Tulungen dulure sira cekne luwih kuwat percayane
15
Kene sing luwih kuwat percayane kudu nulung dulur sing percayane durung kuwat. Kene ajo mek nyenengen awak'e dewe. 2 Kene kabeh kudune bisa nyenengen dulure kene. Ayo pada nglakoni paran sing apik gawe wong-wong iku cekne sing dipercayani tambah dadi kuwat. 3 Pancene Kristus orak urip gawe nyenengen awak'e dewe. Sing dialami Kristus ditulis ning Kitab Suci ngene, “Kabeh wong sing kepingin ngenyek Pengeran, nyampek'en omongane sing elek iku nang Reang.”† 4 Paran wae sing ditulis biyen ning Kitab Suci, ditulis gawe muruk'i kene. Kitab Suci muruk'i kene dadi sabar, tlaten, ambek bungah. Tulisan iku mau nguwaten atine kene cekne yakin nang paran sing dienteni.5 Pengerane kene iku Pengeran sing nguwaten karo nambani atine sira. Mandar muga Pengeran nulung sira urip rukun siji nang sijine nurut kekarepe Kristus Yesus. 6 Dadi sira kabeh bisa bareng-bareng muji Pengeran, Bapakne Yesus Kristus. Yesus iku Gustine kene.
7 Kristus iku wis nerima sira. Dadi trimanen siji nang sijine, cekne Pengeran dipuji. 8 Reang guneman nang sira nek Kristus wis ngladeni wong Ibrani. Kristus mulang nang kene nek sing dijanjek'en Pengeran iku bener. Kristus wis nglakoni iku gawe ndudohen nang kene nek Pengeran bakale netepi janji sing disampek'en nang mbah buyute wong Ibrani. 9 Yesus nglakoni ngono kepe bangsa-bangsa liyane bisa ngrasak'en welase Pengeran terus mulyak'en Pengeran. Ana tetulis ning Kitab Suci,
“Reang bakal muji Rika ning tengah-tengahe bangsa-bangsa liya.
Reang bakal ngidungen puji-pujian merga jenenge Rika.” (2 Samuel 22:50; Masmur 18:49)
10 Sepisan maneh ana tulisan,
“He wong-wong sing duduk Ibrani, bungaha teterusan.
Bungaha bareng kabeh umate Pengeran.” (Masmur 117:1)
11 Terus ana maneh ning Kitab Suci,
“Pujien Gusti Pengeran, he kabeh bangsa-bangsa.
Kepe kabeh bangsa ngidungen pujian gawe Pengeran.” (Masmur 117:1)
12 Nabi Yesaya ya guneman,
“Mbesok ana salah sijine anak putune Isaia sing bakale teka.
Wong iku bakale mrentah bangsa-bangsa.
Kabeh bangsa bakale ngenteni keturunane Isai iku.” (Yesaya 11:10)
13 Mandar muga Pengeran, sumbere kabeh sing kene enteni, nggewehi nang sira bungah karo ayem tentrem sak'njerone imane sira. Mandar muga kuwasane Roh Suci nggarai sira yakin temenan nang paran sing dienteni.
Paulus ngladeni wong sing duduk Ibrani
14 Dulur kabeh, reang yakin nek sira iku urip nggawe cara sing apik. Sira digewehi akeh akal pengerten sampek bisa pada mulang siji nang sijine. 15 Masia ngono, merga reang digewehi welas teka Pengeran, reang wani nulis surat iki kanggo ngilingen sira. 16 Pengeran nggewehi welas nang reang kanggo makili Kristus Yesus nang bangsa-bangsa sing duduk Ibrani. Reang nyampek'en Kabar Apik teka Pengeran nang wong sing duduk Ibrani cekne wong iku dadi percaya nang Yesus. Memper pengarepe sembahyang Ibrani nggenehi korban nang Pengeran, reang ya ngejok'en wong-wong iku nang Pengeran. Terus wong duduk Ibrani sing percaya iku mesti diterima Pengeran merga disucek'en nang Roh Suci.
