Abram oleh wangsit teka Pengeran
15
Sak’marine iku Abram krungu sabdane Sing Gawe Urip sak’njerone wangsit:"Sira ajo wedi Abram.
Reang sing ngayomi sira.
Gede karo apik ganjarane sira."
2 Tapikne, semaure Abram, "Ya Pengeran Sing Gawe Urip, paran sing kate Rika gewehen nang reang? Mergane reang wis tuwek, wis kate mati tapikne orak duwe anak. Terus sing kate duweni dunyane reang iki buruh sing jenenge Elieser teka Damsyik iku." 3 Terus maneh guneme Abram, "Rika orak nggenehi reang keturunan, mulane buruh iku teka umahe reang kate marisi."
4 Tapikne sabdane Sing Gawe Urip teka maneh nang Abram, "Wong iku orak bakal marisi dunyane sira, tapikne anak-kandunge sira dewe sing kate marisi. 5 Teruse Sing Gawe Urip ngejak Abram metu ambek ngongkon, "Wasenen lintang-lintang ning langit. Itungen nek bisa! Keturunane sira kate luwih akeh timbangane jumlahe lintang-lintang iku. Iku persis janjine Reang sing tau Tak genei nang sira." 6 Abram percaya nang Sing Gawe Urip. Merga iku Sing Gawe Urip ngarani Abram iku wong bener sing kenek dipercaya nang Pengeran.