Ajo nganggep awak'e dewe luwih apik teka dulure sira
14
Terimanen wong sing imane gek orak kuwat. Ajo bantah-bantahan ambek wong-wong sing pikirane orak pada karo sira. 2 Ana dulur-dulur sing percaya kene oleh mangan sembarang kalir. Tapikne ana dulur-dulur liya sing mek arep kulup tok, merga imane gek orak kuwat. 3 Sapa sing arep nang panganan sembarang kalir, orak oleh ngelok'en wong sing mek arep kulup tok. Sewalik'e, wong sing arep kulup tok, orak oleh ngakimi wong sing arep sembarang kalir. Merga Pengeran wis nerima wong-wong iku. 4 Sapa sira iku, sampek ngakimi budak'e wong liya? Nek budak iku setia utawa orak, iku urusane jeragane. Tapi wong iku mesti setia merga Gustine bisa nguwaten kepe dadi setia.
5 Ana dulur-dulur sing nganggep salah sijine dina luwih apik timbang dina liyane. Ana dulur-dulur liya sing nduwe anggepan kabeh dina iku pada apik'e. Saben wong siji karo sijine kudu bener-bener yakin nang paran sing dipercaya. 6 Sapa wae sing nganggep salah sijine dina “apik,” iku dilakoni kanggo ngajeni Gusti Pengeran. Sapa wae sing mangan iwak, nglakoni kanggo ngajeni Gusti Pengeran. Wong-wong iku pada nedanerima nang Pengeran. Terus sapa wae sing orak arep iwak, ya kudu dilakoni kanggo ngajeni Gusti Pengeran ambek nedanerima nang Pengeran. 7 Kene orak urip mek kanggo awak'e dewe tok. Terus kene orak mati kanggo awak'e dewe tok. 8 Nek kene urip, uripe kene kanggo ngajeni Gusti Yesus. Nek kene mati, matine kene kanggo ngajeni Gusti Yesus. Dadi, nek urip utawa mati, kene duwek'e Gusti Yesus. 9 Kristus mati terus urip maneh. Kristus nglakoni iku cekne dadi Gustine wong sing wis mati karo wong sing urip.
10 Dadi, ngapa sira kok ngakimi dulure sira? Ngapa kok sira mikir dulure sira nanak gunane? Merga kene kabeh bakal ngadek ning ngarepe Pengeran kanggo diadili. 11 Ana ning Kitab Suci sing unine ngene:
“Gusti Pengeran guneman, ‘Sak'temene iki bener, pada karo uripe Reang,
kabeh wong pancene bakal sungkem ning ngarepe Reang.
Terus kabeh wong bakale ngakoni nek'e Reang iki Pengeran.’ ” (Yesaya 45:23)
12 Dadi kene kabeh bakal ngakoni nang Pengeran paran wae sing tau kene lakoni.
Ajo nggarai wong liya nglakoni dusa
13 Merga iku, kene ajo ngakimi siji nang sijine. Ayo mutusen cekne ajo dadi sandungan sing bisa nibak'en dulur-dulure sira. 14 Reang percaya sak'temene, nanak sesijia panganan sing najis. Gusti Yesus sing nyakinen reang. Tapi, nek ana dulur sak'iman sing nganggep salah sijine panganan iku najis, ajo dipangan. Panganan iku mau pancene najis kanggo wong iku. 15 Nek ana dulur sing nglarani atine dulure merga panganan, iku tegese sira orak urip nurut welas asih. Ajo sira ngrusak percayane dulure sira merga panganan. Merga Kristus wis mati kanggo wong-wong iku. 16 Mangkane, ajo ngejaren wong liya ngarani jahat paran sing sira anggep apik. 17 Merga Kerajaane Pengeran iku duduk masalah panganan utawa ombe. Tapikne Kerajaane Pengeran iku ngenek'i paran sing bener, ayem tentrem, terus bebungah sak'njerone Roh Suci. 18 Sapa wae sing ngladeni Kristus nggawe cara iki nyenengen Pengeran, ya diajeni menungsa pisan.
19 Merga iku ayo pada nglakoni paran wae sing ndadek'en rukun, ya sing mbangun sak'pepadane. 20 Ajo ngrusak penggaweane Pengeran merga panganan! Kabeh panganan bisa diarani ‘suci.’ Tapikne kene salah nek mangan panganan sing gawe batin dulur liya kesandung. 21 Ajo mangan iwak nek iku bisa nggarai dulure sira nglakoni dusa. Ajo ngombe anggur utawa nglakoni paran wae sing bisa nggarai dulure sira nglakoni dusa.
22 Paran sing sira percayani, simpenen gawe sira dewe ambek Pengeran. Bungaha wong sing, nurut awak'e dewe, nglakoni apik, merga batine orak nyalahen awak'e dewe. 23 Tapikne sapa sing bimbang nang paran sing dipangan, wong iku duwe salah nek dipangan. Salahe, yaiku mangan orak nurut sing diyakini. Merga paran wae sing dilakoni sak'njabane sing diyakini, iku dusa.