17 Mangkane reang ngapik'en kabeh penggaweane sing dilakoni Kristus Yesus ngliwati reang kanggo Pengeran. 18 Reang orak guneman peparan, sak'liyane paran sing wis dilakok'en Kristus ngliwati reang kanggo mimpin bangsa-bangsa sing duduk Ibrani gawe manut nang Pengeran ngliwati gunemane ambek kelakuane reang. 19 Kristus wis nganggok'en reang liwat mujijat karo tetenger, liwet kuwasane Rohe Pengeran kanggo nyampek'en Kabar Apik. Dadi molai ning Yerusalem sampek daerah Ilirikum reang wis nyampek'en Kabar Apik ngenek'i Kristus. 20 Reang kepingin teterusan nyeritak'en Kabar Apik ning endi wae gek ana wong-wong sing durung kenal Kristus. Reang orak kepingin mulang wong sing wis kenal Kristus merga iku pada karo mbangun ning duwure pondasine wong liya. 21 Ana sing ditulis ngenek'i Kristus,
“Wong-wong sing orak tau krungu sapa sak'temene Wong iku, bakale dadi weruh,
mbarek wong-wong sing durung krungu, bakale ngerti paran maksute kabeh iku.” (Yesaya 52:15)
22 Kabeh penggawean iku mau sing nggarai reang gelek ana kendala sampek orak bisa ndengok sira ning Roma.
Paulus duwe rencana ndengok Roma
23 Sak'iki penggaweane reang nyeritak'en Kabar Apik ning daerah-daerah iki wis mari. Apa maneh, wis pepirang taun reang kepingin ndengok sira kabeh ning Roma. 24 Dadi reang duwe rencana mampir nang sira ning Roma pas reang ana ning dalan nang Spanyol. Reang arep mampir ning Roma pas reang ngliwati. Terus reang kepingin sira bisa ngrewangi reang pas kate budal nang Spanyol. Tapikne sak'durunge nang Spanyol, reang kepingin campuh sira kabeh, kepe atine reang seneng, masia mek sediluk.
25 Sak'iki reang kate budal nang Yerusalem gawe ngladeni umat pilihane Pengeran ning kana. 26 Wong-wong percaya ning Makadonia karo Akhaya seneng nggewehi Sumbangan. Sumbangan iku kate tak gewehen nang dulur-dulur sak'iman sing mlarat ning antarane umat pilihane Pengeran ning Yerusalem. 27 Wong Makadonia karo Akhaya seneng gewehi sumbangan iku. Karo mesti wae wong-wong iku duwe utang budi mbarek wong percaya ning Yerusalem. Wong-wong duduk Ibrani wis oleh berkah rohani teka wong Ibrani. Dadi wong duduk Ibrani kudu mbagi berkat ndunyawi nang wong-wong Ibrani. 28 Reang kepingin marek'en tugas iki. Reang kepingin mastek'en nek'e wong sing orak duwe ning Yerusalem wis nerima sumbangan iki. Maringono reang bakale budal nang Spanyol. Pas mrana, reang arep ndengok sira ning Roma. 29 Reang weruh nek'e pas reang teka nang sira, reang bakal nggawa berkahe Kristus sing gede, sing amber memper banyu.
30 Dulur kabeh, reang njaluk temenan nang sira nggawe jenenge Gustine kene, Yesus Kristus, ambek welas asih sing digewehi Roh Suci: ayo barengana reang ndedungak'en sing nemen penggaweane reang. 31 Dunga'a kepe reang slamet teka wong-wong ning daerah Yudea sing orak percaya. Dunga'a kepe sumbangan sing tak gawa bakale diterima apik nang umat pilihane Pengeran ning kana. 32 Dadi reang bakale teka nang sira ambek ati sing seneng, nek diolehen Pengeran. Ning Roma reang bakale bungah bebarengan sira kabeh. 33 Mandar muga Pengeran, sumbere damang, mbarengi sira kabeh. Amin.