Stefanus mbelani awak'e dewe ning ngarepe Mahkamah Agama
7
Maringono pengarepe sembahyang agung takon nang Stefanus, “Apa gunemane wong-wong iku bener?”2 Stefanus njawab, “Bapak-bapak karo dulur-dulur Ibrani kabeh! Rika kabeh kudu ngrungok'en gunemane reang iki. Biyen Pengeran sing Maha Agung teka nang Abraham, mbah buyute kene, pas gek manggon ning daerah Mesopotamia. Pas iku Mbah Abraham gek durung ngalih nang kota Haran. 3 Pengeran guneman ngene,
‘Metu'a teka enggone sira iki, ya teka dulur-dulure sira. Terus budala nang enggon sing bakale Tak dudohen nang sira.’ (Kejadian 12:1)
4 “Dadi Mbah Abraham metu teka negara Kasdim terus manggon ning kota Haran sampek bapakne mati. Maringono Pengeran nuntun Mbah Abraham metu teka Haran terus ngalih nang enggone wong Ibrani iki, yaiku sing dipanggon rika ambek reang sak'iki. 5 Biyen iku Pengeran orak nggewehi setitik'a lemah ning daerah iki dadi duwek'e Mbah Abraham. Tapi Pengeran njanji nek Mbah Abraham karo anak putune sing bakale nduweni daerah iki. Pas sak'mono Mbah Abraham gek durung duwe anak dewe.
6 “Terus Pengeran guneman nang Mbah Abraham ngene,
‘Anak putune sira bakal dadi wong manca ning negara liya terus didadek'en budak karo ditindes ning kono sak'wene petang atus (400) taun. 7 Tapi sak'wise iku, bangsa sing ndadek'en sira budak iku bakale Tak ukum cekne anak putune sira bisa metu teka kono, terus nyembah Reang ning enggon iki.’ (Kejadian 15:13-14; Keluaran 3:12)
8 “Maringono Pengeran nengeri janjine nang Mbah Abraham ngliwati ritual sunat. Mbah Abraham duwe anak jenenge Isak sing disunat pas umure wolung dina. Maringono Isak duwe anak jenenge Yakub sing disunat pisan. Terus Yakub duwe rolas anak sing disunat pisan. Na, rolas anak iku sing dadi mbah buyute wong Ibrani.”
Yusuf ditolak nang wong Ibrani
9 Terus Stefanus ngomongen sejarahe Yusuf ngene, “La, mbah buyute wong Ibrani iku iri nang salah sijine dulure, yaiku Yusuf. Mangkane Yusuf didol nang wong dagang sing kate budal nang bangsa Mesir, terus didadek'en budak. Tapi Yusuf dibarengi nang Pengeran, 10 terus dibebasen teka pulasarane. Pengeran ya nggewehi Yusuf welas asih karo pengerten sing duwur ning ngarepe Raja Mesir. Mangkane raja iku ngangkat Yusuf dadi penggede sing nguwasani bangsa Mesir karo ngurusi kratone.
11 “Maringono ana laib gede ning sak'kabehe daerah Mesir karo daerah Kanaana sampek uripe wong-wong pada ewoh. Dulur-dulure Yusuf, yaiku mbah buyute wong Ibrani, ya kentek'an pangan ning daerah Kanaan. 12 Pas iku Yakub krungu nek ning Mesir ana akeh gandum. Merga iku ngongkon anak-anak'e tuku gandum ning Mesir. Dadi iku kawitane dulur-dulure Yusuf budal nang Mesir. Tapi pas iku dulur-dulure gek durung weruh nek Yusuf sing nguwasani Mesir.
13 “Maringono pas ping pindone nang Mesir, Yusuf dewe sing nggewehi weruh nang dulur-dulure nek Yusuf dewe sing nguwasani Mesir. Maringono Yusuf ngenalen dulur-dulure nang Raja Mesir. 14 Terus Yusuf ngongkon mapak bapakne karo bala-balane sing kabehe pitung puluh lima (75) uwong. 15 Dadi Yakub budal nang Mesir ambek anak-anak'e. Mbah buyute wong Ibrani iku manggon ning Mesir sampek mati. 16 Maringono belunge wong-wong sing mati iku digawa maneh nang daerah Kanaan terus dikubur ning kota Sikem. Kuburan iku biyene wis dituku Mbah Abraham teka anak putune Pak Hemor nggawe picis perak.”
Musa ditolak nang wong Ibrani
17 Maringono Stefanus nyampek'en sejarahe Nabi Musa, “Na, pas janjine Pengeran nang Mbah Abraham biyen meh ditetepi, jumlahe wong Ibrani dadi tambah akeh temenan ning Mesir. 18 Terus ana raja anyar sing mrentah ning Mesir tapi orak kenal nang Yusuf sing biyene dadi penggede. 19 Raja iku wis nyusahen mbah buyute wong Ibrani. Mbah buyute kene iku disiksa terus dikongkon mbuang bayi-bayine sing entas lair cekne jumlahe wong Ibrani orak dadi luwih akeh maneh.
