Rencanane Pengeran kanggo bangsa Israel
11
Reang kate takon, “Apa Pengeran nolak wong Ibrani sing diarani ‘bangsane Pengeran dewe’?” Mestine orak! Reang dewe iki wong Ibrani. Reang iki ya anak putune Abraham, ya teka suku Benyamin. 2 Pengeran orak nolak bangsa iku sing wis dipilih molai kawitan! Mestine sira wis weruh paran sing ditulis Nabi Elia ning Kitab Suci! Elia sambatan nang Pengeran ngenek'i wong Ibrani. 3 Gunemane ngene, “Gusti Pengeran, wong-wong Ibrani wis mateni nabi-nabine Rika. Wong Ibrani ya wis ngrubuhen mesbah-mesbahe Rika. Kari reang siji-sijine wong Ibrani sing setia. Tapi wong Ibrani kepingin mateni reang pisan!”
4 Njare jawabe Pengeran? Pengeran guneman, “Reang gek duwe pitung ewu (7.000) wong gawe Reang dewe. Wong-wong iku gek durung tau nyembah nang reca Baal.”a
5 Ya memper iku uga, gek ana pepirang wong Ibrani sing pancet setia nang Pengeran. Wong iku setia merga dipilih kanggo nerima welase Pengeran. 6 Terus nek wong-wong iku dipilih merga welas, tegese wong-wong iku orak dipilih merga rekadayane dewe. Nek wong bisa usaha kepe dadi umat pilihane Pengeran, tegese welas iku mau duduk welas maneh.
7 Dadi njare wong Ibrani sak'iki? Wong-wong Ibrani orak nemok'en paran sing digolek'i, yaiku dibeneren merga usaha dewe. Mek sing dipilih sing nerima welas iku mau. Tapikne wong Ibrani liyane digawe wangkot sampek nolak welase Pengeran. 8 Ana sing tetulis ning Kitab Suci,
“Pengeran nggewehi wong-wong iku watek sing ewoh ngerteni.
Pengeran nggewehi wong-wong iku mripat sing orak bisa ndeleng.
Pengeran nggewehi wong-wong iku kuping sing orak bisa ngrungok'en.
Terus wong-wong iku gek kaya ngono sampek sak'iki.” (Ulangan 29:4; Yesaya 29:10)
9 Raja Daud guneman,
“Kepe riaya agamane wong Ibrani dadi jublangan karo jiret.
Kepe wong-wong iku kejungkel terus rotoh.
10 Kepe mripate wong-wong iku dadi buret cekne orak bisa ndeleng,
terus gegere bungkuk sak'lelawase.” (Masmur 69:22-23)
Paribasane rong macem pange Saitun
11 Reang kate takon maneh, “Apa wong Ibrani kejungkel terus rotoh sampek orak percaya sak'lelawase?” Mestine orak! Tapi, merga wong Ibrani nolak Yesus, mangkane bangsa-bangsa liyane sing nerima Yesus bisa dislameten. Terus, nek bangsa liya dislameten, wong Ibrani mesti dadi iri. 12 Dusane bangsa Ibrani sing orak manut kekarepane Pengeran didadek'en berkah nang wong-wong liya ning ndunya merga bisa dislameten. Tapi nek wong Ibrani mbalik nang kekarepane Pengeran, mendahe sak'gedene berkah sing bisa diolehi wong-wong iku!
13 Reang guneman nang sira sing duduk Ibrani. Reang iki utusane Yesus nang bangsa-bangsa sing duduk Ibrani. Terus reang weruh penggaweane iki penting temenan. 14 Reang kepingin gawe bangsane reang iri kepe gelem percaya nang Yesus, terus dislameten. 15 Wong Ibrani ditolak Pengeran kepe bangsa-bangsa liya bisa digenehi damang nang Pengeran. Tapi nek'e wong Ibrani percaya nang Yesus, kedadean iku bisa digambaren urip maneh teka pepati. 16 Nek'e potongan roti sing kawitan disucek'en, iku tegese kabeh roti dianggep suci. Nek'e oyot wit disucek'en, ya ngono pisan pang-pange wit iku dianggep suci.
