Abram didadek'en Abraham
17
1-2 Pas Abram umure 99 taun, Sing Gawe Urip nyampui ambek guneman, "Reang iki Pengeran sing Maha Kuwasa. Ilinga janjine Reang biyen. Reang kate nggawe turunane sira wuakeh temenan. Merga iku, nuruta nang Reang. Rekadayakna urip suci."3 Terus Abram sujud. Sabdane Sing Gawe Urip nang Abram, 4 "Iki janjine Reang biyen nang sira: Keturunane sira kate dadi bangsa-bangsa akeh. 5 Merga iku jenenge sira duduk ‘Abram’ maneh (sing tegese ‘bapak sing gede’) tapikne ‘Abraham’ (sing tegese ‘bapakne wong akeh’), merga sira Tak tetepen dadi bapakne bangsa-bangsa akeh. 6 Reang kate nggawe anak putune sira akeh, dadi bangsa teka sira, terus teka turunane sira kate dadi raja-raja."
Sarai didadek'en Sarah
15 Maringono Sing Gawe Urip guneman nang Abram maneh, "Sira ajo nyeluk bojone sira maneh ‘Sarai’ tapikne teka sak’iki jenenge bojone sira dadi ‘Sarah.’ 16 Reang kate mberkahi Sarah, terus ngliwati Sarah Reang kate nggenehi sira anak lanang. Reang kate mberkahi Sarah karo kate Tak dadek’en makne bangsa-bangsa. Teka turunane kate ana sing dadi raja-raja.
17 Terus Abraham nunduk, tapi ngguyu dewe ambek guneman ning atine, 'Apa ya bisa reang wis umure 100 taun, terus Sarah umure 90 taun, kate duwe anak?'
18 Maringono Abraham semaur nang Sing Gawe Urip, "Kirane Ismael wae direstoni oleh berkah teka Rika."
19 Tapikne Sing Gawe Urip guneman, "Orak. Sarah, bojone sira, sing kate nglairen lare lanang. Terus lare iku jenengana ‘Isak’ (sing tegese ‘ngguyu’). Janji sing tau Tak genehen nang sira bakale Tak tetepen nang turunane lare iku sampek sak’lawas-lawase. 20 Ngenek'i penjaluk’ane sira nang Ismael, bakale Tak estoni pisan. Ismael kate Tak berkahi, karo maneh turunane dadi wuakeh. Terus teka Ismael bakale dadi 12 wong penggede, karo maneh turunane kate dadi bangsa sing gede. 21 Tapikne Janji sing tau Tak genehen nang sira bakale Tak tetepen nang Isak, sing bakale dilairen Sarah setaun engkas. 22 Sak’marine Sing Gawe Urip guneman, Sing Gawe Urip munggah, ninggalen Abraham.