8
1a Nah Saulus, sing ana ning kono, ya setuju ambek matine Stefanus.
Umate Yesus ning Yerusalem dipulasara
1b Sak'marine iku, umate Yesus sing ana ning kota Yerusalem ya molai disiksa nemen nang wong Ibrani. Merga iku pada mlayu, terus ngalih nang daerah Yudea karo daerah Samaria. Tapi utusan-utusane Yesus gek tetep manggon ning kota Yerusalem. 2 Na, sak'wise Stefanus dipateni, ana wong-wong sing uripe bener teka ning kono, terus ngubur mayite ambek ditangisi nemen. 3 Tapi Saulus molai usaha nyiksa kabeh umate Yesus. Saulus mlebu nang saben umahe wong percaya ning kota Yerusalem. Terus kabeh wong lanang karo wong wedok sing dadi umate Yesus diseret nang bui.
Filipus nyampek'en Kabar Apik soal Yesus ning daerah Samaria
4 Na, wong-wong percaya sing mlayu teka Yerusalem iku budal nang endi-endi ambek nyampek'en Kabar Apik. 5 Filipus ya budal nang salah sijine kota ning daerah Samaria terus ngabaren nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran. 6 Akeh wong sing ngrungok'en gunemane Filipus ambek ndeleng mujijat-mujijate. Merga iku akeh sing nerima gunemane. 7 Roh-roh jahat memelung banter pas ditundung teka wong akeh sing dirasuk'i. Terus ana akeh wong semper karo ciri awak'e sing diwarasen pisan. 8 Merga kedadean iku wong-wong sing ana ning kota iku dadi bungah temenan.
9 Na, ning kota iku ana wong sing jenenge Pak Simon. Simon iku wis suwe nggawe ilmu sihir sampek wong-wong ning kota iku pada gawok temenan. Simon ya pamer nang wong-wong nek awak'e iku wong sing paling hebat. 10 Mangkane kabeh wong ning kota iku molai cilik sampek gede pada percaya. Jarene, “Simon iki wis dadi kuwasane Pengeran sing diarani ‘Kuwasa Gede’.” 11 Wong-wong iku pada ngrungok'en temenan nang gunemane Simon merga wis suwe gawok nang kuwasane.
12 Tapi wong-wong iku malih percaya nang Filipus pas ngrungok'en Kabar Apik ngenek'i Kerajaane Pengeran karo Yesus, yaiku Raja Pilihane Pengeran. Mangkane wong lanang karo wong wedok sing percaya pada dibaptis. 13 Na, Simon ya percaya pisan. Sak'wise dibaptis, Simon teterusan mbarengi Filipus. Pas ndeleng Filipus nggawe tetenger sing gawok'i karo mujijat-mujijat, Simon dadi gawok temenan.
14 Utusan-utusane Yesus ning kota Yerusalem ya ngrungok'en nek akeh wong ning daerah Samaria wis percaya nang dalane Pengeran ngenek'i Yesus. Mangkane ngongkon Petrus karo Yohanes budal mrana. 15 Pas teka ning kono, Petrus karo Yohanes ndedunga cekne wong percaya ning Samaria bisa nerima Rohe Pengeran. 16 (Masalahe, Rohe Pengeran gek durung mudun nang wong-wong iku. Maune, mek dibaptis nganggo jenenge Gusti Yesus.) 17 Maringono Petrus karo Yohanes ndeleh tangane ning duwure wong-wong iku. Terus wong-wong iku nerima Rohe Pengeran.
18 Pas iku Simon ndeleng nek Rohe Pengeran digewehen merga utusan-utusane Yesus ndeleh tangane ning duwure wong-wong iku. Merga iku kate nggewehi picis nang Petrus karo Yohanes cekne digewehi kuwasa iku pisan. 19 Simon guneman, “Gewehana reang kuwasa iku pisan cekne saben wong sing tak deleh tangane reang ya bisa nerima Rohe Pengeran pisan.”
