Percaya karo ngakoni nek Yesus iku Gusti
10
Dulur kabeh, sak'temene sing tak jaluk ambek sing tak dungak'en nang Pengeran iku, cekne wong Ibrani dislameten. 2 Sak'temene reang nyaksek'en nek wong-wong iku kepingin ngladeni Pengeran. Tapikne carane wong-wong iku orak nggawe pengerten sing bener. 3 Wong-wong iku orak weruh iki: mek kuwasane Pengeran sing bisa gawe uwong dadi bener. Tapi wong Ibrani iku ngrekadayak'en mbeneren awak'e dewe nggawe usahane dewe. Wong-wong iku orak manut nang carane Pengeran sing bisa mbeneren uwong. 4 Kristus wis njangkepi hukum agama Ibrani. Dadi sak'iki kabeh wong sing percaya nang Kristus bisa dianggep bener ning ngarepe Pengeran.5 Nabi Musa biyen nulis carane wong bisa dadi bener nurut hukum agama Ibrani. Musa nulis, “Wong sing nglakoni hukum agama iki bakale urip ngliwati hukum iku.”† 6 Tapi cara didadek'en bener liwet percaya guneman ngene, “Ajo takon ning atine sira, ‘Sapa sing bakale munggah nang swarga?’ ”† (Maksute, munggah nang swarga cekne ngejak Kristus mudun nang ndunya.) 7 Terus ajo takon, “Sapa sing bakale mudun nang ndunyane wong mati?”† (Maksute nangek'en Kristus teka pepati.) 8 Tapi paran sing ditulis? “Pesen iku parek sira. Pesen iku ana ning lambene sira karo atine sira.”† Pesen iku sing kene sampek'en, terus sira percaya, 9 yaiku: nek sira ngakoni nggawe lambene sira dewe, “Yesus iku Gusti,” ambek percaya ning njero atine sira nek'e Pengeran wis nangek'en Yesus teka pati, sira bakale dislameten. 10 Merga ning atine sira, sira wis percaya terus dibeneren ning ngarepe Pengeran. Terus mbarek lambene sira, sira ngakoni nek percaya, terus dislameten. 11 Kitab Suci guneman, “Uwong sing percaya nang Yesus orak kira isin” ning ngarepe Pengeran.† 12 Nanak bedane antarane wong Ibrani karo wong sing duduk Ibrani. Gusti Yesus iku nduweni kabeh uwong. Gusti iku nggewehi berkah sing nanak watese nang kabeh uwong sing njaluk tulung nang Gusti. 13 Kitab Suci guneman, “Sapa wae sing nyeluk nang jenenge Gusti Yesus bakale dislameten.”†
14 Njare carane wong bisa nyeluk jenenge Yesus nek durung percaya? Njare carane wong bisa percaya nek durung ngrungok'en? Njare carane wong bisa krungu pesene Yesus nek nanak sing mbritak'en? 15 Njare wong bisa mbritak'en pesene Yesus nek nanak sing diutus? Ana tetulis, “Apik temenan ketekan wong-wong sing gawa Kabar Apik iku!”†
16 Orak kabeh wong Ibrani nerima Kabar Apik. Mulane Nabi Yesaya guneman, “Gusti Pengeran, sapa sing wis percaya nang pesene kene?”† 17 Dadi, wong bisa percaya merga krungu pesen iku. Pesen sing wis dirungok'en iku ya pesen ngenek'i Kristus. 18 Tapi reang takon, “Apa wong Ibrani durung krungu?” Wong-wong iku mestine wis krungu, merga ana tetulis ning Kitab Suci,
“Suwarane wong percaya wis metu totok kabeh ndunya.
Paran sing diucapen iku totok sampek pucuk'e bumi.” (Masmur 19:4)
19 Sepisan engkas reang takon, “Apa bangsa Israel gek durung ngerti?” Sing kawitan, Pengeran guneman ngliwati Nabi Musa ngene,
“Sira bakale Tak gawe iri merga mberkahi bangsa-bangsa liya sing orak dianggep.
Sira bakale Tak gawe ngamuk merga nggatek'en bangsa sing orak duwe pengerten ngenek'i Reang.” (Ulangan 32:21)
20 Teruse Yesaya wani nyampek'en paran sing digunemen Pengeran,
“Reang ditemok'en nang bangsa sing orak nggolek'i Reang.
Reang ndadek'en Awak'e Reang dikenal nang wong-wong sing orak njaluk kenal nang Reang.” (Yesaya 65:1)
21 Tapikne, sing disampek'en Pengeran nang wong Ibrani,
“Sedina muput Reang ngelungen tangane Reang nawak'en damang
kanggo wong-wong sing atos atine,
sing orak nurut nang Reang.” (Yesaya 65:2)