Salam sing pungkasan
16
Dulur kabeh, reang ngejok'en dulure kene sing sak'iman, jenenge Febi.a Ibu iki ngladeni umate Yesus ning Kengkrea.b 2 Terimanen Febi ngentah bagean ragane Gusti Yesus, ya nurut cara sing pantes kanggo umat pilihane Pengeran. Tulungana cekne orak kurang peparan. Wong iku wis ngrewangi reang ambek akeh wong liyane.3 Gewehna salam iki nang Priskila karo Akwila, sing ngrewangi reang ngladeni Kristus Yesus. 4 Wong loro iku tau notohen nyawane kanggo reang. Reang, ambek sak'kabehe umate Yesus sing duduk Ibrani, nedanerima merga iku.
5 Gewehna salam iki pisan nang umate Kristus sing nglumpuk ning umahe Priskila karo Akwila.
Gewehna salam nang Epenetus, sing tak tresnani. Epenetus iku wong Asia sing kawitan sing percaya nang Yesus.
6 Gewehna salam iki nang Maria, sing wis susah payah nyambut gawe kanggo sira.
7 Gewehna salam iki nang Andronikus karo Yunias, dulur sing sak'bangsa karo reang. Wong loro iku tau ning bui bebarengan karo reang. Wong loro iku paling apik ning antarane utusan-utusan liyane, ya wis percaya nang Kristus sak'durunge reang pisan.
8 Gewehna salam iki nang Ampilatus sing tak tresnani merga Gusti Yesus.
9 Gewehna salam iki nang Urbanus, sing ngladeni Kristus bebarengan kene.
Gewehna salam iki pisan nang Stakhis, sing tak tresnani.
10 Gewehna salam iki nang Apeles, sing wis kebukten setia nang Kristus.
Gewehna salam iki nang keluargane Aristobules.
11 Gewehna salam iki nang Herodian, sing sak'bangsane reang.
Gewehna salam iki nang kabeh wong sing wis dadi duwek'e Gusti Yesus ning keluargane Narkisus.
12 Gewehna salam iki nang Trifena karo Trifosa, wong wedok-wedok iku nyambut gawe sing nemen kanggo Gusti Yesus.
Gewehna salam iki nang Persis, sing tak tresnani. Wong wedok iku susah payah nyambut gawe kanggo Gusti Yesus.
13 Gewehna salam iki nang Rufus, dipilih nang Gusti Yesus. Gewehna salam iki pisan nang emakne, sing wis dadi emak kanggo reang.
14 Gewehna salam iki nang Asinkritus, Flegon, Hermes, Patrobas, Hermas, ambek dulur-dulur bebarengan wong-wong iku.
15 Gewehna salam iki nang Filologus karo Yulia, Nereus karo dulur wedok'e, Mbak Olimpas karo sak'kabehe wong sing disucek'en Kristus bebarengan wong-wong iku.
16 Gewehna salam welas asih sing suci, siji nang sijine.
Sak'kabehe kumpulane wong sing percaya nang Kristus nggewehi salam nang sira kabeh ning Roma.
Tuturan sing pungkasan
17 Sing ati-ati, dulur kabeh, nang wong sing nggarai congkrah ambek tukaran, terus nglawan wulangan sing wis diterima. Adohana wong-wong iku. 18 Wong-wong memper iku orak ngladeni Kristus, Gustine kene, tapi merlok'en wetenge dewe. Nggawe guneman sing alus karo legi wong-wong iku nggorohi wong liya sing gampang ditipu. 19 Kabeh wong wis krungu njare sira patuh nang Pengeran. Merga iku reang bungah temenan. Tapi reang kepingin sira dadi bijak nang paran sing bener, terus orak weruh nang paran sing jahat. 20 Pengeran, sumbere damang, orak kosi suwe bakale ngejur Iblis ning isore sikile sira.
Mandar muga welase Yesus Kristus, Gustine kene, mbarengi sira.
21 Timotius, kancane reang sak'penggaweane nggewehi salam, bebarengan Lukias, Yason, ambek Sosipater, dulure reang sak'bangsa.
22 Reang, Tertius, sing nulis surat iki, nggewehi salam ning njerone Gusti Yesus.
23 Gayus, sing numpangen tangan cekne reang bisa nginep ning umahe, ambek sak'kabehe umate Yesus sing nglumpuk ning umah iki ngirim salam pisan. Erastus, bendaharane kota, karo Kwartus, dulure kene, nggewehi salam.
Paulus muji nang Pengeran
25 Pujien Pengeran, sing bisa nguwaten sira cekne percaya temenan. Pengeran mesti nglakoni iku nurut Kabar Apik'e Yesus Kristus sing tak sampek'en. Kabar iku nurut pengerten rencana sing dirahasiak'en molai ndunya iki didadek'en. 26 Tapikne sak'iki rencana iku wis dinyatak'en nurut prentahe Pengeran sing langgeng. Terus rencana iku wis disampek'en nang kabeh bangsa ngliwati Kitab Suci nabi-nabi biyen. Tujuane, sak'kabehe wong manut nang prentah iku, terus percaya nang Yesus. 27 Kepe Pengeran wae, siji-sijine sing bijak, dimulyak'en sak'lelawase ngliwati Yesus Kristus! Amin.