Janjine Pengeran nang Abram
12
Biyen ana wong sing jenenge Abram. Wong iku urip ning kota Ur, ning daerah Haran.a Pas Abram umure 75 taun ditemoni Sing Gawe Urip. 1 Salah sijine dina Sing Gawe Urip guneman nang Abram ngene, "Budala, tinggalen negarane sira, dulur-dulure sira, karo pisan umahe bapakne sira. Terus nang’a negara sing kate Tak dudohen nang sira. 2 Ikilo janjine Reang nang sira:Reang bakale nggawe turunane sira wuakeh temenan, sampek dadi bangsa sing gede.
3 Reang kate ngestoni sira, karo maneh Reang kate nggawe jenenge sira kesuwur. Terus sira bakale Tak gawe mberkahi wong liya.
Reang kate mberkahi wong-wong sing berkahi sira. Terus Reang kate ngutuk wong-wong sing ngutuk sira. Terus ngliwati sira, kabeh bangsa ning ndunya bakale diberkahi."
4 Maringono Abram ninggalen Haran nurut sabdane Sing Gawe Urip. Pas budal nang daerah Kanaan, Abram umure 75 taun. 5 Abram budal karo bojone sing jenenge Sarai, ambek keponak’ane sing jenenge Lot. Dunya branane kabeh karo buruh-buruhe sing diduweni ning Haran digawa pisan. Sak’marine teka ning Kanaan, 6 Abram ngayengi sampek daerah Sikem. Ning kono ana wit tarbantinb ning daerah More. Enggon iku gek dienggoni wong Kanaan.
7 Ning enggon iku Sing Gawe Urip nekani Abram terus guneman, "Ilinga janjine Reang biyen. Reang kate nggenehen nggon iki kabeh nang turunane sira." Maringono ning kono Abram nggawe pengobongan, sing diarani ‘mesbah,’ kanggo ngobong korban wedus nang Sing Gawe Urip sing nekani mau.