Surate Paulus sing kawitan
nang umate Yesus ning kota Korintus
1 Korintus
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Ning kitab Riwayate Utusan-utusane Yesus (RUY) Paulus mlayu nang kota Atena sak'marine disiksa ning Makedonia (RUY 17:14-15). Sak'marine iku Paulus mampir ning Atena, terus mlebu kota Korintus (RUY 18). Ning kono akeh wong sing maune percaya nang dewa-dewa palsu dadi percaya nang Yesus. Mangkane Paulus manggon suwene sak'taun enem wulan ning Korintus kanggo ngladeni wong-wong sing percaya iku. Sak'marine Paulus budal, wong percaya ning Korintus ngirim surat nang Paulus sing ana akeh tetakonan. Maringono Paulus nulis surat iki kanggo mbales surat iku, terus njawab kabeh tetakonan iku mau. Surat iki ditulis kurang luwih taun 55 Masehi.
Tema : Wong sing percaya nang Yesus dadi siji ngliwati ngajeni wekasane Pengeran, masia pesen iku diarani goblok nang wong ning ndunya. Isine pesen iku: kene slamet merga Yesus mati ning kayu salib.
Ayat kunci : 1:30-31 - Merga karyane Pengeran, sira dadi siji karo Kristus Yesus. Yesus iku sing dadi hikmate Pengeran gawe kene. Yesus sing ndadek'en kene bener. Yesus sing nyucek'en kene. Yesus sing mbebasen kene teka dusa. Dadi, nurut Kitab Suci, “Wong sing kepingin muji peparan, kudu mujien paran sing wis dilakok'en Gusti.”
Isine
1. Salam (1:1-9)
2. Paulus negur wong Korintus merga orak akor, ya orak suci (1:10 - 6:20)
3. Paulus nulis ngenek'i bebojonan (7)
4. Paulus nulis ngenek'i panganan sing dikorbanen nang dewa-dewa (8:1 - 11:1)
5. Paulus nulis ngenek'i rambut ambek krudung (11:2-16)
6. Paulus nulis ngenek'i Perjamuan Suci (11:17-34)
7. Paulus nulis ngenek'i karunia Roh Suci (12-14)
8. Paulus nulis ngenek'i wong Kristen sing mati tapi bakal urip maneh (15)
9. Paulus nulis ngenek'i sumbangan nang wong mlarat ning Yerusalem (16:1-4)
10. Salam sing pungkasan (16:5-24)