Abraham didengok Pengeran
18
Sak'wijine dina sing panas banter, Abraham gek lungguh ning lawange kemah, parek’e wit tarbatin ning daerah Mamre. Terus diparani Pengeran. 2 Mara-mara ning ngarepe, ana wong telu sing ngadek. Abraham ndeleng, mlayu marek’i, terus sujud ning ngarepe wong-wong iku ambek 3 guneman, "Bapak-bapak sing tak hormati, nek’e reang oleh welas asih teka rika, ajo nerusen lakon dikek. Merga panas, ngiyupa dikek. 4 Tak jupuk’en banyu nggawe nelesi sikile rika sing mestine panas. 5 Entenana, reang kate nang kemah kanggo njupuk’en roti, cekne rika kabeh bisa kuwat maneh. Mari leren, monggo terusna maneh lakune rika."
Semaure wong-wong iku, "Ya, wis. Monggo!"
6 Terus Abraham ndang-ndang mlebu nang kemahe nemoni Sarah, ambek guneman, "Hage cepetan njupukna sa'saka tepung sing wuapik! Adonana gawe roti bunder."
7 Maringono Abraham kesusu mlayu nang gedokane, njupuk anak’e sapi sing lemu, sing apik, digenehen nang buruhe, dikongkon mbeleh terus, daginge dikongkon ngolah. 8 Terus Abraham njupuk keju karo susu ambek iwak sapi sing wis diolah, terus disuguhen ning ngarepe wong-wong iku. Pas wong-wong iku gek mangan, Abraham ngadek ning isore wit iku ambek ngladeni.
9 Wong iku takon nang Abraham, "Ning endi Sarah, bojone sira?"
Semaure Abraham, "Ning kana, ning njero kemah."
10 Salah sijine wong iku guneman nang Abraham, "Sak’temene, Sarah kate duwe lare lanang pas Reang mrene maneh taun ngarep."
Paran sing digunemen mau dirungok’en Sarah teka walik'e lawange kemah. 11 La, Abraham karo Sarah wis pada tuwek, apa maneh Sarah wis mandul. 12 Merga iku Sarah ngguyu ning njero atine, "Esun sing wis tuwek, njare bisa brai maneh? Apa maneh, bojone esun, Abraham, ya wis tuwek pisan."
13 Terus gunemane Sing Gawe Urip nang Abraham, "Ngapa Sarah kok ngguyu terus orak percaya bisa duwe anak, masia tuwek. 14 Nanak sing orak kira kanggo Reang, Sing Gawe Urip. Taun ngarep Reang kate teka maneh pas wayah sing wis ditetepen. Pas iku, Sarah kate nglairen lare lanang."
15 Merga Sarah iku wedi, Sarah orak jujur, terus guneman ngene, "Esun orak ngguyu."
Tapi Sing Gawe Urip guneman, "Pancene ngguyu sira mau."