20 Tapi Petrus nyauri, “Ngapa kok sira mikir welas asihe Pengeran bisa dituku gawe picis? Merga iku sira karo picise sira bakale blai. 21 Sira orak oleh melu ngladeni wong merga atine sira orak bener nang Pengeran. 22 Dadi sira kudu tobat teka maksut sing jahat iki. Terus dunga'a cekne Gusti nyepura pikirane sira sing elek iku. 23 Mergane reang ndeleng atine sira iri temenan nang wong liya terus sira dikuwasani dusa.”
24 Krungu iku, Simon nyauri, “Njaluk'a nang Gusti cekne kabeh gunemane rika iku orak kedadean temenan nang reang.”
25 Maringono Petrus karo Yohanes negesen karo ngabaren pesene Gusti Yesus nang wong-wong sing entas percaya nang Yesus. Sak'wise iku mbalik maneh nang kota Yerusalem ambek nyampek'en Kabar Apik nang akeh kampung ning Samaria sing diliwati.
Filipus nyampek'en Kabar Apik nang Penggede teka Kerajaan Etiopia
26 Ning salah sijine dina, malaekate Gusti Pengeran guneman nang Filipus ngene, “Budala nang daerah kidul ngliwati dalan mudun teka kota Yerusalem nang kota Gasa.” Na, iku dalan ning enggone ara-ara amba. 27 Dadi Filipus budal. Ning tengahe dalan campuh ambek salah sijine penggede teka negara Etiopia.a Penggede iku dadi ketua bendaharane Ratu Kandake, yaiku ratune negara Etiopia. Penggede iku gek moleh teka kota Yerusalem merga maune nyembah nang Pengerane wong Ibrani. 28 Pas moleh, penggede iku lungguh ning andonge ambek maca kitabe Nabi Yesaya. 29 Terus Rohe Pengeran guneman nang Filipus, “Budala terus paranana wong sing ana ning andong iku!”
30 Dadi Filipus mlayu nang andong iku. Pas marek'i, Filipus krungu penggede iku maca Kitab Sucine Nabi Yesaya. Terus Filipus takon, “Apa rika ngerti tah, sing diwaca iku?”
31 Penggede iku njawab, “Reang orak bisa ngerti merga nanak sing negesen.” Maringono penggede iku ngejak Filipus munggah nang andong terus lungguh bareng. 32 Na, bageane Kitab Suci sing diwaca iku ngene,
“Wong iku memper domba
sing digawa kanggo dipateni.
Memper cempe sing meneng
pas dijupuk wulune,
Wong iku ya mek meneng wae.
33 Wong iku dinyek terus oleh ukuman sing orak adil.
Nanak sing bakal nyeritak'en soal keturunane,
merga uripe wis dijupuk teka bumi.” (Yesaya 53:7-8)
34 Maringono penggede iku takon, “Sapa sing dimaksuten Nabi Yesaya ning kitab sing tak waca iki? Apa nabi njelasen awak'e dewe utawa Wong liya?” 35 Dadi gawe ceritane Nabi Yesaya iku, Filipus molai njelasen Kabar Apik ngenek'i Yesus.
36 Sak'wene iku Filipus karo penggede mau nerusen mlakune sampek ning enggon sing ana banyune. Ning kono penggede iku guneman, “Delengen! Ana banyune. Nek nanak sing ngalang-ngalangi, tulung baptisen reang iki!”
[ 37 Filipus guneman, “Nek rika percaya temenan nang Gusti Yesus, rika ya oleh dibaptis.”
Penggede iku njawab, “Ya reang percaya nek Yesus Kristus iku Anak'e Pengeran.”]b
38 Maringono penggede iku ngongkon kusire cekne mandek terus Filipus karo penggede iku mudun teka andong. Sak'marine mlebu nang njerone banyu, penggede iku dibaptis nang Filipus. 39 Pas metu teka njerone banyu, mara-mara Filipus dijupuk nang Rohe Gusti Pengeran. Mangkane penggede mau orak ndeleng Filipus maneh. Penggede iku nerusen mlakune ambek ati sing bungah temenan merga wis dislameten Pengeran.
40 Tapi tibak'e Filipus digawa nang kota Asdot. Ning kono Filipus nerusen mlakune ambek nyampek'en Kabar Apik ning kota-kota sing diliwati sampek njebul ning kota Kaisarea.