20 “Pas iku, salah sijine bayine wong Ibrani sing lair iku jenenge Musa. Nurut Pengeran, Musa iku bayi sing apik temenan. Sak'wene telung wulan, meneng-menengane Musa dirumat ning umahe bapakne. 21 Sak'wise iku dideleh ning njaba terus ditemok'en nang putrine Raja Mesir. Terus diangkat dadi anak'e dewe. 22 Maringono Musa diwuruk'i kabeh ilmune wong Mesir sampek dadi wong sing gunemane karo kelakuane duwe kuwasa sing gede.
23 “Pas umure wis petang puluh (40) taun, Musa kepingin ndengok dulur-dulure, yaiku wong Ibrani. 24 Musa ndeleng ana wong Mesir sing nyiksa salah sijine wong Ibrani. Dadi Musa mateni wong Mesir iku kanggo mbelani wong Ibrani mau. 25 Pikire, ‘Dulure Ibrani iki bakal ngerti nek reang wis dipilih Pengeran kanggo mbebasen wong Ibrani.’ Tapi wong Ibrani orak ngerti. 26 Sisuk'e Musa ndeleng ana wong Ibrani loro sing pada gelut. Musa ngejak wong loro iku cekne rukun ambek guneman ngene, ‘He dulur! Sira kabeh iki lak sak'duluran. Ngapa kok gelut?’
27 “Tapi wong sing njotos kancane mau iku nyurung Musa nang pinggiran ambek guneman,
‘Sapa sing milih sira dadi pemimpin karo hakim kanggo ngadili kene? 28 Apa sira ya kate mateni reang entah sira mateni wong Mesir wingi iku?’ (Keluaran 2:11-15)
29 Ngrungok'en iku, Musa mlayu terus urip dadi wong manca ning negara Midian.b Ning kono rabi terus oleh anak lanang loro.”
30 Terus Stefanus nerusen gunemane, “Sak'marine iku Musa manggon ning Midian suwene petang puluh (40) taun. Terus ning salah sijine dina, ana malaekate Pengeran sing teka nang Musa ning ara-ara amba,c parek'e Gunung Sinai. Malaekat iku ngrupak'en geni teka wit sing barak. 31 Ndeleng iku, Musa dadi gawok temenan terus marek nang wit iku merga kepingin weruh. Maringono krungu suwarane Gusti Pengeran ngene,
32 ‘Reang iki Pengeran sing disembah mbah buyute sira, yaiku Abraham, Isak karo Yakub.’ (Keluaran 3:6)
Ngrungok'en iku Musa wedi campur gembeblek terus orak wani ndeleng nang wit iku.
33 “Maringono Gusti Pengeran guneman maneh,
‘Coplok'en sandale sira merga lemah sing sira idek iku suci.
34 Reang wis merhatek'en temenan pulasarane umate Reang ning Mesir.
Reang ya wis ngrungok'en wadulane.
Reang wis mudun teka swarga kanggo mbebasen umate Reang.
Dadi sak'iki renea! Reang kate ngutus sira mbalik nang Mesir.’ ” (Keluaran 3:5-10)
35 Terus Stefanus nerusen gunemane, “Na, Musa iku ditolak nang wong Ibrani sing maune guneman ngene,
‘Sapa sing milih sira dadi pemimpin karo hakim kanggo ngadili kene?’ (Keluaran 2:14)
“Masia ditolak wong Ibrani, tapi Pengeran dewe sing ngutus Musa dadi pemimpin sing nyelameten wong Ibrani. Musa diutus ngliwati malaekat sing ngetok ning wit sing ana genine iku. 36 Musa iki sing mimpin wong Ibrani metu teka Mesir. Terus Musa ya nggawe mujijat-mujijat karo tetenger sing gawok'i ning Mesir, ning Segara Abang karo ning ara-ara amba sak'njerone petang puluh (40) taun.
37 “Musa iki sing guneman nang wong Ibrani,
‘Pengeran bakale milih salah sijine wong ning antarane bangsane sira sing bakal dadi nabi entah reang iki.’ (Ulangan 18:15)
38 “Musa iki sing bebarengan karo wong Ibrani, yaiku mbah buyute kene, ning ara-ara amba. Musa iki ya krungu gunemane malaekat ning Gunung Sinai. Ning gunung iku, Musa nerima wekasan sing urip teka Pengeran. Wekasan iku digewehi kanggo disampek'en nang kene.
39 “Tapi mbah buyute kene orak gelem manut nang Musa. Mbah buyute kene nolak Musa, ya ning atine kepingin mbalik nang Mesir. 40 Terus pada guneman nang Harun, yaiku cacakne Musa, ngene,
‘Gawekna reca dewa-dewa kanggo mimpin kene.