17 Umate Pengeran sing slamet merga percaya nang Yesus bisa digambaren pange wit saitun. Wong Ibrani sing orak percaya ngentah pepirang pang asli sing wis dipapras teka wite. Sira, sing duduk wong Ibrani, memper pange wit saitun sing cukul dewe ning alas. Tapikne sira wis disambungen ning antarane pang liyane ning wit saitun sing sejati iku mau. Sak'iki sira wis ngrasak'en tlutuh sing nggewehi urip teka oyot wit saitun iki. 18 Dadi, ajo mikir nek sira iku luwih apik teka pang liyane. Ilinga, sira orak nggewehi urip nang oyot. Oyot iku sing nggewehi urip nang sira.
19 Sira bisa guneman, “Pepirang pang dipapras cekne reang bisa disambungen ning wit iki.” 20 Iku bener. Tapikne wong Ibrani dipapras merga orak percaya. Sira gek urip merga sira percaya. Dadi ajo gendak, tapi dadia wedi! 21 Pengeran orak ngeman pang-pang sing kawitan sing orak percaya. Pengeran ya orak bakal ngeman sira nek sira orak percaya maneh.
22 Mendahe apik'e Pengeran iku! Pikiren pisan njare Pengeran iku bisa teges. Pengeran iku teges nang wong Ibrani sing wis orak percaya. Tapi Pengeran apik nang sira nek sira percaya teterusan. Nek orak, sira ya bakal dipapras pisan. 23 Terus, nek wong Ibrani orak teterusan nolak, wong-wong iku bakale disambungen maneh nang wit iku. Pengeran sanggup sambungen wong-wong iku nang wit iku maneh.
24 Sira, wong duduk Ibrani, persis pang sing dipapras teka wit saitun sing cukul dewe ning alas. Terus sira disambungen, didadek'en siji nang wite Pengeran sing sejati. Luwih gampang maneh pang-pang asline, yaiku wong Ibrani, nek disambungen maneh nang wit saitun asale.
25 Dulur kabeh, iki rahasia sing reang kepingin sira ngerteni, kepe sira orak dadi kajo. Pengeran gawe wangkot pepirang wong Ibrani. Iku bakale diterusen sampek jumlahe wong percaya nang Yesus teka bangsa-bangsa liyane iku dijangkepi. 26 Nggawe cara iki, kabeh wong Ibrani bakal dislameten. Ana sing tetulis ning Kitab Suci,
“Sing Nyelameten bakale metu teka Pusung Sion.b
Sang Raja bakale nebus dusa teka keturunane Yakub.”c (Yesaya 59:20; 27:9)
27 “Ikilo janjine Reang ambek wong-wong iku,
Reang bakal nyepura dusa-dusane wong-wong iku.” (Yeremia 31:33,34)
28 Merga wong Ibrani nolak Kabar Apik, wong Ibrani dianggep musuhe Pengeran cekne bangsa-bangsa liya bisa dislameten. Tapikne, wong Ibrani iku dipilih Pengeran biyen. Merga iku wong-wong Ibrani tetep ditresnani nurut janjine Pengeran nang mbah buyute kene biyen. 29 Merga paran sing tau digewehi Pengeran orak kira ditarik mbalik.
30 Biyen sira orak manut nang Pengeran. Tapikne sak'iki sira wis nerima welas asihe merga bangsa Ibrani orak manut. 31 Masia sak'iki wong Ibrani orak gelem nurut nang Pengeran, tapi sira olehi welas asih. Tapikne iku mau kedaden kepe wong Ibrani iku bisa nerima welas asih teka Pengeran pisan. 32 Pengeran wis ngolehi kabeh wong kepe dikuwasai Dusa merga orak bisa manut. Pengeran nglakoni ngono cekne bisa ndudohen welas asihe nang kabeh wong pisan.
33 Kok ya gede temen kaweruh karo pengerten teka Pengeran! Nanak sesijia sing bisa ngerti carane Pengeran mutusen peparan. Nanak sesijia sing bisa ngerteni ngapa Pengeran nglakoni paran sing wis dilakoni.
34 “Sapa sing bisa meruhi paran sing dipikiren Gusti Pengeran?
Utawa sapa sing bisa nuturi Pengeran?” (Yesaya 40:13)
35 “Sapa sing tau nggewehi peparan nang Pengeran,
sampek Pengeran kudu mbalik'en?” (Ayub 41:11)
36 Sembarang kalir asale teka Pengeran, digawe ngliwati Pengeran, ya digawe kanggo Pengeran. Pengeran wae dimulyak'en sak'lelawase! Amin.