngene, “Tabita, tangia!” Sekala iku Tabita mbukak mripate. Pas ndeleng Petrus, langsung lungguh. 41 Petrus nyekel tangane Tabita cekne direwangi ngadek. Sak'wise iku nyeluk wong-wong percaya liyane karo randa-randa iku terus ndudohen nek Tabita pancen wis urip maneh. 42 Kabar iku nyebar nang sak'kabehe enggon ning kota Yope sampek akeh wong dadi percaya nang Gusti Yesus. 43 Sak'wise iku Petrus gek manggon pepirang dina engkas ning kota Yope iku. Ning kono Petrus nginep ning umahe Pak Simon sing penggaweane nggarap kulite kewan.b