Cara nyembah Pengeran sing bener
12
Dulur kabeh, Pengeran wis ndudohen welas asihe nang sira. Dadi, sing tak jaluk temenan, sira nggewehna awak'e sira dewe-dewe nang Pengeran memper korban sing diobonga tapi sing gek urip, sing suci, sing nyenengen Pengeran. Ngliwati cara urip ngono, sira nyembah Pengeran nggawe cara sing bener. 2 Ajo sira melu carane ndunya iki, tapikne ngejaren pikire sira dianyaren Pengeran cekne sira bisa ngakoni nek kekarepe Pengeran iku mesti apik ya sempurna, cekne sira bisa nyenengen Pengeran.3 Welase Pengeran wis digenehen nang reang. Dadi iki pesen reang nang sira kabeh: Ajo nganggep awak'e sira luwih penting teka sing sak'benere, tapikne ukuren awak'e sira dewe katek jujur. Saben wong kudu ngukur awak'e dewe nurut sak'pira gedene percayane dewe sing digewehi Pengeran.
4 Saben ragane wong ana akeh bageane. Terus saben bagean duwe penggawean sing orak pada. 5 Ngono uga, masia kene wong akeh, tapikne sak'njerone Kristus kene didadek'en sak'raga. Terus saben bagean raga iku dadi duwek'e bagean raga sing liyane. 6 Kene kabeh nduweni karunia rohani nurut welas sing digenehi Pengeran.
Nek sira digenehi karunia nyampek'en wekasane Pengeran, kudu disampek'en sak'kuwate percayane sira.
7 Nek sira digenehi karunia ngladeni, ya ladenana.
Nek sira digenehi karunia mulang, ya mulanga.
8 Nek sira digenehi karunia nguwaten atine wong, ya nguwatna wong-wong liya.
Nek sira digenehi karunia dadi loman, ya gewehana sing iklas.
Nek sira digenehi karunia mimpin wong, ya dadia pemimpin sing mantep.
Nek sira digenehi karunia ndudohen welas asih nang uwong, ya lakonana ambek bungah.
Urip sak'njerone welas asih
9 Ajo sampek welas asihe sira iku api-api. Dohana sing elek, lakonana sing apik. 10 Welas asihana siji karo sijine. Ajenana wong liya luwih teka awak'e sira dewe. 11 Kesregepane sira ajo sampek kendo. Usahak'en cekne rohe sira iku mulat-mulat memper geni. Ladenana Gusti Yesus. 12 Bungaha merga ngenteni janjine Pengeran, sing sabar pas sara, terus sing sregep dedunga! 13 Tulungana umat pilihane Pengeran sing mbutuhen. Terimanen sing apik sak'kabehe dayoh sing teka nang umahe sira.
14 Dungakna sing apik nang wong sing nyiksa sira, terus ajo nyedani wong-wong iku. 15 Bungaha ambek wong sing bungah. Susaha ambek wong sing susah. 16 Uripa rukun siji nang sijine. Ajo gendak. Dadia kanca mbarek sing orak dianggep. Ajo mikir sira iku luwih apik teka wong liya.
17 Ajo mbales jahat ambek jahat. Sing ati-ati cekne nglakoni paran sing bener nang kabeh wong. 18 Sak'bisa-bisane, sak'mampune sira, uripa sing rukun mbarek kabeh wong. 19 Dulur kabeh sing tak tresnani, ajo mbales dendam. Kepe ngamuk'e Pengeran ngukum wong sing salah. Ning Kitab Suci ana unine ngene: Gusti Pengeran guneman, “Reang sing ngakimi wong. Reang kate mbales wong-wong sing salah.”† 20 Tapi sewalik'e, Kitab Suci guneman ngene:
“Nek musuhe sira luwe, gewehana mangan.
Nek ngelak, gewehana ngombe.
Nek nglakoni ngono,
wong iku raine bakal mbrabak.”b (Amsal 25:21-22)
21 Ajo ngejaren paran sing jahat ngalahen sira. Kalahna paran sing jahat mbarek nglakoni paran sing apik.