Hagar nglairen Ismael
16
Sarai, bojone Abram, mandul, tapikne duwe babu jenenge Hagar. Wong iku teka Mesir. 2 Sarai guneman nang Abram, "Sing Gawe Urip orak nggenehi anak nang esun. Nurut esun, apik’e turua rika karo babune esun. Beleh bisa nglairen anak kanggo esun, merga wis oleh 10 taun ning kene." Terus Abram nuruti karepe Sarai.3 Marine ngono, Hagar, babune Sarai iku, diwayuh nang Abram. 4 Abram turu kumpul karo Hagar. Maringono Hagar meteng. Tapikne pas weruh nek meteng, Hagar sombong karo ngremehen Sarai, jeragane. 5 Terus Sarai guneman nang Abram, "Atine esun mangkel. Esun wis nggenehen Hagar, babune esun, nang rika. Tapikne, pas Hagar weruh nek meteng, esun dinyek. Kabeh iki salahe rika. Ngapa rika kok orak nuturi babu iku cekne tetep ngajeni esun? Mandara Sing Gawe Urip wae sing weruh sapa sing bener, esun apa rika." 6 Tapikne semaure Abram nang Sarai, "Sira sing nguwasani babune sira iku. Lakokna sak’karepe nang babune sira." Terus Hagar disia-sia nang Sarai sampek Hagar minggat.
7 Sak’marine ngono, Hagar ditemoni malaekata teka Pengeran. Pas iku Hagar ana ning dalan nang Syur, parek'e ndase banyu. 8 Gunemane malaekat iku, "Hagar, sira teka endi? Terus kate nangdi?"
Semaure Hagar, "Esun mlayu teka Sarai, jeragane esun".
9 Terus malaekate Sing Gawe Urip guneman maneh, "Balik’a nang Sarai, manuta wae nang Sarai. 10 Terus Reang bakale nggawe turunane sira wuakeh, sampek orak kenek keitung. 11 Orak kosi suwe maneh sira bakal nglairen lare lanang. Jenengana lare iku Ismael,b merga Pengeran wis ngrungok'en tangisane sira. 12 Tapikne lare iku bakal urip entah jaran alas. Lare iku bakal nglawan saben wong, terus saben wong ya bakal nglawan lare iku. Lare iku bakal urip congkrah ambek kabeh dulur-dulure.
13 Maringono Hagar takon njero atine ngene, "Bener rak, esun wis ndeleng Pengeran sing mesak'en nang esun?" Mangkane Hagar ngarani Sing Gawe Urip, sing wis guneman nang Hagar dewe, "Pengeran sing Mesak'en."c 14 Mangkane, ndase banyu iku sing ana ning antarane Kades karo Bered diarani, "Ndase banyune Sing Urip ambek Sing Mesak'en nang esun."