Wong pitu sing dipilih kanggo ngrewangi utusan-utusane Yesus
6
Maringono jumlahe wong Ibrani sing percaya nang Yesus dadi tambah akeh. Tapi wong Ibrani sing gawe basa Yunani ngedumel nang wong Ibrani sing gawe basa Ibrani. Masalahe, saben dinane randa-randa sing gawe basa Yunani orak keduman bantuan. 2 Ngrungok'en iku rolas utusane Yesus nglumpuk'en kabeh murid-muride Yesus terus guneman ngene, “Orak apik nek utusan-utusane Yesus mandek nyampek'en wekasane Pengeran kanggo ngatur sumbangan. 3 Apik'e, dulur kabeh, sira milih wong lanang pitu teka antarane sira kabeh. Na, sing dipilih iku kudu wong sing apik ning ngarepe wong akeh, duwe pengerten, terus uripe dituntun Rohe Pengeran. Wong-wong memper iku sing bakale ngatur bantuan. 4 Merga kene kepingin luwih mentingen ndedunga karo nyampek'en wekasane Pengeran wae.”5 Kabeh pada setuju nang gunemane utusan-utusane Yesus. Terus pada milih:
Stefanus, wong sing percaya temenan nang Pengeran terus uripe dituntun Rohe Pengeran,
Filipus,
Prokorus,
Nikanor,
Timon,
Parmenas,
ambek Nikolaus sing asale teka kota Antiokia. Nikolaus iku duduk wong Ibrani tapi maune melu agama Ibrani.
6 Wong pitu iku digawa nang ngarepe utusan-utusane Yesus. Terus utusan-utusan iku pada ndungak'en ambek ndeleh tangane ning duwure wong pitu iku cekne dikuwaten karo diberkahi Pengeran. 7 Maringono utusan-utusane Yesus nerusen nyampek'en wekasane Pengeran sampek jumlahe wong percaya sing manggon ning Yerusalem dadi tambah akeh. Apa maneh ana akeh pengarep-pengarepe sembahyang sing percaya pisan nang Yesus.
Stefanus digawa nang Mahkamah Agama
8 Stefanus digewehi welas asih karo kuwasa sing gede teka Pengeran, mangkane bisa nggawe akeh mujijat karo tetenger sing gawok'i ning ngarepe wong-wong. 9 Tapi ana wong Ibrani sing bengkerengan karo Stefanus. Na, wong-wong iku anggotane balai agamane wong Ibrani sing diarani ‘Balai Agamane Wong sing Dibebasen.’ Wong-wong iku asale teka kota Kirene karo kota Aleksandria. Ana pisan sing teka propinsi Kilikia karo propinsi Asia. 10 Na, wong-wong iku orak bisa nglawan pengertene Stefanus merga Rohe Pengeran sing nuntun gunemane.
11 Dadi wong-wong iku nggewehi picis nang saksi-saksi gorohan cekne guneman ngene, “Kene meruhi nek Stefanus iku wis guneman elek nang Nabi Musa karo nang Pengeran.” 12 Wong-wong iku nglakoni ngono kanggo ngojok-ngojok'i akeh wong Ibrani, sesepuh-sesepuh, karo ahli-ahli agama Ibrani.
Maringono Stefanus dicekel terus digawa nang Mahkamah Agama. 13 Ning kono saksi-saksi gorohan mau digawa nang ngarepan terus guneman ngene, “Stefanus iki teterusan ngenyek Umahe Pengeran sing suci iki ya ngenyek hukum agama Ibrani. 14 Buktine kene wis ngrungok'en Stefanus iki guneman nek Yesus, wong Nasaret iku, bakale ngrubuhen Umahe Pengeran iki. Apa maneh bakal ngrubah adat istiadat sing digewehi Nabi Musa nang wong Ibrani sampek sak'iki.”
15 Kabeh wong ning Mahkamah Agama iku pada mandeng nang Stefanus. Terus praene katok entah praene malaekat.