Patuh nang sing mrentah ning ndunya
13
Sira kabeh kudu patuh nang wong-wong sing mrentah. Kabeh pemrentah sing ana iku merga Pengeran sing nentok'en. 2 Dadi sapa wae sing nentang pemrentah, wong iku ya nentang prentahe Pengeran. Wong sing nglakoni ngono iku ngundang ukuman nang awak'e dewe. 3 Nek sira nglakoni paran wae sing bener, sira orak perlu wedi nang kuwasa paran wae. Tapikne, sing ati-ati nek sira nglakoni paran sing orak bener! Apa sira kepingin orak wedi nang wong-wong sing duwe wewenang? Lakonana paran sing bener, terus sira bakale dipuji. 4 Wong sing duwe wewenang ngladeni Pengeran. Iku gawe apik'e sira. Tapi nek sira nglakoni jahat, wedia! Orak sia-sia sing duwe kuwasa nggawa wedung. Wong-wong iku ngladeni Pengeran. Ngamuk'e Pengeran dinyatak'en ngliwati wong-wong iku. Wong sing duwe kuwasa kate ngukum sapa wae sing nglakoni jahat. 5 Sira kudu matuhi pemimpin sapa wae sing nduwure sira. Nek orak, sira bakal diukum. Apa maneh, sira ya kudu manut nang wong-wong iku cekne orak nglanggar batine sira dewe.6 Mergane iku sira mbayar pajek cekne kabeh sing nyambut gawe ning pemrentah oleh buruhan pisan. Wong-wong iku bisa diarani abdine Pengeran pas nglakoni penggaweane. 7 Gewehana nang kabeh wong paran sing pantes. Iku utange sira. Bayaren pajek'e, lunasana cukai, ajenana wong sing pantes diajeni.
Welas asihana sak'pepadane
8 Bayaren sak'kabehe utange sira. Tapikne sira orak bakal bisa ngepok'i kabeh utang welas asihe sira nang wong liya. Sapa wae sing welas asih nang wong liya wis nglakoni kabeh sing diprentahen hukum agama. 9 Prentah-prentah sing ana ning hukum agama iku ngene:
“Ajo nglakoni jinah,
Ajo mateni wong,
Ajo nyolongan,
Ajo ngepingini duwek'e wong liya.” (Keluaran 20:13; 15; 17)
Prentah-prentah iku mau ambek sak'kabehe prentah liyane dijangkepi ning prentah siji iki: “Welas asihana dulure sira memper sira melasi awak'e sira dewe.”† 10 Wong sing duwe welas asih orak ngrugik'en wong liya. Dadi welas asih njangkepi kabeh hukum agama.
Dina tekane Gusti Yesus wis parek
11 Kabeh iku mau penting kanggo urip ning jaman iki. Wis wayahe kene tangi. Dinane kene kate dislameten luwih parek ketimbang wayahe kene entas-entase percaya nang Yesus biyen. 12 Jaman pepeteng iki bisa digambaren bengi sing meh entek. Dina tekane Kristus wis meh teka. Dadi ayo pada buang kabeh sing peteng, yaiku penggawean sing elek. Ayo pada njupuk gaman sing padang, yaiku penggawean sing apik. 13 Ayo pada urip sing pantes, ngentah wong sing urip pas wayah awan. Ajo maneh melu pesta demenan, ya ajo mabuk. Ajo nglakoni dusa cabul utawa melu napsune raga. Ajo tukaran siji nang sijine. Ya ajo iri nang sapa wae. 14 Tapikne, gawenen Gusti Yesus Kristus ngentah-ngentah Gusti iku klambine sira. Ajo mikir njare carane nuwuk'en napsune sira.