Sak'iki kene orak weruh nasibe Musa, wong sing wis mimpin kene metu teka Mesir iku.’ (Keluaran 32:1)
“Wong-wong iku guneman ngono merga Musa gek suwe ana ning duwure Gunung Sinai. 41 Mangkane mbah buyute kene nggawe reca berhala rupa pedet. Terus pada nggewehi korban ambek gawe slametan kanggo nyembah berhala sing digawe dewe iku. 42 Merga iku Pengeran ninggalen mbah buyute kene, terus dijaren nyembah nang lintang-lintang ning langit. Iku persis kitabe nabi-nabi biyen pas Pengeran guneman ngene,
‘He wong Ibrani! Sak'njerone petang puluh (40) taun sira wis nggewehi sesajen ambek korban ning ara-ara amba.
Tapi kabeh kewan sing sira korbanen iku duduk kanggo Reang.
43 Sira wis nggawa kemah kanggo nyembah nang Dewa Molok,d
sira ya wis nggawa reca lintang Dewa Refan,e
yaiku reca sing sira gawe kanggo disembah.
Merga iku Reang bakale ngejaren sira dikalahen musuh-musuhe,
terus bakale dipeksa budal adoh nang negara Babel.’ ” (Amos 5:25-27)
44 Terus Stefanus nyampek'en sejarahe Umahe Pengeran, “Pas mbah buyute kene gek ana ning ara-ara amba, wong-wong iku nggawa Kemah Suci. Kemah iku maune digawe nurut conto sing wis didudohen Pengeran nang Musa. 45 Maringono Yosua ngganteni Musa dadi pemimpine mbah buyute kene. Terus Kemah Suci iku digawa nang daerah Yudea iki. Pas iku Pengeran nundung bangsa-bangsa liya teka negri iki. Kemah iku ana ning enggone wong Ibrani iki sampek jamane Raja Daud. 46 Daud nyenengen atine Pengeran. Terus njaluk nang Pengeran cekne diolehi mbangun umah kanggo Pengerane anak putune Yakub, yaiku Pengerane wong Ibrani. 47 Ahire anak'e Daud, yaiku Salomo, sing diolehi mbangun umah kanggo Pengeran.
48 “Na dulur-dulur, nyatane Pengeran sing Maha Duwur orak manggon ning umah sing digawe menungsa, merga salah sijine nabi tau guneman ngene,
49 ‘Langit iku tahtane Reang,
bumi iku enggon ndeleh sikile Reang.
Dadi, sira orak kira bisa nggawe umah kanggo Reang, guneme Gusti Pengeran.
Nanak enggon sing bisa sira gawe kanggo Reang leren.
50 Reang sing nggawe sembarang kalire!’ ” (Yesaya 66:1-2)
Yesus, Wong sing Bener, ditolak nang wong Ibrani
51 Maringono Stefanus marek'en gunemane nang anggotane Mahkamah Agama ngene, “He wong-wong sing orak kenek dituturi! He wong sing nanak kupinge, ya atos atine! Sira iki persis mbah buyute sira sing nglawan Rohe Pengeran. 52 Kabeh nabi sing diutus Pengeran wis disiksa nang mbah buyute sira dewe. Apa maneh wong-wong iku ya mateni nabi-nabi sing wis ngramal tekane Wong Sing Bener. Wong Sing Bener iku wis teka tapi sira dewe nekong, ya mateni Wong iku. 53 Sira wis nerima aturan-aturan teka malaekate Pengeran ngliwati Nabi Musa biyen, tapi sira ya orak manut nang aturane Pengeran iku.”
Stefanus dipateni nang pemimpin-pemimpin agama Ibrani
54 Ngrungok'en iku, anggotane Mahkamah Agama pada lara ati, terus mbededek temenan nang Stefanus. 55 Tapi Stefanus dikuwaten Rohe Pengeran, terus mandeng nang langit. Pas iku Stefanus ndeleng keagungane Pengeran, terus katok pisan Yesus ngadek ning sisih tengene Pengeran. 56 Stefanus guneman, “Reang ndeleng lawange swarga kebukak, terus Rajane Menungsa ngadek ning sisih tengene Pengeran.”
57 Ngrungok'en iku kabeh wong ning kono pada memelung ambek nutupi kupinge dewe-dewe. Terus pada nyerang nang Stefanus, 58 ambek diseret nang njabane kota cekne diantemi watu sampek mati. Pas iku saksi-saksi sing maune nuduh Stefanus pada nyoplok jubahe terus dititipen nang wong enom sing jenenge Saulus.
59 Pas gek diantemi, Stefanus ndedunga banter ngene, “Duh Gusti Yesus! Trimanen jiwane reang.” 60 Terus Stefanus sujud ambek ndedunga banter, “Duh Gusti! Sepuranen dusane wong-wong iki!” Sak'wise guneman ngono Stefanus mati.

Stefanus diantemi watu (7:60)